Ksatria Jurit

Wilujeng Rawuh wonten Blog Jiwa Jawi dening Oki Bagus S lan Ernis Rositarini

Kamis, 05 Desember 2013

CERITA WAYANG


BISMA GUGUR

 Garapan : Oki Bagus Setiawan

Ing sawijining dina para punggawa lagi teka  ing sidang pesangrahan bulupitu. Kabeh padha seneng amarga resi Seta, senapatine Pandhawa wis sedha. Ing sidang kono Duryudana bungah banget nganti. Ing sidange Kurawa kuwi para punggawa wis dijamu masakan sing enak enak kanggo ngrayakne kemenangan sedhane Resi Seta.

Remreng sorote kang Hyang arka kaeksi o
Pucaking aldoka murup .
Yen janmaha kadhi sung sasmitha
Dhasih ing salirring laku o
Lampahing dumadi , nilir gumanthi o.
Dhuka sukaning griya ,
Yekti gegadhangan o
Pangesahing diri , titahing Gusti o
Kangsarwa dumadhi o.

Duryudana        : hahaha, Kurawa menika bakalan menang, Eyang Bisma. Boten wonten prajurit ingkang saged nandingi kesaktianipun Eyang. Boten percuma perang telulas dina menika Eyang. (Karo ati seneng lan lagi mangan masakan sing lagi dihidangna)
Resi Bisma       : iya kudu menang terus anggene perang, sing penting strategi kuwi aja nganti salah anggone nglampahi. Kepriye yen awake dhewe nggawe strategi anyar maneh?
Duryudana        : hahahah lha wonten menapa kok ndamel strategi enggal eyang?
Resi Bisma       : Ya ora kaya ngono. Ngeneki yen Kurawa nggawe strategi sing wis tahu digawe bakalan dingerteni karo Pepundene Pandhawa.
Duryudana        : Inggih leres Eyang. Sekedap kula badhe ngundhang para prajurit Kurawa
Resi Bisma       : Ya tak enteni lakumu.

Ing sidang iki mau Kurawa nduwe karepan gawe formasi perang anyar. Rencana wis ditetapne awit sidang wis dipungkasi. Wengi iki Duryudana sakbare sidang turu angkler amarga wis wareg lan ngimpi apik, ngimpikne bojone.
Wengi saya wengi, suara manuk pating mendengkur.
Wis wayahe sinar srengenge metu, para punggawa lan prajurit saben kerajaan padha siaga karo prajurit sing handal. Cacahe sithik ora pengaruh amarga wis ana kekuatan dhewe dhewe. Ing Pandhawa, Prabu Prabu Kresna wis gawe strategi sing bakal bisa ngancurke pasukane Kurawa. Ing peperangan wingi musuh Resi Bhisma, ana sing urung diajak maju perang.
Perang mulai dilaksanakne maneh.

Resi Bisma                   : Heh kowe Pandawa bakal mati kabeh kowe musuh gaman ku (ngetokne panah)
Raden Arjuna               : ora bakal isa eyang arep nanding para Pandawa (Karo nglindungi barisan ngetokne panah)
Resi Bisma                   : nyoh ngger tandingana udan panah saka aku
Raden Arjuna               : (nandingi karo nembakne panah )
Ing kono perang wis dimulai para pandawa ngetokne gaman sing paling dianggep paling. pedhang padha ketemu pedhang lan sing nduwe gaman padha gelut kabeh.
Raden Werkudara        : nyoh kurawa tampanen iki Gadha ku kanggo nangani kelakuanmu (karo mlayu ning tengah tengahe barisane kurawa). Ora bakal tak wehi ampun kowe kabeh.
Raden Setyaki : Aku ora bakal meneng wae ngger, bakal tak ladeni kowe Kurawa (Ngetokne Keris Wesikuning)
Durmuka lan
Citrawarman : Maju mrenea Prabu sakti Raden Werkudara lawan aku
Raden Werkudara        : Aja kakean omong kowe entenana
Raden Setyaki : Mati kowe Jayawikatha karo gamanku
Jayawikatha                  : Ora bakal bisa koe prabu Raden Setyaki nandingi aku (nginggati keris)
Raden Setyaki : Iki terimanen ciaaaaaaaaaaaaaaa

Akeh sing wis padha kalah prajurite pandhawa, nanging Resi Bisma ugung kalah, Resi Bisma ngetokne gaman e, Ing kene Resi Bisma arep manah Raden Werkudara.

Resi Bisma                   : Kowe wani mateni prajurit Kurawa, bakal tak bales kowe cah bagus. (ngetokne panah)
Raden Werkudara        : Boten ajrih kula kalih panjenengan Resi Bisma
Resi Bisma                   : nyooh tampanen
Raden Werkudara        : aduuuh kena aku gamane, nanging aku ora krasa apa apa hahahahahahahah
Resi Bisma                   : Aduh kok ora mati kowe cah bagus??
Ing buri kuwi ana sang Prabu Kresna Raden Arjuna lan wara Wara Srikandi lagi rembugan bababgan ngalahne sang bisma. ora let suwe
Prabu Kresna               : Wara Srikandi (nyeluk)
Wara Srikandi : nuwun inggih
Prabu Kresna               : ya mung kowe kesatria ku sing arep tak ajokne perang
Raden Arjuna               : iya yayi, iki supaya ora akeh maneh korban sing kena amuke Eyang Bisma
Prabu Kresna               : bener kui ature Raden Arjuna
Wara Srikandi : nanging kula saged menapa?
Prabu Kresna               : wis ora usah wedi, koe wis pinter duwe ilmu panah
Wara Srikandi : inggih, nanging kula dereng pinter sanged
Raden Arjuna               : ora usah wedi aku ana ing mburimu yayi


Ing ceritane wis suwe yen Resi Bisma kuwi mau ora oleh seneng karo Dewi, Dewi sing dadi katresnane. Dewi Amba asmane sing tresna banget. Loro karone padha seneng banget. Nanging ing kono tresnane kalangan karo hukum ing donyane.
Dewi Amba sing mati ora bisa tenang yen ora Resi Bisma padha mati. Ing kesempatan iki Dewi amba bisa mapak tekane pati Sang Bisma. Dewi Amba melbu ing panah sing digawa perang Wara Wara Srikandi musuh Sang Bisma.

Umyung ramya swaraning kang samya kumpul
Sejuru juru atata tancarup
Deniran mamprenah o
Sangyaning pra wadya bala
Sawega gegamane laga

Raden Arjuna   : Iki yayi Wara Srikandi koe kudu bisa ngalahne sang Bisma. Iki wis tak sangoni gaman sing paling ampuh kanggo mapak patine sang Bisma.
Wara Srikandi : Inggih kakang Raden Arjuna. Mugi kula saged mateni Resi Bisma.
Raden Arjuna : Aku percaya karo sampeyan. Kowe salah sijine prajurit panah sing pinter ing peperangan.
Wara Srikandi : Inggih boten kakang, kula dereng pinter ing peperangan, nanging yen menika utusane Prabu Prabu Kresna mugi kula saguh nglampahi.
Raden Arjuna   : kudu bisa yayi, aku bakal ndukung kowe, ayo gage tak terna menyang medan perang yayi.
Wara Srikandi : inggih mangga kakang Prabu

Sabanjure pacelathonan mau langsung Raden Arjuna ngeterake Wara Wara Srikandi ing medan perang. Raden Arjuna nggandeng wara Wara Srikandi munggah ing Kreta Perang bareng Prabu Prabu Kresna. Ora lali gamane gandhewa sing dicekeli ing tangan kiwane Wara Wara Srikandi. Mlayu banter Kreta Sing ditunggangi karo Prajurit Prajurit tangguh sing arep mateni Sang Bisma.

Prabu Kresna : Awas Eyang Bisma bakal tak papak patimu ben panjenengan bisa ketemu sing kok tresnani.
Wara Srikandi : Prabu, kula boten pinter manah, kula ajrih menawi mangke tambah bleset boten saged mejahi Eyang Bisma.
Prabu Kresna : Kowe kudu yakin iki demi prajurite pandawa
Raden Arjuna : Yayi Wara Srikandi, aku bakal ning mburimu.
Ing seberang kono sang Resi Bisma wis siap karo serangane Prabu Prabu Kresna lan prajurit panahe kanggo mateni Resi Bisma.
Duryudana : Eyang, pripun menika, eyang saguh napa boten ngadepi wara Wara Srikandi piyambakan?
Resi Bisma       : Ora sah wedi, aku bakal bisa ngatasi dewe. nanging yen aku bakal kena panah lan mati ning peperangan aku nduwe pesen kanggo para prajurit. Wis aku tak maju ing perang.

