Ksatria Jurit
Kamis, 12 September 2013
Reog Pomorogo Jawa Timur
Sumber : https://www.facebook.com/rama.permana.7 Salah satu project pemotretan saudara pas lagi ada perlombaan Festival Reog di Ponorogo
Upacara Adat Jawa
Mitoni iku asalé saka
tembung pitu. Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng
7 sasi. Ancasé kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sipaté
tolak bala. Ing dhaérah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban.
Makna Jabang bayi umur
7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene wong Jawa,
wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna
ing sasi kaping 7. Reroncen acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh
tinimbang upacara ngupati. Urut-urutane yaiku siraman, nglebokake endhog pitik
kampung ning njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan
(nglebokake klapa gadhing enom), medhot lawe utawa lilitan benang (janur),
mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasane yaiku kendhuren. Acara
siraman mung dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa
mitoni iku kudu dianakake ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan
nganti mbengi utawa dina Jemuah awan nganti mbengi.
Rangkeyan Acara
Rantaman adicara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara
ngupati, urut-urutan yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ing njero
kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan nglebokake cengkir
klapa gadhing, medhot lawe utawa lilitan benang janur, mecahake wajan lan
gayung, nyolong endhog lan pungkasan kendhuri kendhuren.
Acara siraman namung
dianakake kanggo mitoni anak mbarep.
Wektu Miturut adat Jawa
mitoni iku kudu diadani ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti
mbengi utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi, saderengipun wulan
'purnamasidhi'.
Brokohan utawa
barokahan iku salahsijining upacara adat Jawa kanggo nyambut kelairan bayi.
Upacara adat iki nduwe makna ungkapan syukur lan sukacita amarga proses klairan
iku slamet.
Brokohan iku asal
tembunge saka basa Arab yaiku "barokah" sing maknane ngarepake
berkah. Tangga teparo ya iku mliginé para ibu ing saubengé diaturi rawuh malah
kerep tanpa diaturi rawuh padha nyambangi kulawarga sing lairan saperlu
ngucapaké rasa mèlu bungah, biyasané kanthi nggawa bingkisan arupa wedhak,
sabun, kopi, gula lan sapanunggalané. Sing tumindak minangka pangarsa adicara
Brokohan iki ya iku Dhukun Bayi. Sesajèn upacara sing dibutuhaké ya iku:
Tumrap golongan
bangsawan: dhawet, endhog mentah, jangan menir, sega ambeng, sega karo lawuh,
jeroan kebo, pecel karo lawuh ayam, kembang setaman, klapa lan beras.
golongan rakyat biyasa:
sega ambengan sing dumadi saka sega jangan, lawuh pèyèk, sambel gorèng, témpé,
mihun, jangan menir lan pecel ayam.
Upacara nyenyuwun
supaya bayi dadi bocah sing apik sing diwiwiti kanthi mendhem ari-ari lan
nyadiakaké sesajèn brokohan sing didum marang para tangga.Tedhak sitèn utawa
tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 wulan utawa 6
lapan. Upacara iki ing dhaérah liya ing Nuswantara uga ana, contoné sing
diarani upacarainjak tanah ing dhaérah Jakarta déning suku Betawi utawa uga ana
sing ngarani "mudhun lemah" lan "udhun-udhunan"Upacara
Tedhak sitèn dianakaké amarga ana kapitayan masyarakat Jawa yèn lemah kuwi
nduwéni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala. Kanggo ngindari kadadéyan sing ora
becik, mula dianakaké upacara ngenalaké putra-putriné marang Bathara Kala
minangka sing njaga lemah. Anggone nglakoni upacara iki, luwih becik miturut
weton.Tedhak sitèn iku asalé saka tembung tedhak, idhak utawa mudhun lan sitèn
(saka tembung siti) utawa lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang bocah
sing siap-siap njalani urip liwat tuntunan wong tuwa lan diselenggarakaké yèn
umur bocah wis 7 selapan utawa 245 dina (7 x 35 = 245).Ubarampé kanggo upacara
tedhak sitèn akèh, kayata:
Pengaron
sing diisi kembang setaman.
Kurungan
, kanggo nggambaraké
yén donyané anak isih sithik utawa ciut.
Werna-werna barang sing
diséléhaké sajroning kurungan kang nggambaraké suwèné urip, manungsa duwé
kawajiban nggolèk "nafkah", kayata: Pari sabengket Kapuk sabengket Piranti nulis Bokor
kang diisi beras kuningWerna-werna jinis dhuwit "Perhiasan"
Klasa
sing isih anyar, kanggo lémèk ning jeroning
kurungan.
Bakaran pitik, kang
nggambaraké pedoman uripé anak.
Tangga tebu
"rejuna", yaiku tebu sing wernané ungu kang nggambaraké
undhak-undhakané urip sing arep dilakoni anak.
Jadah
pitung werna, yaiku abang, putih, ireng,
kuning, biru, ungu lan jambon. Tegesé kanggo ngemutaké anak yén urip kudu
waspada saka godaan werna-werna.
Bancakan, kayata sega
gudhangan sing dibagékake marang para tamu sing teka.
Bersih desa iku
salahsijining upacara adat Jawa sing diselenggara'ake bubar panen pari dadi
maksude kanggo ngucapake syukur tandhuran pari brasil dipanen lan kasile
apik.Upacara adat iki kadhang uga diarani upacara mreti desa lan biasa digabung
karo upacara adat sedekah bumi utawa mreti bumi.Masing-masing dhaerah nduwe
tata cara lan prosesi upacara sing seje-seje miturut kabiasaan masing-masing
ning tujuane padha wae. tujuane
Kanggo ngucapake syukur
marang Tuhan sing wis aweh anugrah kasil panen pari sing melimpah
Kanggo njaga keslametan
para warga desa saka gangguan hal-hal sing gaib, roh utawa arwah sing gentayangan
uga saka gangguan-gangguan penyakit, keamanan lan bencana.
Kanggo ngresi'ake desa
lan wargane saka alangan utawa kesusahan supaya kaadaan desa dadi tentrem lan
aman.
Sumber :
http://jv.wikipedia.org/wiki/
Sabtu, 07 September 2013
Ramayana Jawa
Ramayana ing basa basa
Sansekreta: Ramayana utawa lelakuné sang Rama, iku salah siji wiracarita saka
tanah IndiaMahabharata. Wiracarita Ramayana nyaritakaké Dèwi Sinta, garwa Sri
Rama kang kadusta déning Rahwana. Kitab iki dianggep buku fiksi paling tuwa sadonya
yèn kitab Weda ora mlebu petungan. Kitab kuwi ditulis déning Walmiki, kira-kira
ing taun 300 sadurungé Masehi. Crita Ramayana banjur nyebar lan akèh banget
variasiné kang ana ing India dhéwé lan ing negara liyane. Ing tlatah Jawa,
naskah Ramayana paling tuwa tinemu iku Kakawin Ramayana (awujud Tembang Gedhé).
Kakawin iku ditulis nganggo basa Jawa Kuna ing Jawa Tengah, kurang luwihé taun
870 (abad kaping 9 M, pungkasan). Kakawin iku diarani adikakawin marga kaanggep
kang kapisan, dawa dhéwé, lan basane apik ing jaman Hindhu-Jawi. Ing sastra
Jawi Anyar, kakawin Ramayana digubah manèh déning Yasadipura dadi Serat Rama
Kawi. Crita iki kasebar lan mlebu dadi lakon wayang kanthi owah-owahan ing
sawetara panggonan. Crita Ramayana uga katatah ing Candhi Prambanan. Ing candhi
iki, uga kagelar sendratari Ramayana (Ramayana Ballet) ing platarané. Saliyané
kuwi, ing tanah Melayu, crita iki dadi kitab Hikayat Sri Rama, ing
ThailandRamakien. Sawetara ahli uga nemokaké yèn Ramayana sumebar uga ing suku
Indian, Amérika. Ana uga kang ditemokaké ing Siberia. Sing paling béda yaiku
ing Sri Lanka. Ing tlatah iki Rahwana (Ravana) dadi wong kang becik lan Rama
dadi wong kang ngrusak Lanka (Alengka = Sri Lanka). Ravana iku kecathet salah
sijiné raja kang naté nyekel kuwasa ing tlatah Sri Lanka. Kejaba vèrsi Sri
Lanka, umumé Ramayana nyritakaké lelakoné Sri Rama kang ngrebut manèh Sita
(Sinta). Rahwana nyulik Sita supaya gelem dadi bojoné. Rama banjur ditulungi
déning para wanara (Anoman, Sugriwa, lsp.)
lan kasil ngrebut Sita. Ing India versi basa Sansekerta, Ramayana
kapérang dadi pitungkitabSaptakanda, yaiku: Balakanda, Ayodhyakanda,
Aranyakanda,Kiskindhakanda, Sundarakanda, Yuddhakanda, lan Uttarakanda.
Mangkéné ringkesané: kang misuwur banget saliyane dadi utawa
Nama Kitab
Katrangan
Balakanda
Kitab Balakanda iku
pinangka awal saka lakon Ramayana. Kitab Balakanda nyritakaké
PrabuDasarataKosalya, Kekayi, lan Sumitra. Prabu Dasarata peputra papat, yaiku:
Rama, Bharata, Lakshmana lanSatrughna. Kitab Balakanda uga nyritakaké Sang Rama
kang kasil menangaké sayembara lan nggarwa Sita, puteri Prabu Janaka. kang duwé
garwa 3, yaiku:
Ayodhyakanda
Kitab Ayodhyakanda
nyritakaké lelakoné Rama kang dibuwang ing alas bebarengan lawan Dewi Sita
lanLakshmana marga panjalukké Dewi Kekayi. Sawisé iku, Prabu Dasarata kang wis
sepuh banjur seda. Bharata ora gelem dijumenengaké dadi Raja, dhèwèké banjur
nyusul Rama. Rama nampik yèn kasuwun bali menyang Ayodya. Bharata jumeneng nata
pinangka sulih Sang Rama.
Aranyakanda
Kitab Aranyakanda
nyritakaké lelakoné Rama, Sita, danLakshmana ing alas. Rama asring mbiyantu
para pertapa kang diganggu déning para raseksa. Kitab Aranyakakanda uga
nyritakaké kisah Sita diculik Rawana(Rahwana) lan peperangan antaraning Jatayu
lawan Rawana.
Kiskindhakanda
Kitab Kiskindhakanda
nyaritakaké Sang Rama kang ketemu Raja wanara, Sugriwa. Sang Rama mbiyantu
Sugriwa ngrebut kraton lan garwané saka Subali, kangmasé. Ing perang iku,
Subali tiwas. Sugriwa dadi Raja ing
Kiskindha. Sang Rama lan Sugriwa nyawiji kanggo nglawan Krajan Alengka.
Sundarakanda
Kitab Sundarakanda
nyritakaké prajurit Kiskindha kang mbangun kreteg Situbanda kanggo dalan tumuju
ingAlengka. Hanuman (Anoman) kang dadi dhuta SangRama budhal menyang Alengka
lan ngadhep Dewi Sita. Ing kana, Anoman ditangkep lan bisa lolos satemah bisa
ngobong kutha Alengka.
Yuddhakanda
Kitab Yuddhakanda
nyritakaké perang antaraning prajurit kethèk Sang Rama klawan
prajuritraseksaRawana. Crita diwiwiti saka prajurit Sang Rama kang kasil
nyebrang samudra tekan ing Alengka. Sawetara iku, Wibisana ditundhung Rawana
marga kakèhan ngandhani Rahwana. Ing peperangan iku, Rawana gugur kena panah
sekti Sang Rama. Sang Rama banjur bali ing Ayodhya bareng Dewi Sita. Sang
Uttarakanda
Kitab Uttarakanda
nyritakaké lelakoné Dewi Sita kang diukum buwang marga Sang Rama krungu
pandakwané rakyat kang cubriya marang kesuciané Dewi Sita. Dewi Sita banjur
manggon ing pertapan Rsi Walmiki lan nglairaké Kusa lan Lawa. Kusa lan Lawa
banjur teka sowan ing istana Sang Rama nalika upacara Aswamedha. Ing wektu kuwi
banjur padha nembangaké Ramayana kang digubah déning Rsi Walmiki.
