Ksatria Jurit

Wilujeng Rawuh wonten Blog Jiwa Jawi dening Oki Bagus S lan Ernis Rositarini

Kamis, 12 September 2013

Upacara Adat Jawa




Mitoni iku asalé saka tembung pitu. Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi. Ancasé kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sipaté tolak bala. Ing dhaérah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban.
Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna ing sasi kaping 7. Reroncen acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati. Urut-urutane yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake klapa gadhing enom), medhot lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasane yaiku kendhuren. Acara siraman mung dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu dianakake ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa dina Jemuah awan nganti mbengi.
Rangkeyan Acara Rantaman adicara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati, urut-urutan yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ing njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan nglebokake cengkir klapa gadhing, medhot lawe utawa lilitan benang janur, mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasan kendhuri kendhuren.
Acara siraman namung dianakake kanggo mitoni anak mbarep.
Wektu Miturut adat Jawa mitoni iku kudu diadani ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi, saderengipun wulan 'purnamasidhi'.

Brokohan utawa barokahan iku salahsijining upacara adat Jawa kanggo nyambut kelairan bayi. Upacara adat iki nduwe makna ungkapan syukur lan sukacita amarga proses klairan iku slamet.
Brokohan iku asal tembunge saka basa Arab yaiku "barokah" sing maknane ngarepake berkah. Tangga teparo ya iku mliginé para ibu ing saubengé diaturi rawuh malah kerep tanpa diaturi rawuh padha nyambangi kulawarga sing lairan saperlu ngucapaké rasa mèlu bungah, biyasané kanthi nggawa bingkisan arupa wedhak, sabun, kopi, gula lan sapanunggalané. Sing tumindak minangka pangarsa adicara Brokohan iki ya iku Dhukun Bayi. Sesajèn upacara sing dibutuhaké ya iku:
Tumrap golongan bangsawan: dhawet, endhog mentah, jangan menir, sega ambeng, sega karo lawuh, jeroan kebo, pecel karo lawuh ayam, kembang setaman, klapa lan beras.
golongan rakyat biyasa: sega ambengan sing dumadi saka sega jangan, lawuh pèyèk, sambel gorèng, témpé, mihun, jangan menir lan pecel ayam.
Upacara nyenyuwun supaya bayi dadi bocah sing apik sing diwiwiti kanthi mendhem ari-ari lan nyadiakaké sesajèn brokohan sing didum marang para tangga.Tedhak sitèn utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 wulan utawa 6 lapan. Upacara iki ing dhaérah liya ing Nuswantara uga ana, contoné sing diarani upacarainjak tanah ing dhaérah Jakarta déning suku Betawi utawa uga ana sing ngarani "mudhun lemah" lan "udhun-udhunan"Upacara Tedhak sitèn dianakaké amarga ana kapitayan masyarakat Jawa yèn lemah kuwi nduwéni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala. Kanggo ngindari kadadéyan sing ora becik, mula dianakaké upacara ngenalaké putra-putriné marang Bathara Kala minangka sing njaga lemah. Anggone nglakoni upacara iki, luwih becik miturut weton.Tedhak sitèn iku asalé saka tembung tedhak, idhak utawa mudhun lan sitèn (saka tembung siti) utawa lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang bocah sing siap-siap njalani urip liwat tuntunan wong tuwa lan diselenggarakaké yèn umur bocah wis 7 selapan utawa 245 dina (7 x 35 = 245).Ubarampé kanggo upacara tedhak sitèn akèh, kayata:
Pengaron
 sing diisi kembang setaman.
Kurungan
, kanggo nggambaraké yén donyané anak isih sithik utawa ciut.
Werna-werna barang sing diséléhaké sajroning kurungan kang nggambaraké suwèné urip, manungsa duwé kawajiban nggolèk "nafkah", kayata: Pari  sabengket Kapuk sabengket Piranti nulis Bokor kang diisi beras kuningWerna-werna jinis dhuwit "Perhiasan"
Klasa
 sing isih anyar, kanggo lémèk ning jeroning kurungan.
Bakaran pitik, kang nggambaraké pedoman uripé anak.
Tangga tebu "rejuna", yaiku tebu sing wernané ungu kang nggambaraké undhak-undhakané urip sing arep dilakoni anak.
Jadah
 pitung werna, yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Tegesé kanggo ngemutaké anak yén urip kudu waspada saka godaan werna-werna.
Bancakan, kayata sega gudhangan sing dibagékake marang para tamu sing teka.


Bersih desa iku salahsijining upacara adat Jawa sing diselenggara'ake bubar panen pari dadi maksude kanggo ngucapake syukur tandhuran pari brasil dipanen lan kasile apik.Upacara adat iki kadhang uga diarani upacara mreti desa lan biasa digabung karo upacara adat sedekah bumi utawa mreti bumi.Masing-masing dhaerah nduwe tata cara lan prosesi upacara sing seje-seje miturut kabiasaan masing-masing ning tujuane padha wae. tujuane
Kanggo ngucapake syukur marang Tuhan sing wis aweh anugrah kasil panen pari sing melimpah
Kanggo njaga keslametan para warga desa saka gangguan hal-hal sing gaib, roh utawa arwah sing gentayangan uga saka gangguan-gangguan penyakit, keamanan lan bencana.
Kanggo ngresi'ake desa lan wargane saka alangan utawa kesusahan supaya kaadaan desa dadi tentrem lan aman.

Sumber : http://jv.wikipedia.org/wiki/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar