Ramayana ing basa basa
Sansekreta: Ramayana utawa lelakuné sang Rama, iku salah siji wiracarita saka
tanah IndiaMahabharata. Wiracarita Ramayana nyaritakaké Dèwi Sinta, garwa Sri
Rama kang kadusta déning Rahwana. Kitab iki dianggep buku fiksi paling tuwa sadonya
yèn kitab Weda ora mlebu petungan. Kitab kuwi ditulis déning Walmiki, kira-kira
ing taun 300 sadurungé Masehi. Crita Ramayana banjur nyebar lan akèh banget
variasiné kang ana ing India dhéwé lan ing negara liyane. Ing tlatah Jawa,
naskah Ramayana paling tuwa tinemu iku Kakawin Ramayana (awujud Tembang Gedhé).
Kakawin iku ditulis nganggo basa Jawa Kuna ing Jawa Tengah, kurang luwihé taun
870 (abad kaping 9 M, pungkasan). Kakawin iku diarani adikakawin marga kaanggep
kang kapisan, dawa dhéwé, lan basane apik ing jaman Hindhu-Jawi. Ing sastra
Jawi Anyar, kakawin Ramayana digubah manèh déning Yasadipura dadi Serat Rama
Kawi. Crita iki kasebar lan mlebu dadi lakon wayang kanthi owah-owahan ing
sawetara panggonan. Crita Ramayana uga katatah ing Candhi Prambanan. Ing candhi
iki, uga kagelar sendratari Ramayana (Ramayana Ballet) ing platarané. Saliyané
kuwi, ing tanah Melayu, crita iki dadi kitab Hikayat Sri Rama, ing
ThailandRamakien. Sawetara ahli uga nemokaké yèn Ramayana sumebar uga ing suku
Indian, Amérika. Ana uga kang ditemokaké ing Siberia. Sing paling béda yaiku
ing Sri Lanka. Ing tlatah iki Rahwana (Ravana) dadi wong kang becik lan Rama
dadi wong kang ngrusak Lanka (Alengka = Sri Lanka). Ravana iku kecathet salah
sijiné raja kang naté nyekel kuwasa ing tlatah Sri Lanka. Kejaba vèrsi Sri
Lanka, umumé Ramayana nyritakaké lelakoné Sri Rama kang ngrebut manèh Sita
(Sinta). Rahwana nyulik Sita supaya gelem dadi bojoné. Rama banjur ditulungi
déning para wanara (Anoman, Sugriwa, lsp.)
lan kasil ngrebut Sita. Ing India versi basa Sansekerta, Ramayana
kapérang dadi pitungkitabSaptakanda, yaiku: Balakanda, Ayodhyakanda,
Aranyakanda,Kiskindhakanda, Sundarakanda, Yuddhakanda, lan Uttarakanda.
Mangkéné ringkesané: kang misuwur banget saliyane dadi utawa
Nama Kitab
Katrangan
Balakanda
Kitab Balakanda iku
pinangka awal saka lakon Ramayana. Kitab Balakanda nyritakaké
PrabuDasarataKosalya, Kekayi, lan Sumitra. Prabu Dasarata peputra papat, yaiku:
Rama, Bharata, Lakshmana lanSatrughna. Kitab Balakanda uga nyritakaké Sang Rama
kang kasil menangaké sayembara lan nggarwa Sita, puteri Prabu Janaka. kang duwé
garwa 3, yaiku:
Ayodhyakanda
Kitab Ayodhyakanda
nyritakaké lelakoné Rama kang dibuwang ing alas bebarengan lawan Dewi Sita
lanLakshmana marga panjalukké Dewi Kekayi. Sawisé iku, Prabu Dasarata kang wis
sepuh banjur seda. Bharata ora gelem dijumenengaké dadi Raja, dhèwèké banjur
nyusul Rama. Rama nampik yèn kasuwun bali menyang Ayodya. Bharata jumeneng nata
pinangka sulih Sang Rama.
Aranyakanda
Kitab Aranyakanda
nyritakaké lelakoné Rama, Sita, danLakshmana ing alas. Rama asring mbiyantu
para pertapa kang diganggu déning para raseksa. Kitab Aranyakakanda uga
nyritakaké kisah Sita diculik Rawana(Rahwana) lan peperangan antaraning Jatayu
lawan Rawana.
Kiskindhakanda
Kitab Kiskindhakanda
nyaritakaké Sang Rama kang ketemu Raja wanara, Sugriwa. Sang Rama mbiyantu
Sugriwa ngrebut kraton lan garwané saka Subali, kangmasé. Ing perang iku,
Subali tiwas. Sugriwa dadi Raja ing
Kiskindha. Sang Rama lan Sugriwa nyawiji kanggo nglawan Krajan Alengka.
Sundarakanda
Kitab Sundarakanda
nyritakaké prajurit Kiskindha kang mbangun kreteg Situbanda kanggo dalan tumuju
ingAlengka. Hanuman (Anoman) kang dadi dhuta SangRama budhal menyang Alengka
lan ngadhep Dewi Sita. Ing kana, Anoman ditangkep lan bisa lolos satemah bisa
ngobong kutha Alengka.
Yuddhakanda
Kitab Yuddhakanda
nyritakaké perang antaraning prajurit kethèk Sang Rama klawan
prajuritraseksaRawana. Crita diwiwiti saka prajurit Sang Rama kang kasil
nyebrang samudra tekan ing Alengka. Sawetara iku, Wibisana ditundhung Rawana
marga kakèhan ngandhani Rahwana. Ing peperangan iku, Rawana gugur kena panah
sekti Sang Rama. Sang Rama banjur bali ing Ayodhya bareng Dewi Sita. Sang
Uttarakanda
Kitab Uttarakanda
nyritakaké lelakoné Dewi Sita kang diukum buwang marga Sang Rama krungu
pandakwané rakyat kang cubriya marang kesuciané Dewi Sita. Dewi Sita banjur
manggon ing pertapan Rsi Walmiki lan nglairaké Kusa lan Lawa. Kusa lan Lawa
banjur teka sowan ing istana Sang Rama nalika upacara Aswamedha. Ing wektu kuwi
banjur padha nembangaké Ramayana kang digubah déning Rsi Walmiki.
Ringkesaning Crita
Ramayana
Mangkéné isining crita
Ramayana kang katulis kanthi ringkes:
Prabu Dasarata, ratu
Ayodya duwe garwa prameswari aran Dewi Kosalya (Sukasalya) lan garwa selir aran
Dewi Kekayi uga Dewi Sumitra. Saka Dewi Kosalya peputra Sri Rama, saka Dewi
Kaikeyi (Kekayi) peputra Bharata, lan saka Dewi Sumitra peputra kembar aranLakshmana
(Lesmana) lan Satrughna. Sawijining dina, ana resi kang jejuluk RsiWiswamitra
njaluk tulung marang Sri Paduka Dasarata supaya mbébasake pertapane saka para
raseksa. Rama lan Lakshmana banjur budhal. Ing pertapan iku, Rama lan Laksmana
kasil mateni kabeh raseksa. Sawise kasil merjaya mungsuhe, kekarone banjur
tumuju negara Mithila (Manthili) saperlu melu sayembara menthang gandéwa. Sok
sapa kang menang bakal dadi sisihane putri raja Janaka, ya Dèwi Sinta. Kabeh
pasarta wus siaga lan siji mbaka siji nuduhake kadigdayane menthang langkap
gandéwa. Ora ana kang kasil menthangake gandéwa mau kajaba amung Sri Rama. Sawise Rama kadhaupake, Sinta banjur kaboyong
bali menyang Ayodya didherekake Laksmana.
Ing Ayodya, Rama bakal
diangkat dadi ratu pinangka pembarep gantining Dasarata. Ananging Kekayi, garwa
selir prabu Dasarata nagih janji. Nalika sadurunge dipundhut garwa, Kekayi duwe
panyuwunan yen peputra lanang mengkone bakal jumeneng nata Ayodya. Kanthi abot,
Dasarata ngabulake panyuwune Kekayi awit biyèn pancèn naté janji mangkono. Saka
pokal culikane Kekayi, Rama wurung dadi ratu, malah kudu nglakoni ukuman
(dibuwang) ing alas Dhandhaka 13 taun suwéné. Rama, Sinta, lan Laksmana banjur
ngumbara nilar kedhaton. Marga nggrantes, ora suwe prabu Dasarata banjur séda.
Barata rumangsa ora pantes dadi ratu. Dheweke banjur nggoleki Sri Rama, nyuwun
supaya Rama kersa kondur lan jumeneng nata Ayodya. Ananging Rama nampik amarga
jejering satriya ora bakal cidra ing janji sumadya nampa ukum. Barata didhawuhi
Rama supaya jumeneng nata sawetara, minangka sulihe Raden Rama. Rama
banjur medhar piwulang Asthabrata (astha
= wolu, brata = laku) pinangka garan jejering ratu kudu ngugemi lakuning/watak
utama kang cacahe ana wolu. Rama uga paring simbolis awujud trompah (basa Sansekreta:
p?duka) marang Barata pinangka tandha bukti yen dhèwèké iku mung saderma wakil.
Barata banjur jumeneng nata kanthi nganggo tlumpahe Raden Rama.
Ing alas Dhandhaka, ana
raseksi aran Surpanakha (Sarpakenaka) kasengsem marang Laksmana. Kanggo ngrayu
Lakshmana, Surpanakha banjur mémba dadi wanodya ayu. Ananging Lakshmana ora
mempan kagodha, malah irunge Surpanakha kairis. Surpanakha nepsu banjur pradul
marang kangmasé (sang Rahwana/Dasamuka) lan mbujuk supaya nyulik garwané Rama
kang ayu rupa. Dhasar Rahwana karem marang wanodya ayu, mula sang Rawana banjur
ndhawuhi raseksa Kala Marica supaya nyulik Sinta. Marica banjur mémba dadi
kidang emas kang éndah. Sinta kasengsem banjur nyuwun supaya mbebedhag kidang
emas iku. Rama budhal dhewe ninggal Sinta lan Laksmana. Si kidang emas gesit
banget, ora bisa kacekel. Wusanané, Sri Rama anyel banjur nglepasaké panah. Si
kidang emas njerit kelaran lan mati, owah malih raseksa. Krungu panjeriting
wong kang kelaran, Sinta banjur ngutus Lakshmana supaya nggoleki Rama. Laksmana
ora gelem budhal amarga kajibah njaga Sinta. Sawisé ditudhuh yen Lakshmana arep
ngarah dhèwèké, Lakshmana banjur budhal nggolèki Rama lan ngrajah Sinta supaya
adoh saka godha rencana. Sawisé Sinta dhèwèkan, Rahwana banjur teka. Kanthi
mémba dadi resi kang njejaluk jampi, Rahwana kasil nyulik Sinta.
Jeriting Sinta keprungu
déning peksi sang Jatayu kang naté dadi réncange prabu Dasarata. Kanthi niat
becik, Jatayu nulungi Sinta. Amarga Rahwana luwih sekti, Jatayu kalah. Jatayu
kang sekarat isih bisa atur warta marang Rama lan Laksmana, yen Sinta kagawa
menyang Alengka, kedhatoné sang Rahwana. Rama lan Laksmana banjur nglari ilangé
Dèwi Sinta. dhumateng ing kedhatonipun Rahwana. Ing sajroning alas, Rama
kapanggih ratu Kiskindha awujud wanara, ya Sugriwa kang sambat njaluk
pitulungan marga rumangsa bojoné (Dèwi Tara) direbut déning seduluré (Subali).
Rama saguh mbiyantu, jer mengko uga gelem sabiyantu perang lawan Rahwana. Embuh
kang bener kang endi, nanging jejering satriya, Rama ora kena cidra ing janji.
Rama kasil merjaya Subali. Sugriwa banjur sumadya nulungi sang Rama kanthi
prajurit wanara lan pitulungané patih Anoman (Hanuman). Anoman kautus Rama
pinangka dhutané Sri Rama budhal menyang Alengka ngaturaké warta lan kalpika
marang Sinta.