Resi Bisma wis ngenteni tekane Wara Srikandi, saya cedak saya cedak bisma nyawang raupane Wara Srikandi katon kaya Dewi Amba sing di tresnani. Arwahe Dewi Amba membo membo ning awake Wara Srikandi kanggo ngewangi Wara Srikandi perang.

Lenglenging driya mangung mangungkung,
mangungkung kandruhan riman,
lelena tanpa kamin o.

Wara Srikandi : Mangga prabu kula nyuwun restu kagem narik panah gandewa mejahi eyang Bisma
Prabu Kresna   : Iyaa prajurit panahku tak restuni kowe.
Wara Srikandi : nuwun inggih gusti
Wis siap dening panah sing gawe mapak tekane patine Eyang Bisma
Wara Srikandi : Nyoh tampanen eyang panahku sing mapak patimu
Resi Bisma       : iya mangga tak tampa

Titis bidikane panah Wara Srikandi nancep ana ing dadane eyang bisma . lan tiba awake resi bisma ing padang kurusetra. Langsung mandek peperangan mau amarga Resi Bisma wis keno dadane sing dipanah dening Wara Srikandi . Ora let suwene Duryudana lan Puntadewa mlayu nyedak ing cedake Eyang Bisma.


Kembeng kembeng , kumembeng wasra dres mijil
Putra kang sun tresna , hywa tinilar wakmami
Mara age hanuraga

Duryudana        : eyang eyang Bisma , eyaang
Puntadewa       : ampun seda riyin Eyang , pandawa dereng kalah eyang
Duryudana        : heh mandek leh e perang prabu , eyang Bisma wis ora kuat maneh
Resi Bisma       : wis wis anggone aku melu karo Kurawa ing perang iki . aku wis ora kuat. Lalekna kabeh musuhan karo Pandawa . kowe kabeh wis apik akeh bakti marang aku ngger . Yen tekatmu kuat kowe bakal nerusake perang iki supaya ngerti sing paling bener ing perang iki
Puntadewa       : inggih eyang
Resi Bisma       : Selehna ragaku ngger Duryudana . supaya aku penak anggenku mabur marang sang pencipta urip iki
Duryudana        : Eyang menika kula aturaken segelas anggur merah kagem eyang
Resi Bisma       : ora usah , aku ora kepingin sing mbok gawa
Puntadewa       : nggihpun kakang mboten usah kangelan yen eyang boten purun
Raden Arjuna   : (karo nyelupne panah ing banyu kuda perang)
Prabu Kresna   : menika eyang kula badhe atur marang eyang wonten tuya kagem eyang
Raden Arjuna   : menika eyang
Resi Bisma       : (ngombe karo mesem sedurung jiwane mabur )

Sakwise ngombe banyu saka Raden Arjuna , Resi Bisma langsung meneng lan seda . Gandengan tangane karo wanita sing ditresnani yaiku Dewi Amba lan Raden Dewabrata (Resi Bisma) sing saiki bisa nyatu nanging ora ing ndonya


TANCEP KAYON

ESAI : Sapa sing salah sapa sing bener?


Sapa sing salah sapa sing bener?
BBM ?? ya iki sing lagi kerep krungu ing akhir-akhir wulan iki ing Indonesia. Gencar-gencare pemerintah ngunggahne regane BBM, gara-gara kuwi mau akeh gawe kisruhe masyarakat. Ya ora mung kena pro tok, ananging ya kakeh banget nyebabake kontra. Kedadeyan iki nyebabake masyarakat langsung medhun ing dalan nolak kebijakane pemerintah. Ora mung masyarakat biyasa, nanging ya akeh kalangan mahasiswa sing melu nentanng kebijakan pemerintah iki mau. Mahasiswa langsung padha demo karo rombongane ing pinggir dalanan kota-kota. Ngethokake unek-uneke banjur ngebongi ban.
Kedadeyan iki akeh nyebabake kontra kanggo masyarakat cilik mau ing Indonesia. Terus terang yen wong gedhe ora masalah bagine dheweke yen ngethokake dhuwit akeh gawe tuku BBM sing regane ora Rp. 5000 maneh. Nanging sing ngrasake langsung dampake kuwi mau ya wong cilik, masyarakat sing golongan mengisor. Ora ana artine maneh yen rakyat cilik mau tetep nganakake demo utawa bentrok. tetep wae sampe saiki BBM wis sida mundhak regane.
Dampak sing krasa tenan ing sandang pangan. Regane sembako saiki wis mundhak dhuwur. Rega daging ya wis mundhak. banjur biaya numpak kendaraan umum ya mundhak. Iya ngeneki sing nggarai pemerintah ngundhakne rega sing bisa agawe liyane ya melu-melu mundhak. Angkutan umum wae wis mundhak 25% yen tak sawang-sawang. Ya emang yen BBM mundhak psikologis rakyat bakal kaget banget. Kebutuhan bakal mundhak sing wis kaya kahanan ing dhuwur kuwi mau. Bakal kebutuhan sekundere barang. Nanging yen BBM mundhak, panghasilane rakyat ya ora ana mndhake. Apa maneh bariki bakal poso lan riyaya.
BBM saiki lagi dadi gunemane masyarakat Indonesia. Ora di unggahne regane APBN jebol lan subsidi sansaya mbebani dhuwite negara. Mundhak , rakyat cilik cilaka. Memang dudu kebijakan sing terlalu apik kanggo ngunggahne regane BBM subsidi. Nanging kepastian lan ketegasane pemerintah kudu dipertanyakno. Tanpa, rong hal iki BBM sansaya nggawe rakyat miskin
Pemerintah saiki lagi gawe cara supaya rakyate ora ana sing rugi amarga mundhake rega BBM. Saiki lagi nganakake bantuan gawe masyarakat sing ora dhuwe.  Pemerintah ngerancang 4 cara paket kompensasi. Kayata BLSM sing arep dibagi ing 63-65 juta rakyat ing Indonesia. Bantuan langsung iki diwenehake rakyat ing awalan wulan 4-5 wulan sakwise regane BBM mundhak. Pemerintah wis narget yen kanggo cara iki bisa ngenthasake angka wong-wong sing dianggep rakyat cilik. Dhuwit arep diwenehake gedhene Rp. 150.000 per wulane sing dibagi ana 15,5 juta rumah tangga (RTS). Muga-muga usaha sing dianakake pemerintah lancar lan dianakake kanthi becik tanpa ana korupsi ing kalangan jero. Sahingga bisa menehi manfaat sing becik amaga munggahe rega BBM kanggo masyarakat Indonesia. Saiki masyarakat lagi nyesuakake awake ing kondisi sing angel ngeneki. Proses nyesuakake diri kuwi mau kemampuane sing di dhuweni rakyate Indonesia. Kudune pemerintah ya kudu bangga karo masyarakat. Kanthi saiki apa wae sing wis kedadeyan bakal diterima dening masyarakate.
Sakjane kuwi ana wae dampak sing apik yen BBM mundhak. Kirane yen didelok saka sisi positife munggahe rega BBM ya apik wae. Gawe masyarakat mikir kaping pindho yen BBM munggah supaya ora tuka-tuku montor utawa kendaraan dhewe. Nanging bisa manfaatne angkutan umum wae. Lan saliyane kuwi di delok saka sisi liyane, kesehatan utamane, yen mlaku kuwi luwih apik. Bisa gawe olahraga, nurunke bobote awak, olahraga jantung lan paru-paru lsp. Banjur, yen masyarakat sing gawe kendaraan bisa kurang, lingkungan sithik-sithik kurang saka polusi, ukara liyane sing gawe kendaraan sithik dadi tambah seger hawane wis ora tercemar polusi udara maneh.
Bisaa masyarakat negara mangerteni sing dikarepake pemerintah, amarga apa wae sing diputusake dening pemerintah nduweni alesan sing gawe luwih apik negara iki.

Geguritan


Balon Tamanlawang
 
Mancure banyu saben wengi
Dudu banyu saka langit biru
Banyu kringet bocah pinggiran
Nadyan kuwi salah
Nanging tetep dilakoni
Banyu kringet wanita Tamanlawang
Tanpa busana ageman benang
Saben wengi metu karo lanang
Kanggo golek sandang pangan

Cerkak Aku bocah BrokenHome


Aku bocah BrokenHome

Umurku saiki wis limalas taun, yen diumpamakake kaya kembang sing arep mekar. Umur wong sing isih goleki jatining diri lan gampang kegawa karo kahanan. Ing umurku iki aku kudu nerima kahanan sing pait sing semestine aku ora ngerasakake. Kahanan hubungan Bapa Biyungku wis pecah. Aku ngerti sing semestine kedadeyan lan ora diceritakake marang awakku. Aku anak tunggal sing ora nduwe sedulur. Yen aku cerita marang kancaku, padha bae kuwi buka aib keluwargaku. Makane aku meneng lan mendem dhewean nganti aku nangis misek misek