Ringkesaning Crita
Ramayana
Mangkéné isining crita
Ramayana kang katulis kanthi ringkes:
Prabu Dasarata, ratu
Ayodya duwe garwa prameswari aran Dewi Kosalya (Sukasalya) lan garwa selir aran
Dewi Kekayi uga Dewi Sumitra. Saka Dewi Kosalya peputra Sri Rama, saka Dewi
Kaikeyi (Kekayi) peputra Bharata, lan saka Dewi Sumitra peputra kembar aranLakshmana
(Lesmana) lan Satrughna. Sawijining dina, ana resi kang jejuluk RsiWiswamitra
njaluk tulung marang Sri Paduka Dasarata supaya mbébasake pertapane saka para
raseksa. Rama lan Lakshmana banjur budhal. Ing pertapan iku, Rama lan Laksmana
kasil mateni kabeh raseksa. Sawise kasil merjaya mungsuhe, kekarone banjur
tumuju negara Mithila (Manthili) saperlu melu sayembara menthang gandéwa. Sok
sapa kang menang bakal dadi sisihane putri raja Janaka, ya Dèwi Sinta. Kabeh
pasarta wus siaga lan siji mbaka siji nuduhake kadigdayane menthang langkap
gandéwa. Ora ana kang kasil menthangake gandéwa mau kajaba amung Sri Rama. Sawise Rama kadhaupake, Sinta banjur kaboyong
bali menyang Ayodya didherekake Laksmana.
Ing Ayodya, Rama bakal
diangkat dadi ratu pinangka pembarep gantining Dasarata. Ananging Kekayi, garwa
selir prabu Dasarata nagih janji. Nalika sadurunge dipundhut garwa, Kekayi duwe
panyuwunan yen peputra lanang mengkone bakal jumeneng nata Ayodya. Kanthi abot,
Dasarata ngabulake panyuwune Kekayi awit biyèn pancèn naté janji mangkono. Saka
pokal culikane Kekayi, Rama wurung dadi ratu, malah kudu nglakoni ukuman
(dibuwang) ing alas Dhandhaka 13 taun suwéné. Rama, Sinta, lan Laksmana banjur
ngumbara nilar kedhaton. Marga nggrantes, ora suwe prabu Dasarata banjur séda.
Barata rumangsa ora pantes dadi ratu. Dheweke banjur nggoleki Sri Rama, nyuwun
supaya Rama kersa kondur lan jumeneng nata Ayodya. Ananging Rama nampik amarga
jejering satriya ora bakal cidra ing janji sumadya nampa ukum. Barata didhawuhi
Rama supaya jumeneng nata sawetara, minangka sulihe Raden Rama. Rama
banjur medhar piwulang Asthabrata (astha
= wolu, brata = laku) pinangka garan jejering ratu kudu ngugemi lakuning/watak
utama kang cacahe ana wolu. Rama uga paring simbolis awujud trompah (basa Sansekreta:
p?duka) marang Barata pinangka tandha bukti yen dhèwèké iku mung saderma wakil.
Barata banjur jumeneng nata kanthi nganggo tlumpahe Raden Rama.
Ing alas Dhandhaka, ana
raseksi aran Surpanakha (Sarpakenaka) kasengsem marang Laksmana. Kanggo ngrayu
Lakshmana, Surpanakha banjur mémba dadi wanodya ayu. Ananging Lakshmana ora
mempan kagodha, malah irunge Surpanakha kairis. Surpanakha nepsu banjur pradul
marang kangmasé (sang Rahwana/Dasamuka) lan mbujuk supaya nyulik garwané Rama
kang ayu rupa. Dhasar Rahwana karem marang wanodya ayu, mula sang Rawana banjur
ndhawuhi raseksa Kala Marica supaya nyulik Sinta. Marica banjur mémba dadi
kidang emas kang éndah. Sinta kasengsem banjur nyuwun supaya mbebedhag kidang
emas iku. Rama budhal dhewe ninggal Sinta lan Laksmana. Si kidang emas gesit
banget, ora bisa kacekel. Wusanané, Sri Rama anyel banjur nglepasaké panah. Si
kidang emas njerit kelaran lan mati, owah malih raseksa. Krungu panjeriting
wong kang kelaran, Sinta banjur ngutus Lakshmana supaya nggoleki Rama. Laksmana
ora gelem budhal amarga kajibah njaga Sinta. Sawisé ditudhuh yen Lakshmana arep
ngarah dhèwèké, Lakshmana banjur budhal nggolèki Rama lan ngrajah Sinta supaya
adoh saka godha rencana. Sawisé Sinta dhèwèkan, Rahwana banjur teka. Kanthi
mémba dadi resi kang njejaluk jampi, Rahwana kasil nyulik Sinta.
Jeriting Sinta keprungu
déning peksi sang Jatayu kang naté dadi réncange prabu Dasarata. Kanthi niat
becik, Jatayu nulungi Sinta. Amarga Rahwana luwih sekti, Jatayu kalah. Jatayu
kang sekarat isih bisa atur warta marang Rama lan Laksmana, yen Sinta kagawa
menyang Alengka, kedhatoné sang Rahwana. Rama lan Laksmana banjur nglari ilangé
Dèwi Sinta. dhumateng ing kedhatonipun Rahwana. Ing sajroning alas, Rama
kapanggih ratu Kiskindha awujud wanara, ya Sugriwa kang sambat njaluk
pitulungan marga rumangsa bojoné (Dèwi Tara) direbut déning seduluré (Subali).
Rama saguh mbiyantu, jer mengko uga gelem sabiyantu perang lawan Rahwana. Embuh
kang bener kang endi, nanging jejering satriya, Rama ora kena cidra ing janji.
Rama kasil merjaya Subali. Sugriwa banjur sumadya nulungi sang Rama kanthi
prajurit wanara lan pitulungané patih Anoman (Hanuman). Anoman kautus Rama
pinangka dhutané Sri Rama budhal menyang Alengka ngaturaké warta lan kalpika
marang Sinta.
Ing kaputrèn Alengka,
Sinta dilipur déning Trijatha. Kanthi meneng-meneng, Anoman kasil mlebu ing
Alengka lan kapanggih Dèwi Sinta. Dumadakan konangan Indrajit (putrané ahwana).