Ing kaputrèn Alengka,
Sinta dilipur déning Trijatha. Kanthi meneng-meneng, Anoman kasil mlebu ing
Alengka lan kapanggih Dèwi Sinta. Dumadakan konangan Indrajit (putrané ahwana).
Anoman kecekel Rahwana, banjur diobong. Dhasar wanara sekti, Anoman banjur
ngobrak-abrik lan ngobong Alengka. Anoman bali lan ngaturaké warta marang Rama.
Kanthi prajurit lan kasektèné, Rama kasil nambak samudra (bendungan Situbanda)
kanggo dalan ngrubuhaké Alengka. Ing wektu iku, seduluré Rahwana aran
Kumbakarna lan Gunawan Wibisana kadhawuhan mbiyantu mbéla Rahwana. Kumbakarna
ora sarujuk marang Rahwana. Marga wanita, Rahwana ngorbanaké negara memungsuhan
lawan Rama. Kumbakarna trima lunga tapa, déné Wibisana lunga saka Alengka
gabung melu Rama. Perang gedhé dumadi, prajurit raseksa lawan wanara. Indrajit
pinangka senopatining perang kaperjaya déning Lakshmana. Kumbakarna dipeksa
mbadharaké tapané supaya mbiyantu Rahwana. Kumbakarna saguh, dudu mbéla
Rahwana, nanging negara wutah getihé. Rama nglepasaké panah Guwawijaya,
Kumbakarna tiwas katugel-tugel dening panah sekti. Rahwana maju ngadhepi
mungsuh. Rama bisa ngalahaké Rahwana. Nalika Rahwana kena panah Guwawijaya,
Rahwana banjur dibruki gunung dèning Anoman. Alengka bedhah lan Wibisana
kajumenengaké dadi ratu ing Alengka. Sinta dijak kondur lan urip bebarengan
klawan Rama. Nanging, ing lakon Sinta Obong, Sinta kauji kasuciané déning Rama
sadurungé nunggal marang Rama.
Mahabharata (basa
Sansekreta: Mahabharata), iku sawijining karya sastra kuna kang katulis déning
bagawan AbyasaIndia. Mahabharata kabangun saka wolulas kitab, mula kasebut uga
Asthadasaparwa (astha = 8, dasa = 10, parwa = kitab). Cekaking crita,
Mahabharata nyritakaké konflik antaraning Pandhawa kaliyan nak-seduluré,
paraKurawa, prakara negara Astina. Puncaké yaiku perang Bharatayuddha
(Bratayuda) ing tegal Kuru, perang suwéné 18 dina. Wolulas (18) Parwa kasebut
yaiku Adiparwa,Sabhaparwa, Wanaparwa,
Wirathaparwa, Udyogaparwa, Bhismaparwa, Dronaparwa,Karnaparwa,
Salyaparwa, Sauptikaparwa, Striparwa, Santiparwa, Anusasanaparwa,Aswamedikaparwa,
Asramawasikaparwa, Mosalaparwa, Prasthanikaparwa, lanSwargarohanaparwa. Ing
ngisor iki pérangan wolulas parwa lan andharané: utawi Vyasa saking
1.
Adiparwa
Adiparwa iku serat
kapisan ing wiracarita Mahabharata. Ing kéné dicritakaké kepriyé prabu Pariksit
utawa Parikesit atakon marang bagawan Janamejaya bab kajayaning leluhuré
sampèyan dalem. Banjur bagawan Janamejaya sing katurunaning bagawan Abyasa
nyaritakaké. Ing Adiparwa, carita-carita kang kababar yaiku: Sarpayajña
utawaupacaraKsirarnawa utawa samudra susu kanggo golek amreta, sejarah purwa
leluhuré para Pandhawa, lan wektu timuré para Pandhawa. Carita-carita iku kabèh
direngga awujud carita bingké. Adiparwa uga ana ing versi basa Jawa Kuna.
korban ula, pamuteran
2.