“Oh Gusti, apa aku kudu cerita marang kancaku ? aku butuh nasihat, awakku gung siap nerima dhewean, aku ora nduwe sapa sapa”

Aku saya suwe saya kesisa batinku. Banjur aku lunga njumuk banyu wudhu, aku kelingan yen aku esih nduwe Gustiku sing ora kesel ngrungokna rintihanku supaya aku kuat ngadepi iki dhewean. Aku percaya yen Gusti ora bakal mbocorake marang sapa-sapa.

Sejak kedadeyan iki, aku jarang metu saka omah, aku saiki ngentekne wektuku ana ing kamar, bedha karo jaman sedurung ana kabar kaya mangkene. aku sering dolan kluyuran. Aku wis mikir yen aku bakal dadi bocah sing broken home. Awakku mulai mikir dewasa supaya aku ora kegawa arus ana ing pergaulan sing macem – macem, amarga akeh sing wis kabukten yen bocah sing nasibe kaya aku bakal dadi rusak. Mabuk mabukan. nanging aku kudu bisa jaga awakku. Mung Gustiku panggonan sing bisa nentremake ati.

“Gusti aku percaya, aku janji bakal ana ing dalanmu, aku yakin dalanmu bakal ana akhir sing nyenengake”

Wektu terus mlaku, lan masalah saya suwe saya wis ora kepikir. Aku ngarep supaya ora muncul perkara kuwi maneh.  Aku ora bakal cerita marang kancaku apa sing dadi aib keluwargaku. Saiki umurku wis mateng. Njangkah 18 taun.
Ing sasi Desember, lan aku arep ngadepi ujian. Ya Gusti, kedadeyan ana perkara liya ing keluwargaku. Kedadeyan sing diawali wektu Bapa lunga menyang daleme mbah putri. Ing wayah grimis mudhun tengah wengi. Bapa teka nesu – nesu lan mara ning kamarku. Wektu kuwi aku lagi turu dikeloni karo Biyungku

“wong loro iki nengdi kabeh, ditelfon ora diangkat-angkat” karo rai sing abang ireng lan nesu ning aku lan Biyungku
 “Biyung kala wau sare Bapa, hape Biyung dipunpejahi amaragi wedi yen nggangi” ujare Biyung marang Bapa

Aku mung meneng bae, aku ora jawab saukara, aku wedi karo praupane Bapa sing ngedeni banget yen lagi nesu. Aku ya salah, amarga aku ganti nomer hape lan ora ngandani Bapa
 “kowe iki bojo sing ora ana gunane! Kowe mending lunga saka omah, melu karo gendakanmu” omongane Bapa nyang Biyung sing karo nesu nesu
 “panjenengan menika menapa to mas? Sampun sepuh mbok nggih dikontrol emosine, nembe rawuh mbok nggih salam, malah nesu-nesu mboten jelas” saurane Biyung
 “ngerti ora ban motorku bocor lan kudanan, nanging apa ? kowe kabeh ditelefon ora bisa kabeh, ora ngerti kahanane aku sing kudanan, yen aku lara kepriye ?” Bapa tambah nesu lan emosinan
 “jarak saka kene ana ing panggonanmu bocor kan cedak, gerimis mbok ya njaluk tulung marang tanggane, kudune panjenengan ngendika apik apik, boten malah ngusir kula amargi perkara sepele” saurane biyung sing tambah jengkel karo Bapa.

            Tambah saya suwe omah dadi kaya neraka, hawane wis ora kaya biasane, isine emosi Bapa lan Ibuku.

Aku nangis ngerti kaya mangkene. aku keweden banget. Keweden yen aku bakal dadi bocah sing broken home.
 “aku bisa apa ? “ takonku ana ing atiku aku mung bisa ngetokake eluh sing terus netes ana ing pipi