Anoman kecekel Rahwana, banjur diobong. Dhasar wanara sekti, Anoman banjur
ngobrak-abrik lan ngobong Alengka. Anoman bali lan ngaturaké warta marang Rama.
Kanthi prajurit lan kasektèné, Rama kasil nambak samudra (bendungan Situbanda)
kanggo dalan ngrubuhaké Alengka. Ing wektu iku, seduluré Rahwana aran
Kumbakarna lan Gunawan Wibisana kadhawuhan mbiyantu mbéla Rahwana. Kumbakarna
ora sarujuk marang Rahwana. Marga wanita, Rahwana ngorbanaké negara memungsuhan
lawan Rama. Kumbakarna trima lunga tapa, déné Wibisana lunga saka Alengka
gabung melu Rama. Perang gedhé dumadi, prajurit raseksa lawan wanara. Indrajit
pinangka senopatining perang kaperjaya déning Lakshmana. Kumbakarna dipeksa
mbadharaké tapané supaya mbiyantu Rahwana. Kumbakarna saguh, dudu mbéla
Rahwana, nanging negara wutah getihé. Rama nglepasaké panah Guwawijaya,
Kumbakarna tiwas katugel-tugel dening panah sekti. Rahwana maju ngadhepi
mungsuh. Rama bisa ngalahaké Rahwana. Nalika Rahwana kena panah Guwawijaya,
Rahwana banjur dibruki gunung dèning Anoman. Alengka bedhah lan Wibisana
kajumenengaké dadi ratu ing Alengka. Sinta dijak kondur lan urip bebarengan
klawan Rama. Nanging, ing lakon Sinta Obong, Sinta kauji kasuciané déning Rama
sadurungé nunggal marang Rama.
Mahabharata (basa
Sansekreta: Mahabharata), iku sawijining karya sastra kuna kang katulis déning
bagawan AbyasaIndia. Mahabharata kabangun saka wolulas kitab, mula kasebut uga
Asthadasaparwa (astha = 8, dasa = 10, parwa = kitab). Cekaking crita,
Mahabharata nyritakaké konflik antaraning Pandhawa kaliyan nak-seduluré,
paraKurawa, prakara negara Astina. Puncaké yaiku perang Bharatayuddha
(Bratayuda) ing tegal Kuru, perang suwéné 18 dina. Wolulas (18) Parwa kasebut
yaiku Adiparwa,Sabhaparwa, Wanaparwa,
Wirathaparwa, Udyogaparwa, Bhismaparwa, Dronaparwa,Karnaparwa,
Salyaparwa, Sauptikaparwa, Striparwa, Santiparwa, Anusasanaparwa,Aswamedikaparwa,
Asramawasikaparwa, Mosalaparwa, Prasthanikaparwa, lanSwargarohanaparwa. Ing
ngisor iki pérangan wolulas parwa lan andharané: utawi Vyasa saking
1.
Adiparwa
Adiparwa iku serat
kapisan ing wiracarita Mahabharata. Ing kéné dicritakaké kepriyé prabu Pariksit
utawa Parikesit atakon marang bagawan Janamejaya bab kajayaning leluhuré
sampèyan dalem. Banjur bagawan Janamejaya sing katurunaning bagawan Abyasa
nyaritakaké. Ing Adiparwa, carita-carita kang kababar yaiku: Sarpayajña
utawaupacaraKsirarnawa utawa samudra susu kanggo golek amreta, sejarah purwa
leluhuré para Pandhawa, lan wektu timuré para Pandhawa. Carita-carita iku kabèh
direngga awujud carita bingké. Adiparwa uga ana ing versi basa Jawa Kuna.
korban ula, pamuteran
2.
Sabhaparwa
Sabhaparwa iku pérangan
wiracarita Mahabharata kang nyritakaké sebab paraPandhawa Lima dibuwang ing
alas 12 taun suwéné lan ditambah kudu nyamar setaun. Pandhawa kalah déning
Duryudana nalika main dhadhu, amarga pokalé Sangkuni. Mula iku, Pandhawa kudu nampa
ukuman mau. Yen nganti konangan Kurawa, bakal ditikeli ukumané.
3.
Wanaparwa
Wanaparwa iku terusané
Sabhaparwa, kang isiné nyritakaké bab lelakoné Pandhawa Lima ing alas buwangan.
Wanaparwa iku uga dadi dhasar inspirasi karya sastra Jawa Kuna; yaiku kakawin
Arjunawiwaha anggitané mpu Kanwa.
4.
Wirathaparwa
Wirathaparwa
(Sansekreta: Vira?aparva) nyritakaké lelakoné para Pandhawa nalika kudu ndhelik
setaun sawisé dibuwang rolas taun ing alas. Crita iki uga ana ing Wanaparwa.
Sang Yudisthira nyamar dadi brahmana kanthi sebutan Kangka. Sang Wrekodara
nyamar dadi juru masak lan juru jagal jejuluk Balawa. Déné sang Arjuna nyamar
dadi wong wandukang mulang tari lan nembang. Sang Nakula dadi bocah angon kapal
(jaran), déné sangSadewa dadi laré angon lembu. Dèwi Dropadi dadi juru rias ing
kedhaton anami Sairindi.
Kacarita, patih Wiratha (sang Kicaka) kasmaran marang
Sairindi. Dhèwèké kepingin ngepèk Sairindi dadi garwané. Sairindi nampik, lan
Kicaka tetep meksa. Marga iku, sang Balawa banjur matèni Kicaka. Prakara iku
mèh waé mbongkar nyamaré Pandhawa. Praja Wiratha banjur dibedhah déning para
musuh Pandhawa, yaiku para Korawa saka Ngastina. Para Pandhawa banjur perang
nglawan Korawa, mbéla Wiratha. Sawisé perang bubar, kabèh padha konangan anggoné
nyamar. Ananging amarga wis ndhelik setaun suwéné, ora dadi apa.
5.
Udyogaparwa
Ing Udyogaparwa, buku
kaping lima Mahabharata, sang Kresna dadi duta kanggo nengahi konflik
antaraning para Korawa (Kurawa) lan para Pandhawa. Nanging niyat mau ora dikabulaké
déning para Korawa. Kresna duka, banjur tiwikrama malih dadi buta gedhé kang
mèh waé ngobrak-abrik donya. Wusanané bakal kedadèn perang Bratayuda
(Bharatayuddha).