Sabhaparwa
Sabhaparwa iku pérangan
wiracarita Mahabharata kang nyritakaké sebab paraPandhawa Lima dibuwang ing
alas 12 taun suwéné lan ditambah kudu nyamar setaun. Pandhawa kalah déning
Duryudana nalika main dhadhu, amarga pokalé Sangkuni. Mula iku, Pandhawa kudu nampa
ukuman mau. Yen nganti konangan Kurawa, bakal ditikeli ukumané.
3.
Wanaparwa
Wanaparwa iku terusané
Sabhaparwa, kang isiné nyritakaké bab lelakoné Pandhawa Lima ing alas buwangan.
Wanaparwa iku uga dadi dhasar inspirasi karya sastra Jawa Kuna; yaiku kakawin
Arjunawiwaha anggitané mpu Kanwa.
4.
Wirathaparwa
Wirathaparwa
(Sansekreta: Vira?aparva) nyritakaké lelakoné para Pandhawa nalika kudu ndhelik
setaun sawisé dibuwang rolas taun ing alas. Crita iki uga ana ing Wanaparwa.
Sang Yudisthira nyamar dadi brahmana kanthi sebutan Kangka. Sang Wrekodara
nyamar dadi juru masak lan juru jagal jejuluk Balawa. Déné sang Arjuna nyamar
dadi wong wandukang mulang tari lan nembang. Sang Nakula dadi bocah angon kapal
(jaran), déné sangSadewa dadi laré angon lembu. Dèwi Dropadi dadi juru rias ing
kedhaton anami Sairindi.
Kacarita, patih Wiratha (sang Kicaka) kasmaran marang
Sairindi. Dhèwèké kepingin ngepèk Sairindi dadi garwané. Sairindi nampik, lan
Kicaka tetep meksa. Marga iku, sang Balawa banjur matèni Kicaka. Prakara iku
mèh waé mbongkar nyamaré Pandhawa. Praja Wiratha banjur dibedhah déning para
musuh Pandhawa, yaiku para Korawa saka Ngastina. Para Pandhawa banjur perang
nglawan Korawa, mbéla Wiratha. Sawisé perang bubar, kabèh padha konangan anggoné
nyamar. Ananging amarga wis ndhelik setaun suwéné, ora dadi apa.
5.
Udyogaparwa
Ing Udyogaparwa, buku
kaping lima Mahabharata, sang Kresna dadi duta kanggo nengahi konflik
antaraning para Korawa (Kurawa) lan para Pandhawa. Nanging niyat mau ora dikabulaké
déning para Korawa. Kresna duka, banjur tiwikrama malih dadi buta gedhé kang
mèh waé ngobrak-abrik donya. Wusanané bakal kedadèn perang Bratayuda
(Bharatayuddha).
6.
Bhismaparwa
Miturut para pandhita,
Bhismaparwa iku pérangan Mahabharata kang wigati dhéwé, amarga ing sanjeroné
ana kitab Bhagavad Gita. Ing Bhismaparwa dicritakaké kaya ngapa prajurit Korawa
lan prajurit Pandhawa padha adhep-adhepan sadurungé perang Bratayuda
(Bharatayuddha) wiwit. Sang Arjuna lan kusir krétané, sang Kresna, ngadeg ing
pucuking gunung. Arjuna bisa mriksani para bala prajurit Korawa lan para
Korawa, seduluré dhéwé. Arjuna sedhih amarga kudu perang lawan seduluré. Nadyan
Kurawa kuwi wong ala, Arjuna kèlingan kaya ngapa nalika cilik padha bebarengan
anggoné sinau lan dolanan. Banjur saiki adhep-adhepan kaya satru memungsuhan.
Kanggo mbombong Arjuna, Kresna banjur paring wejangan. Jejering satriyatama
kudu wani bela marang bebener, mbrastha durangkara nadyan bakal memungsuhan
karo seduluré dhéwé. Wejangan iku katelah Bhagavad Gita, tegesé Gita sang
bagawan utawa nyanyian tiyang suci.