Banjur Bapa metu saka omah lan mbanting hapene. Panjenengane ora peduli hapene bakal rusak utawa kepriye
 “panjenengan ngusir aku sami mawon ngusir kula kalian anakku, amrgi dheweke bakal melu kula lunga saking omah niki. Omah menika nggih kagem arta kula, ampun kesupen lan diemut emut”
 “Bapa.... Biyung.....” tambah kenceng tangisanku, aku mung bisa nangis tanpa bisa melu njawab emosine bapaku
 “kowe sayang karo Biyungmu nduk ? kowe bakal dadi bocah sing melu Biyung yen Biyung lunga saka kene” Biyung nakoni aku karo ngerangkul pundhakku
 “Ampun kesah saking mriki Biyung, kula boten purun” aku nyauri karo ngerangkul ana ing awake Biyungku
 “ora, awake dhewe ora bakal lunga saka kene, iki omah uwis tak bangun kanggo awakmu nduk “ saute Biyungku

……kahanan wis rada ora tegang maneh, Bapa wis lunga saka kamarku, aku nganti ora sempet mangan, aku wedi banget yen bapa karo biyung bakal nesu-nesu maneh

Saka kedadeyan iki, Bapa tahu ngusir Biyungku, saiki keluwargaku wis ora ayem. Wis ora tau solat bareng, ora tau dolan blanja bebrengan maneh. Aku ngerti watake Biyungku. yen wis kuciwa marang wong, bakal ora bisa ngelalekake kedadeyan iki. Nadyan Bapa wis usaha njaluk ngapura marang Biyung. Nanging Biyung tetep ora bisa nerima

Aku lagi meneng ning kamar. Biyung teka marani aku ing kamar
“nduk yen Bapa Biyungmu pegatan kaya pie ?”
“ana apa Biyung ngendika kados mekaten ?
“Bapa lan Biyung wis ora ana cocoke blas, yen diterusake bakal dadi neraka omah iki nduk”
“biyung, menapa kok ngantos pegatan ? panjengan sampun mikir menawi mangke kula nggadahi sisihan lan taken kaliyan kula babagan bapa, kula kedah pripun bu ? kula menapa kedah kendel ? kula lingsem bu, lengsem kalian pria ingkang badhe nyedakki kula, dereng malih kula kagungan kanca, sakmenika radi kathah ingkang ngadohi kula, amargi sifat kula ampun benten”

Biyung wis bingung, lan Bapa mung meneng ngerti omonganku karo Biyung
Bapa wis kepingin nangis ngerti omonganku.

Aku kudu katon kuat ing ngarep sapa bae. Wong liya ora ngerti apa sing kedadeyan iki. Sedulurku sedulure Bapa Biyung ya padha ora ngerti apa kedadeyan perkara sing lagi tak alami ana ing keluwarga. Aku bisa mendem apa perkarane ing keluwargaku. Aku dudu bocah labil sing mesti ngumbar perkara ana ing facebook utawa twitter. Aku ngerasa wong liya ora perlu ngerti perkara sing bisa gawe bubrah awakku iki. Supaya aku ora terusan dadi nangisan, aku ngelakoni wektu kanggo sinau sing gawe ujianku mengarep supaya aku dadi sukses lan bisa ngerawat wong tuwaku yen wis tuwa mengko.

 “iki dudu salahku, dudu salah Biyungku, dudu salah Biyungku, iki takdire Gusti sing diwenehake marang keluwargaku. Tapi aku kudu tetep dadi awakku sing tugasku iku sinau sing bisa nggayuh masaku nadyan aku wis nduwe sebutan bocah broken home, lan aku nduwe pangarep yen aku nduwe kanca tapi ora ngucilna aku amarga latarbelakange keluwargaku

Sakwise badha wingi, Bapa lan Biyung resmi pegatan. Bapa mbaleni omongane sing pernah kaucap, yaiku ngusir Biyungku. Langsung Biyungku lunga nggawa barange dititipake marang mbahputri. Nganti mbesuk Biyungku saguh tuku omah anyar. Tapi Bapa nduweni rasa nyesel wis nundung minggat aku lan Biyungku. Ora kuwawa wis kedadeyan. kahanan ora bisa dibaleni maneh. Saiki Bapa wis kelangan bagian uripe

Saiki aku wis ngerti artine dewasa kaya apa. Ora perlu ngenteni tua kanggo dadi dewasa. Setaun mengarep Biyung wis bisa tuku omah anyar kanggo aku lan Biyungku. Aku nduwe pengarep yen iki panggonan sing saklawase aku seneng bareng keluwargaku. Aku ora kepingin kedadeyan perkara maneh sing wis tahu tak rasakake saiki uripku wis anyar lan tentrem melu Biyungku tanpa ana Bapaku sing wis di pegat sakwise badha wingi.