6.
Bhismaparwa
Miturut para pandhita,
Bhismaparwa iku pérangan Mahabharata kang wigati dhéwé, amarga ing sanjeroné
ana kitab Bhagavad Gita. Ing Bhismaparwa dicritakaké kaya ngapa prajurit Korawa
lan prajurit Pandhawa padha adhep-adhepan sadurungé perang Bratayuda
(Bharatayuddha) wiwit. Sang Arjuna lan kusir krétané, sang Kresna, ngadeg ing
pucuking gunung. Arjuna bisa mriksani para bala prajurit Korawa lan para
Korawa, seduluré dhéwé. Arjuna sedhih amarga kudu perang lawan seduluré. Nadyan
Kurawa kuwi wong ala, Arjuna kèlingan kaya ngapa nalika cilik padha bebarengan
anggoné sinau lan dolanan. Banjur saiki adhep-adhepan kaya satru memungsuhan.
Kanggo mbombong Arjuna, Kresna banjur paring wejangan. Jejering satriyatama
kudu wani bela marang bebener, mbrastha durangkara nadyan bakal memungsuhan
karo seduluré dhéwé. Wejangan iku katelah Bhagavad Gita, tegesé Gita sang
bagawan utawa nyanyian tiyang suci.
Kitab Bhismaparwa uga
nyritakaké kalahé sang Bhisma, uwak para Pandhawa lan Korawa. Bhisma iku
kagungan aji-ajisaratalpa) nganti Bharatayuddha bubar. Bhisma ketaman maèwu-èwu
jemparing nganti dhawah, nanging ora tiba ing lemah, amung anèng pucuk-pucuk
jemparig mau. bisa séda sawanci-wanci. Nanging dhèwèké milih tetep turon ing
“pasaréyan jemparingipun” (
7.
Dronaparwa
Kitab Dronaparwa ora
ana ing Tanah Jawi. Kitab kang kaping pitu saka wiracaritaMahabharata iku
nyritakaké prakara sédané bagawan Drona ing perang Bratayuda (Bharatayuddha).
Dhèwèké diapusi Yudisthira nalika Drona krungu Aswatama putra kinasihé, gugur
ing palagan. Yudhistira iku duwé watek jujur, ora gelem dora. Nanging marga
akalé Kresna, Yudhistira kapeksa goroh matur marang Drona. Sabeneré kang gugur
iku dudu Aswatama, nanging Esthitama (gajah). Marga aturé Yudhistira lirih lan
mèmpèr nyebut Aswatama, mula Drona banjur nglolosi badané banjur kaperjaya
déning Pandhawa.
8.
Karnaparwa
Karnaparwa, iku kitab
kaping 8 Mahabharata. Isiné nyaritakaké sang Salya kang dadi kusir rata sang
Karna. Kanthi kréta kang dikusiri déning Kresna, ing perang tandhing iku,
wusanané sang Karna kaperjaya dening sang Arjuna, seduluré dhéwé. Kitab ini ora
ana ing versi Basa Jawa Kuna.
9.
Salyaparwa
Salyaparwa iku kitab
kaping 9 Mahabharata. Kitab iki nyaritakaké sang Salya kang dadi sénapati
perang para KorawaBharatayuddha). Wusanané banjur kaperjaya déning
prabuYudisthira. Ngerti kahanan mau, Dèwi Satyawati (garwané Salya) banjur
abèla pati (bunuh dhiri). ing Bratayuda (
10.
Sauptikaparwa
Sauptikaparwa iku kitab
kaping 10 Mahabharata. Kitab kang ora ana vèrsiné ing basa Jawa Kuna iki
nyaritakaké sang Aswatama. Dhèwèké arep mbales para Pandhawa banjur
meneng-meneng mlebu kedhaton Ngastina. Ing kono banjur mejahi para putra
Pandhawa,Srikandi, lan liya-liyané. Ing wusanané, Aswatama banjur kaperjaya
déning sang Arjuna. Ing sastra Jawi Ènggal, carita iku dadi lelampahan ringgit
(lakon wayang) “Aswatama Gugat”.
11.
Striparwa
Striparwa iku kitab
kaping 11 Mahabharata. Kitab iki ora ana ing vèrsi Jawa Kunané. Carita kang
cekak iki ngandhut isi sasambaté para garwa satriya kang tinilar pejah ing
perang Bratayuda (Bharatayuddha). Para garwa mau banjur nindakaké ritual
sraddha.
12.
Santiparwa
Santiparwa iku kitab
kaping 12 Mahabharata. Ing versi basa Jawa Kuna, kitab iki ora ana. Ing kitab
iki dicaritakaké prakara wejangan-wejangan bagawan Bisma nalika anèngsaratalpa
utawa “ranjang panah” sawisé kalah ing perang Bratayuda (Bharatayuddha). Bisma
paring wejangan wigati marang Raja Yudisthira.
13.
Anusasanaparwa
Anusasanaparwa iki
kitab kaping 13 Mahabharata minangka terusané Santiparwa, prakara gunemané
Yudhistira lan Bisma. Kitab iki ora ana ing versi basa Jawa kuna. Ing kitab iki
uga dicritakaké anggoné Bisma séda lan wangsul menyang swarga.
14.
Aswamedikaparwa
Aswamedikaparwa iki
kitab kaping 14 Mahabharata. Kitab iki ora ana ing versi basa Jawa Kuna. Kitab
iki nyaritakaké Parikesit, putra Abimanyu, wayah (putu) Arjuna kang dijumenengaké
dadi Ratu Ngastina nganti séda, dicakot déning si naga Taksaka. Carita bab
Parikesit kang dicakot déning Taksaka uga ana ing kitab kapisan, kitab
Adiparwa.
15.
Asramawasikaparwa
Asramawasikaparwa utawa
ing versi Jawa Kuna kasebut Asramawasanaparwa iku serat utawa buku kaping 15
ing wiracarita Mahabharata. Caritané mangkéné: Sawiséperang Bharatayuddha, sang
Drestarastra diangkat jumeneng dadi ratu limalas taun suwéné ing Ngastina.
Karepé nulung Drestarasta amarga para putra lan kulawargané uwis ora ana kabèh.
Para Pandhawa isih padha taat lan bekti nglelipur Drestarastra supaya ora
kèling-kèlingan para putrané. Ananging sang Wrekodara rumangsa anyel amarga
kélingan sang Duryodana kang biyèné seneng tumindak ala. Nalika ora ana
sapa-sapa, sang Drestarastra banjur dilèh-lèhaké luputé. Ing wusana sang
Drestarastra ora tahan manèh lan pamit marang Yudisthira kersa tilar nagari,
manggon ing alas. Dhèwèké banjur diteraké para sesepuh: Arya Widura, Dèwi
Gandhari lan Dèwi Kunthi. Nalika mbangun tapa, Pandhawa naté niliki, ananging
ora suwé, sang Drestarastra banjur séda
lan disusul déning para pendhèrèké.
16.
Mosalaparwa
Mosala Parwa iku
perangan nomer 16 (nembelas) ing kitab Mahabharata. Ing kéné kacaritakaké
musnané para Wresni lan Yadu, utawa wong-wong ing krajan Mandura
(Madura)-Dwarawati. Nalika kuwi Bathara Narada lan sawetara resi lunga menyang
Dwarawati. Ing kéné wong-wong iki nylamur laku dadi pandhita. Samba lan
wong-wong Dwarawati nggoda. Samba didandani kaya déné wanita kang lagi ngandhut
(meteng). Pandhita mau ditakoni ‘’bayi’’ kang ana ing weteng iku lanang apa
wadon. Pandhita mau nesu amarga ngerti yèn sejatiné wong mau Samba kang lanang.
Pandhita iku supata yèn mengkoné Samba bakal nglairké tenan gada (mosala) wesi
kang bakal matèni trah Yadu. Pocapan iku dadi kasunyatan. Sawisé lair gada
kuwi, banjur dilebur dadi lebu (serbuk) lan diguwang menyang segara. Baladewa
lan Kresna banjur nglarang wong-wong padha mabuk-mabukan.
Sawijiné dina, Bathara
Kala teka. Iku dadi pratandha yèn bakal ana bebaya. Wong-wong sanegara banjur
gawé upacara ing pinggir segara. Nalika upacara iki dileksanakaké, wong-wong
padha ngombé arak, mabuk, lan adu tandhing. Pisanané Satyaki ngécé
Kretamarmakang mlayu saka paprangan Bharatayuddha. Kretamarma mati dipatèni
déning Satyaki nganggo kayu glagah kang thukul ing cedhak kono. Wit-wit glagah
iku sejatiné saka gada (mosala) kang dibuwang ing segara. Glagah mau banjur
dadi wesi kang kuwat. Wong-wong banjur padha tandhing nganggo glagah-glagah mau
lan mati kabèh. Kresna lan Baladewa sedhih. Ing crita iki iku kasebut patiné
Baladewa lan Kresna. Baladewa mati nalika tapa lan saka tutuké metu naga.
Kresna mati nalika tapa kanthi lungguh ing godhong, ing ngalas. Nalika iku uga
ana wong kang lagi mbedhag (beburu) lan panahé ngenani Kresna.
17.
Prasthanikaparwa
Prasthanikaparwa iku
kitab saka wiracarita Mah?bh?rata pérangan kang kaping-17. Kitab iki uga ana
sadhurané ing basa Jawa Kuna. Sang Maharaja Janaméjaya ndangu bagawan
Wésampayana supaya nyritakaké prastawa sawisé para Yadu sirna binesmi. Bagawan
Wésampayana banjur ngandika yèn Yudhisthira mula-mulané pasrah bareng para Yadu
wis séda kabèh. Prabu Yudhisthira banjur ngandika marang sang Arjuna yèn
bathara Kala kang nyababaké kabèh
kasripahan iki. Prabu Yudhistira banjur dhawuh para saduluré supaya lèrèh
kaprabon lan mbangun tapa. Sawisé iku para Pandhawanjumenengaké ratu sang
Parikesit ing Ngastina, diemong déning bagawan Krepa lan Yuyutsu. Sawisé iku,
sawijining dina banjur nganakaké upacara kanggo mèngeti para Yadu sing wis
séda. Para kaum brahmana disumbangi dhuwit lan para Pandhawa salin rasukan,
ngagem kulit kayu (dluwang) banjur tindak tapa nilar kaprabon. Ana uga
sawijining segawon kang ndhèrèkaké. Sang Parikesit sawadyabala uga ndhèrèkaké,
nanging banjur mulih menyang kedhaton.
Para Pandhawa mbacutaké
lelanané tekan sagara. Nalika iku Sang Hyang Agni rawuh lan dhawuh marang sang
Arjuna, supaya jemparing kang naté diparingaké nalika alas Kandhawa kobong,
kacemplungna ing segara. Sawisé iku, kabèh padha nerusaké laku manèh nurut
pasisir, banjur mènèk gunung Himalaya, metu ara-ara wedhi(walukarnawa). Nalika
iku sang Dropadi ana ing kana rubuh, séda. Sebab sédané Dropadi yaiku amarga
mbiyèn sanadyan dadi garwané para Pandhawa lima, dhèwèké paling asih marang
Arjuna. Sawisé iku sang Sadéwa, uga séda. Sebab sédané yaiku dhèwèké
kumalungkung lan gumedhé, yèn ora ana kang madhani kapinterané dhèwèké. Sawisé
iku, Nakula uga séda. Sebab sédané Nakula amarga dhèwèké gumedhé ora ana sing
madhani kabagusané. Banjur Arjuna ya séda, sebabé dhèwèké tau gumedhé nalika
perangBratayuda, sesumbar celathu bisa ngalahaké para Korawa ing sadina. Ing
wusanané sang Wrekodara ya rubuh, séda. Sebabé, yèn mangan dhèwèké mesthi ora
mikir wong liya lan kasar ora nduwé tatakrama.
Bathara Indra mapagaké
sang Yudhisthira banjur ngaturi mlebu swarga. Sang Yudhistira duwé karsa bilih
si asu ya diparengaké ndhèrèk. Wasana, si asu badhar dadi Bathara Darma.
Yudhisthira banjur mlebu sabadané wadhag. Nanging bareng ana ing swarga ora ketemu
karo adhi-adhiné sarta déwi Dropadi. Sang Yudhisthira sumadya nggolèki, karsa
kumpul karo para sadulur ing naraka.
18.
Swargarohanaparwa
Swargarohanaparwa iku
carita Mahabharata pérangan kang angka 18 lan kang pungkasan. Kang dicaritakaké
iku: Prabu Yudhisthira uninga sang Duryodana ana ing swarga kasungga-sungga.
Sang Yudhisthira kersa uninga dunungé para rayi-rayi, banjur mlebu ing naraka,
kadhèrèkaké utusan, pinangka saka dhawuhé para Jawata. Ana ing naraka uninga
sawernaning paukuman lan mireng sambaté wong-wong kang padha disiksa. Wasana
kang padha kasiksa lan sambat-sambat mau rayi-rayi lan kulawargané. Sang
Yudhisthira ora trima déné Jawata ora adil. Sing andhèrèkaké kadhawuhan mulih,
sang Yudhisthira ora kersa bali saka naraka. Para Jawata padha rawuh, naraka
banjur malih dadi swarga. Olèhé para Pandhawa ana naraka iku kaukum déné cidra
marang sang guru, bagawan Drona lan liya-liyané; nanging saiki wis luwar.
Sejarah Bahasa Jawa Kuna
Sejarah penggunaan bahasa Jawa Kuna dimulai tanggal 25 Maret 804. Tanggal ini adalah tanggal yang terdapat pada prasasti Sukabumi (Kediri), yaitu tahun 726 Ś. Penentuan tanggal ini didasarkan pada fakta bahwa sebelum tahun itu bahasa yang digunakan dalam prasasti adalah bahasa Sansekerta.
Pengetahuan tentang bahasa Jawa Kuna sebelum tahun 804 didapatkan dari sumber-sumber yang ditulis dalam bahasa yang bukan bahasa Jawa Kuna. Sumber itu berasal dari Indonesia sendiri dan dari luar Indonesia. Yang berasal dari Indonesia ditulis dalam bahasa Sansekerta dan Melayu Kuna berupa prasasti-prasasti. Sumber dari luar yaitu dari Tiongkok (catatan I Cing). Dari sumber Tiongkok diketahui bahwa ada bahasa pribumi (k’un lun) yang digunakan oleh penduduk Jawa, dan kemungkinan yang masuk akal adalah bahasa Jawa Kuna.
Salah satu prasasti yang ditulis dengan bahasa Melayu Kuna adalah prasasti Kedukanbukit, tahun 605 śaka (683 M). Isi prasasti tersebut seperti berikut (Iskandar 1996: 18-19).
1. swasti śrī śakavarṣātīta 605, ekādaśī śu-
2. klapakṣa vulan vaiśākha ḍapunta hiyaṃ nāyik di
3. sāmvau manalap siddhayatra disaptamī śuklapakṣa
4. vulan jyeṣṭha dapunta hiyaṃ marlapas ḍari mināna
5. tāmvan mamāwa yaṃ vala dua lakṣa dannan kośa
6. duaratus càra di samvau danan jālan sarivu
7. tlurātus sapuluh dua vañakña dataṃ di mata yap
8. sukacita di pañcami śuklapakṣa vulan .....
9. laghu mudita dātaṃ marvuat vanua ...
10. śrīvijaya, jaya siddhayātra subhikṣa ......
Terjemahannya:
1. Selamat tahun Śaka telah berjalan 605 tanggal 11
2. paruh-terang bulan Vaiśaka, yang dipertuan Hyang naik di
3. perahu mengambil perjalanan suci pada tanggal 7 paruh-terang
4. bulan Jyesta yang dipertuan Hyang berangkat dari Minanga
5. tamwan membawa bala (tentera) dua puluh ribu dengan peti
6. duaratus berjalan di perahu dengan jalan (darat) seribu
7. tigaratus sepuluh dua banyaknya. Datang di mata yap (?).
8. bersukacita pada tanggal lima paruh-bulan ....
9. (dengan) mudah dan senang datang membuat kota ...
10. Śrivijaya (dari sebab dapat) memang (karena) perjalanan suci, (yang menyebabkan) kemakmuran ....
Dengan bukti semacam itu Hadiwidjana (1963) menyarankan agar bahasa Jawa Kuna disebut saja dengan bahasa “Indonesia Kuna” karena “jalan kalimatnya memang sejalan dengan jalan kalimat bahasa Indonesia. Bahasa Jawa yang sekarang, malahan harus banyak berputar-balik dahulu, supaya dapat sejalan dengan kalimat Jawa Kuna”.
Bahasa Jawa Kuna yang sampai kepada kita adalah bahasa Jawa Kuna yang terdapat dalam karya sastra. Dua sifat yang nampak dalam bahasa Jawa Kuna adalah (1) banyak menggunakan kata-kata yang berasal dari bahasa Sansekerta, meskipun (2) dalam segala susunan dan ciri-ciri pokok tetap merupakan bahasa Nusantara. Dalam daftar kata yang disusun Juynboll terdapat 6790 kata Sansekerta (termasuk kata majemuk) dan lebih kurang 6925 kata asli Jawa, sementara dalam bahasa Melayu Kuna kira-kira terdapat 750 unsur Sansekerta.
Pengaruh India dalam bidang linguistik pertama-tama adalah pengaruh bahasa Sansekerta. Namun, dalam 10 abad pertama Masehi bahasa Sansekerta tidak lagi digunakan di India sebagai bahasa pengantar pergaulan sehari-hari. Dalam pergaulan sehari-hari bahasa yang digunakan adalah bahasa-bahasa pribumi yang berasal dari rumpun Indo-Arya (utara dan tengah) dan Dravida di selatan (Tamil, Telugu). Kedudukan bahasa Sansekerta hampir mirip dengan bahasa Latin di Eropa. Pengaruh bahasa Tamil banyak mempengaruhi bahasa Melayu, namun hal ini tidak terjadi dengan bahasa Jawa Kuna.
Kata-kata Sansekerta yang digunakan dalam bahasa Jawa Kuna yaitu kata-kata benda dan kata-kata sifat yang tidak dideklinasikan serta kata-kata kerja yang tidak dikonjugasikan. Jadi, yang digunakan adalah lingga-nya. Kata-kata itu kemudian mendapat afiksasi bahasa Jawa. Misalnya, uttama (baik sekali) menjadi kottaman (konsfiks ka–an); yatna (pasif) menjadi kinayatnakěn (sisipan –in- dan akhiran –akěn dari bentuk sekunder berawalan ka-, kayatna). Data ini berdasarkan data tulis, kita tidak memiliki bagaimana pengucapan yang sebenarnya sehingga dimungkinkan bunyi aspiran (kh, th, ph) diubah menjadi k, t, p. Demikian juga vokal panjang.
Isi konseptual kata-kata Sanskerta pun bisa juga berubah. Hima, di India berarti ‘embun beku, cuaca penuh es, salju’, tetapi di Jawa diartikan ‘kabut’. Santoṣa yang berarti ‘rasa puas, kepuasan, merasa senang’ menjadi ‘teguh, kuat’ dan diterapkan juga pada barang yang tidak bernyawa. Anurāga yang berarti ‘keterikatan, afeksi, cinta, nafsu asmara’ di Jawa segi ‘nafsu’ tidak diutamakan melainkan ‘afeksi pada umumnya, simpati, dapat merasakan apa yang dirasakan oleh orang lain’ lalu memperoleh arti ‘tidak merasa diri lebih unggul daripada orang lain, tidak membanggakan kedudukan atau bakatnya, tidak berlagak, menyenangkan’ dan dalam bahasa Jawa Modern menjadi nor raga (dalam pembauran dengan kata Jawa sor).
Zoetmulder membandingan karya sastra abad 11 Arjuna-wiwāha dengan karya sastra abad 15 Lubdhaka (Siwarātrikalpa) dalam hal penggunaan bahasanya. Perbandingan tersebut ternyata tidak menemukan perbedaan yang besar tentang penggunaan bahasanya. Namun, bila dibandingkan dengan Kidung Sunda, akan terlihat jauh bedanya. Misalnya, kata rěngö yang bervariasi dengan rungu. Hal ini memunculkan istilah yang berbeda untuk menyebut bahasa yang digunakan pada Kidung Sundayana. Zoetmulder menggunakan istilah Jawa Pertengahan untuk menyebut bahasa pada kidung ini, walau diakuinya istilah ini agak membingungkan.
Ia kemudian melangkah lebih jauh dengan membandingkan bahasa Jawa Kuna dan Jawa Pertengahan dengan bahasa Jawa Modern. Untuk itu ia mengambil contoh kata andika. Kata andika dalam bahasa Jawa Modern dipakai untuk menyapa bagi orang yang lebih tinggi derajatnya, dalam bahasa Jawa Pertengahan berarti ‘perintah, komando’. Dalam bahasa Jawa Kuna tidak ditemui kata ini.
Dengan dasar itu Zoetmulder menolak hipotesis bahwa bahasa Jawa Kuna berkembang menjadi bahasa Jawa Pertengahan dan bahasa Jawa Modern. Ia berhipotesis bahwa sifat-sifat yang sama ada pada bahasa Jawa Pertengahan dan bahasa Jawa Modern sebelum berpisah. Ciri bahasa Jawa Modern adalah adanya pengaruh bahasa Arab.
P. van Stein Callenfels menyatakan “dalam kenyataannya Jawa Pertengahan bukan saja puluhan tahun lebih tua daripada runtuhnya Majapahit, melainkan beberapa abad”. Zoermulder menambahkan bila kita terdorong oleh bentuk-bentuk yang mirip, menerima adanya satu sumber bersama yang dari satu pihak menumbuhkan Jawa Pertengahan di Bali (diandaikan sesudah jaman Majapahit) dan di lain pihak Jawa Modern yang terpengaruh oleh bahasa Arab, maka prasasti-prasasti memang memberi bukti konkrit untuk mendukung kesimpulan itu; biarpun jumlah prasasti itu hanya sedikit, tetapi berharga juga. Namun demikian, ia tidak sependapat dengan Callenfels mengenai pandangan tentang situasi linguistis selama praktis seluruh periode Jawa Timur.
Dalam karya sastra dengan bahasa Jawa Pertengahan. Karya-karya ini dibicarakan secara panjang lebar oleh Zoetmulder dalam bukunya Kalangwan. Selain dalam Kalangwan, karya sastra berbahasa Jawa Kuna ini juga dibicarakan oleh Poerbatjaraka dalam bukunya Kapustakan Jawi.
Karya sastra Jawa Kuna yang ada di dalam dua buku tersebut di atas adalah: Caṇḍakarana, Rāmāyana, Sang Hyang Kamahāyanikan, Brahmaṇḍapuraṇa, Agastya-parwa, Uttarakānda, Ādiparwa. Sabhāparwa, Wirataparwa, Udyogaparwa, Bhiṣmapar-wa, Āsramawāsanaparwa, Mosalaparwa, Prasthānikaparwa, Swargarohanaparwa, Kuñjarakarṇa, Arjunawiwāha, Kṛṣṇāyana, Suma-nasāntaka, Smaradahana, Bhomāntaka/ Bhomakāwya, Bhāratayuddha, Hariwangsa, Gatotkacasraya, Wṛttasancaya,Lubdhaka (Siwarātrikalpa), Brahmandapurana (puisi), Kunjarakarna (puisi), Nāgarakṛtāgama,Arjunawijaya,Sutasoma,Pārthayajña,Subhadrawiwāha,Abhimanyuwiwāha, Hariwi-jaya, Narakawijaya, Nitiśastra, Nirathaprakṛta, Dharmaśunya, Hariśraya, Tantu Panggělaran, Calonarang, Tantri Kamandaka, Korawāśrama, Serat Pararaton, Kidung Harsawijaya, Ranggalawe, Kidung Sunda, Sorāndaka, Dewaruci, Serat Sudamala, Serat Kidung Subrata, Serat Panji Angreni, dan Serat Sri Tanjung.
Sugeng Rawuh para kadang katresnan
Sugeng rawuh para kadang ingkang sampun mirsani blogger kula , mugya saged nambahi ilmu kagem kita sedaya.
Matur Nuwun
"Oki Bagus"
Langganan:
Postingan (Atom)