Kitab Bhismaparwa uga
nyritakaké kalahé sang Bhisma, uwak para Pandhawa lan Korawa. Bhisma iku
kagungan aji-ajisaratalpa) nganti Bharatayuddha bubar. Bhisma ketaman maèwu-èwu
jemparing nganti dhawah, nanging ora tiba ing lemah, amung anèng pucuk-pucuk
jemparig mau. bisa séda sawanci-wanci. Nanging dhèwèké milih tetep turon ing
“pasaréyan jemparingipun” (
7.
Dronaparwa
Kitab Dronaparwa ora
ana ing Tanah Jawi. Kitab kang kaping pitu saka wiracaritaMahabharata iku
nyritakaké prakara sédané bagawan Drona ing perang Bratayuda (Bharatayuddha).
Dhèwèké diapusi Yudisthira nalika Drona krungu Aswatama putra kinasihé, gugur
ing palagan. Yudhistira iku duwé watek jujur, ora gelem dora. Nanging marga
akalé Kresna, Yudhistira kapeksa goroh matur marang Drona. Sabeneré kang gugur
iku dudu Aswatama, nanging Esthitama (gajah). Marga aturé Yudhistira lirih lan
mèmpèr nyebut Aswatama, mula Drona banjur nglolosi badané banjur kaperjaya
déning Pandhawa.
8.
Karnaparwa
Karnaparwa, iku kitab
kaping 8 Mahabharata. Isiné nyaritakaké sang Salya kang dadi kusir rata sang
Karna. Kanthi kréta kang dikusiri déning Kresna, ing perang tandhing iku,
wusanané sang Karna kaperjaya dening sang Arjuna, seduluré dhéwé. Kitab ini ora
ana ing versi Basa Jawa Kuna.
9.
Salyaparwa
Salyaparwa iku kitab
kaping 9 Mahabharata. Kitab iki nyaritakaké sang Salya kang dadi sénapati
perang para KorawaBharatayuddha). Wusanané banjur kaperjaya déning
prabuYudisthira. Ngerti kahanan mau, Dèwi Satyawati (garwané Salya) banjur
abèla pati (bunuh dhiri). ing Bratayuda (
10.
Sauptikaparwa
Sauptikaparwa iku kitab
kaping 10 Mahabharata. Kitab kang ora ana vèrsiné ing basa Jawa Kuna iki
nyaritakaké sang Aswatama. Dhèwèké arep mbales para Pandhawa banjur
meneng-meneng mlebu kedhaton Ngastina. Ing kono banjur mejahi para putra
Pandhawa,Srikandi, lan liya-liyané. Ing wusanané, Aswatama banjur kaperjaya
déning sang Arjuna. Ing sastra Jawi Ènggal, carita iku dadi lelampahan ringgit
(lakon wayang) “Aswatama Gugat”.
11.
Striparwa
Striparwa iku kitab
kaping 11 Mahabharata. Kitab iki ora ana ing vèrsi Jawa Kunané. Carita kang
cekak iki ngandhut isi sasambaté para garwa satriya kang tinilar pejah ing
perang Bratayuda (Bharatayuddha). Para garwa mau banjur nindakaké ritual
sraddha.
12.
Santiparwa
Santiparwa iku kitab
kaping 12 Mahabharata. Ing versi basa Jawa Kuna, kitab iki ora ana. Ing kitab
iki dicaritakaké prakara wejangan-wejangan bagawan Bisma nalika anèngsaratalpa
utawa “ranjang panah” sawisé kalah ing perang Bratayuda (Bharatayuddha). Bisma
paring wejangan wigati marang Raja Yudisthira.
13.
Anusasanaparwa
Anusasanaparwa iki
kitab kaping 13 Mahabharata minangka terusané Santiparwa, prakara gunemané
Yudhistira lan Bisma. Kitab iki ora ana ing versi basa Jawa kuna. Ing kitab iki
uga dicritakaké anggoné Bisma séda lan wangsul menyang swarga.
14.
Aswamedikaparwa
Aswamedikaparwa iki
kitab kaping 14 Mahabharata. Kitab iki ora ana ing versi basa Jawa Kuna. Kitab
iki nyaritakaké Parikesit, putra Abimanyu, wayah (putu) Arjuna kang dijumenengaké
dadi Ratu Ngastina nganti séda, dicakot déning si naga Taksaka. Carita bab
Parikesit kang dicakot déning Taksaka uga ana ing kitab kapisan, kitab
Adiparwa.
15.
Asramawasikaparwa
Asramawasikaparwa utawa
ing versi Jawa Kuna kasebut Asramawasanaparwa iku serat utawa buku kaping 15
ing wiracarita Mahabharata. Caritané mangkéné: Sawiséperang Bharatayuddha, sang
Drestarastra diangkat jumeneng dadi ratu limalas taun suwéné ing Ngastina.
Karepé nulung Drestarasta amarga para putra lan kulawargané uwis ora ana kabèh.
Para Pandhawa isih padha taat lan bekti nglelipur Drestarastra supaya ora
kèling-kèlingan para putrané. Ananging sang Wrekodara rumangsa anyel amarga
kélingan sang Duryodana kang biyèné seneng tumindak ala. Nalika ora ana
sapa-sapa, sang Drestarastra banjur dilèh-lèhaké luputé. Ing wusana sang
Drestarastra ora tahan manèh lan pamit marang Yudisthira kersa tilar nagari,
manggon ing alas. Dhèwèké banjur diteraké para sesepuh: Arya Widura, Dèwi
Gandhari lan Dèwi Kunthi. Nalika mbangun tapa, Pandhawa naté niliki, ananging
ora suwé, sang Drestarastra banjur séda
lan disusul déning para pendhèrèké.
16.
Mosalaparwa
Mosala Parwa iku
perangan nomer 16 (nembelas) ing kitab Mahabharata. Ing kéné kacaritakaké
musnané para Wresni lan Yadu, utawa wong-wong ing krajan Mandura
(Madura)-Dwarawati. Nalika kuwi Bathara Narada lan sawetara resi lunga menyang
Dwarawati. Ing kéné wong-wong iki nylamur laku dadi pandhita. Samba lan
wong-wong Dwarawati nggoda. Samba didandani kaya déné wanita kang lagi ngandhut
(meteng). Pandhita mau ditakoni ‘’bayi’’ kang ana ing weteng iku lanang apa
wadon. Pandhita mau nesu amarga ngerti yèn sejatiné wong mau Samba kang lanang.
Pandhita iku supata yèn mengkoné Samba bakal nglairké tenan gada (mosala) wesi
kang bakal matèni trah Yadu. Pocapan iku dadi kasunyatan. Sawisé lair gada
kuwi, banjur dilebur dadi lebu (serbuk) lan diguwang menyang segara. Baladewa
lan Kresna banjur nglarang wong-wong padha mabuk-mabukan.
Sawijiné dina, Bathara
Kala teka. Iku dadi pratandha yèn bakal ana bebaya. Wong-wong sanegara banjur
gawé upacara ing pinggir segara. Nalika upacara iki dileksanakaké, wong-wong
padha ngombé arak, mabuk, lan adu tandhing. Pisanané Satyaki ngécé
Kretamarmakang mlayu saka paprangan Bharatayuddha. Kretamarma mati dipatèni
déning Satyaki nganggo kayu glagah kang thukul ing cedhak kono. Wit-wit glagah
iku sejatiné saka gada (mosala) kang dibuwang ing segara. Glagah mau banjur
dadi wesi kang kuwat. Wong-wong banjur padha tandhing nganggo glagah-glagah mau
lan mati kabèh. Kresna lan Baladewa sedhih. Ing crita iki iku kasebut patiné
Baladewa lan Kresna. Baladewa mati nalika tapa lan saka tutuké metu naga.
Kresna mati nalika tapa kanthi lungguh ing godhong, ing ngalas. Nalika iku uga
ana wong kang lagi mbedhag (beburu) lan panahé ngenani Kresna.
17.
Prasthanikaparwa
Prasthanikaparwa iku
kitab saka wiracarita Mah?bh?rata pérangan kang kaping-17. Kitab iki uga ana
sadhurané ing basa Jawa Kuna. Sang Maharaja Janaméjaya ndangu bagawan
Wésampayana supaya nyritakaké prastawa sawisé para Yadu sirna binesmi. Bagawan
Wésampayana banjur ngandika yèn Yudhisthira mula-mulané pasrah bareng para Yadu
wis séda kabèh. Prabu Yudhisthira banjur ngandika marang sang Arjuna yèn
bathara Kala kang nyababaké kabèh
kasripahan iki. Prabu Yudhistira banjur dhawuh para saduluré supaya lèrèh
kaprabon lan mbangun tapa. Sawisé iku para Pandhawanjumenengaké ratu sang
Parikesit ing Ngastina, diemong déning bagawan Krepa lan Yuyutsu. Sawisé iku,
sawijining dina banjur nganakaké upacara kanggo mèngeti para Yadu sing wis
séda. Para kaum brahmana disumbangi dhuwit lan para Pandhawa salin rasukan,
ngagem kulit kayu (dluwang) banjur tindak tapa nilar kaprabon. Ana uga
sawijining segawon kang ndhèrèkaké. Sang Parikesit sawadyabala uga ndhèrèkaké,
nanging banjur mulih menyang kedhaton.
Para Pandhawa mbacutaké
lelanané tekan sagara. Nalika iku Sang Hyang Agni rawuh lan dhawuh marang sang
Arjuna, supaya jemparing kang naté diparingaké nalika alas Kandhawa kobong,
kacemplungna ing segara. Sawisé iku, kabèh padha nerusaké laku manèh nurut
pasisir, banjur mènèk gunung Himalaya, metu ara-ara wedhi(walukarnawa). Nalika
iku sang Dropadi ana ing kana rubuh, séda. Sebab sédané Dropadi yaiku amarga
mbiyèn sanadyan dadi garwané para Pandhawa lima, dhèwèké paling asih marang
Arjuna. Sawisé iku sang Sadéwa, uga séda. Sebab sédané yaiku dhèwèké
kumalungkung lan gumedhé, yèn ora ana kang madhani kapinterané dhèwèké. Sawisé
iku, Nakula uga séda. Sebab sédané Nakula amarga dhèwèké gumedhé ora ana sing
madhani kabagusané. Banjur Arjuna ya séda, sebabé dhèwèké tau gumedhé nalika
perangBratayuda, sesumbar celathu bisa ngalahaké para Korawa ing sadina. Ing
wusanané sang Wrekodara ya rubuh, séda. Sebabé, yèn mangan dhèwèké mesthi ora
mikir wong liya lan kasar ora nduwé tatakrama.
Bathara Indra mapagaké
sang Yudhisthira banjur ngaturi mlebu swarga. Sang Yudhistira duwé karsa bilih
si asu ya diparengaké ndhèrèk. Wasana, si asu badhar dadi Bathara Darma.
Yudhisthira banjur mlebu sabadané wadhag. Nanging bareng ana ing swarga ora ketemu
karo adhi-adhiné sarta déwi Dropadi. Sang Yudhisthira sumadya nggolèki, karsa
kumpul karo para sadulur ing naraka.
18.
Swargarohanaparwa
Swargarohanaparwa iku
carita Mahabharata pérangan kang angka 18 lan kang pungkasan. Kang dicaritakaké
iku: Prabu Yudhisthira uninga sang Duryodana ana ing swarga kasungga-sungga.
Sang Yudhisthira kersa uninga dunungé para rayi-rayi, banjur mlebu ing naraka,
kadhèrèkaké utusan, pinangka saka dhawuhé para Jawata. Ana ing naraka uninga
sawernaning paukuman lan mireng sambaté wong-wong kang padha disiksa. Wasana
kang padha kasiksa lan sambat-sambat mau rayi-rayi lan kulawargané. Sang
Yudhisthira ora trima déné Jawata ora adil. Sing andhèrèkaké kadhawuhan mulih,
sang Yudhisthira ora kersa bali saka naraka. Para Jawata padha rawuh, naraka
banjur malih dadi swarga. Olèhé para Pandhawa ana naraka iku kaukum déné cidra
marang sang guru, bagawan Drona lan liya-liyané; nanging saiki wis luwar.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar