BISMA
GUGUR
Garapan : Oki Bagus Setiawan
Ing
sawijining dina para punggawa lagi teka
ing sidang pesangrahan bulupitu. Kabeh padha seneng amarga resi Seta,
senapatine Pandhawa wis sedha. Ing sidang kono Duryudana bungah banget nganti.
Ing sidange Kurawa kuwi para punggawa wis dijamu masakan sing enak enak kanggo
ngrayakne kemenangan sedhane Resi Seta.
Remreng sorote kang
Hyang arka kaeksi o
Pucaking aldoka murup .
Yen janmaha kadhi sung
sasmitha
Dhasih ing salirring
laku o
Lampahing dumadi ,
nilir gumanthi o.
Dhuka sukaning griya ,
Yekti gegadhangan o
Pangesahing diri ,
titahing Gusti o
Kangsarwa dumadhi o.
Duryudana
: hahaha, Kurawa menika bakalan
menang, Eyang Bisma. Boten wonten prajurit ingkang saged nandingi kesaktianipun
Eyang. Boten percuma perang telulas dina menika Eyang. (Karo ati seneng lan
lagi mangan masakan sing lagi dihidangna)
Resi
Bisma : iya kudu menang terus
anggene perang, sing penting strategi kuwi aja nganti salah anggone nglampahi.
Kepriye yen awake dhewe nggawe strategi anyar maneh?
Duryudana
: hahahah lha wonten menapa kok
ndamel strategi enggal eyang?
Resi
Bisma : Ya ora kaya ngono. Ngeneki
yen Kurawa nggawe strategi sing wis tahu digawe bakalan dingerteni karo
Pepundene Pandhawa.
Duryudana : Inggih leres Eyang. Sekedap kula badhe ngundhang para prajurit Kurawa
Duryudana : Inggih leres Eyang. Sekedap kula badhe ngundhang para prajurit Kurawa
Resi
Bisma : Ya tak enteni lakumu.
Ing
sidang iki mau Kurawa nduwe karepan gawe formasi perang anyar. Rencana wis ditetapne awit sidang wis dipungkasi. Wengi
iki Duryudana sakbare sidang turu angkler amarga wis wareg lan ngimpi apik,
ngimpikne bojone.
Wengi saya wengi, suara manuk pating mendengkur.
Wis wayahe sinar srengenge metu, para punggawa lan
prajurit saben kerajaan padha siaga karo prajurit sing handal. Cacahe sithik
ora pengaruh amarga wis ana kekuatan dhewe dhewe. Ing Pandhawa, Prabu Prabu
Kresna wis gawe strategi sing bakal bisa ngancurke pasukane Kurawa. Ing
peperangan wingi musuh Resi Bhisma, ana sing urung diajak maju perang.
Perang mulai dilaksanakne maneh.
Resi Bisma : Heh kowe Pandawa bakal mati kabeh
kowe musuh gaman ku (ngetokne panah)
Raden Arjuna :
ora bakal isa eyang arep nanding para Pandawa (Karo nglindungi barisan ngetokne
panah)
Resi Bisma : nyoh ngger tandingana udan panah saka aku
Raden Arjuna : (nandingi karo nembakne panah )
Resi Bisma : nyoh ngger tandingana udan panah saka aku
Raden Arjuna : (nandingi karo nembakne panah )
Ing kono perang wis dimulai para pandawa ngetokne
gaman sing paling dianggep paling. pedhang padha ketemu pedhang lan sing nduwe
gaman padha gelut kabeh.
Raden Werkudara : nyoh kurawa tampanen iki Gadha ku kanggo nangani kelakuanmu (karo mlayu ning tengah tengahe barisane kurawa). Ora bakal tak wehi ampun kowe kabeh.
Raden Setyaki : Aku ora bakal meneng wae ngger, bakal tak ladeni kowe Kurawa (Ngetokne Keris Wesikuning)
Durmuka lan Citrawarman : Maju mrenea Prabu sakti Raden Werkudara lawan aku
Raden Werkudara : nyoh kurawa tampanen iki Gadha ku kanggo nangani kelakuanmu (karo mlayu ning tengah tengahe barisane kurawa). Ora bakal tak wehi ampun kowe kabeh.
Raden Setyaki : Aku ora bakal meneng wae ngger, bakal tak ladeni kowe Kurawa (Ngetokne Keris Wesikuning)
Durmuka lan Citrawarman : Maju mrenea Prabu sakti Raden Werkudara lawan aku
Raden Werkudara :
Aja kakean omong kowe entenana
Raden Setyaki :
Mati kowe Jayawikatha karo gamanku
Jayawikatha
: Ora bakal bisa koe
prabu Raden Setyaki nandingi aku (nginggati keris)
Raden Setyaki :
Iki terimanen ciaaaaaaaaaaaaaaa
Akeh sing wis padha kalah prajurite pandhawa, nanging Resi
Bisma ugung kalah, Resi Bisma ngetokne gaman e, Ing kene Resi Bisma arep manah Raden
Werkudara.
Resi Bisma :
Kowe wani mateni prajurit Kurawa, bakal tak bales kowe cah bagus. (ngetokne
panah)
Raden Werkudara :
Boten ajrih kula kalih panjenengan Resi Bisma
Resi Bisma :
nyooh tampanen
Raden Werkudara :
aduuuh kena aku gamane, nanging aku ora krasa apa apa hahahahahahahah
Resi Bisma :
Aduh kok ora mati kowe cah bagus??
Ing buri kuwi ana sang Prabu Kresna Raden Arjuna lan wara Wara Srikandi
lagi rembugan bababgan ngalahne sang bisma. ora let suwe
Prabu Kresna :
Wara Srikandi (nyeluk)
Wara Srikandi :
nuwun inggih
Prabu Kresna :
ya mung kowe kesatria ku sing arep tak ajokne perang
Raden Arjuna :
iya yayi, iki supaya ora akeh maneh korban sing kena amuke Eyang Bisma
Prabu Kresna :
bener kui ature Raden Arjuna
Wara Srikandi :
nanging kula saged menapa?
Prabu Kresna :
wis ora usah wedi, koe wis pinter duwe ilmu panah
Wara Srikandi :
inggih, nanging kula dereng pinter sanged
Raden Arjuna : ora usah
wedi aku ana ing mburimu yayi
Ing ceritane wis suwe yen Resi Bisma kuwi mau ora oleh
seneng karo Dewi, Dewi sing dadi katresnane. Dewi Amba asmane sing tresna
banget. Loro karone padha seneng banget. Nanging ing kono tresnane kalangan
karo hukum ing donyane.
Dewi Amba sing mati ora bisa tenang yen ora Resi Bisma padha mati. Ing kesempatan iki Dewi amba bisa mapak tekane pati Sang Bisma. Dewi Amba melbu ing panah sing digawa perang Wara Wara Srikandi musuh Sang Bisma.
Dewi Amba sing mati ora bisa tenang yen ora Resi Bisma padha mati. Ing kesempatan iki Dewi amba bisa mapak tekane pati Sang Bisma. Dewi Amba melbu ing panah sing digawa perang Wara Wara Srikandi musuh Sang Bisma.
Umyung ramya swaraning
kang samya kumpul
Sejuru juru atata
tancarup
Deniran mamprenah o
Sangyaning pra wadya
bala
Sawega gegamane laga
Raden
Arjuna : Iki yayi Wara Srikandi koe kudu
bisa ngalahne sang Bisma. Iki wis tak sangoni gaman sing paling ampuh kanggo
mapak patine sang Bisma.
Wara
Srikandi : Inggih kakang Raden Arjuna. Mugi kula saged mateni Resi Bisma.
Raden
Arjuna : Aku percaya karo sampeyan. Kowe salah sijine prajurit panah sing
pinter ing peperangan.
Wara
Srikandi : Inggih boten kakang, kula dereng pinter ing peperangan, nanging yen
menika utusane Prabu Prabu Kresna mugi kula saguh nglampahi.
Raden
Arjuna : kudu bisa yayi, aku bakal
ndukung kowe, ayo gage tak terna menyang medan perang yayi.
Wara
Srikandi : inggih mangga kakang Prabu
Sabanjure
pacelathonan mau langsung Raden Arjuna ngeterake Wara Wara Srikandi ing medan
perang. Raden Arjuna nggandeng wara Wara Srikandi munggah ing Kreta Perang
bareng Prabu Prabu Kresna. Ora lali gamane gandhewa sing dicekeli ing tangan
kiwane Wara Wara Srikandi. Mlayu banter Kreta Sing ditunggangi karo Prajurit
Prajurit tangguh sing arep mateni Sang Bisma.
Prabu
Kresna : Awas Eyang Bisma bakal tak papak patimu ben panjenengan bisa ketemu
sing kok tresnani.
Wara
Srikandi : Prabu, kula boten pinter manah, kula ajrih menawi mangke tambah
bleset boten saged mejahi Eyang Bisma.
Prabu
Kresna : Kowe kudu yakin iki demi prajurite pandawa
Raden
Arjuna : Yayi Wara Srikandi, aku bakal ning mburimu.
Ing
seberang kono sang Resi Bisma wis siap karo serangane Prabu Prabu Kresna lan
prajurit panahe kanggo mateni Resi Bisma.
Duryudana
: Eyang, pripun menika, eyang saguh napa boten ngadepi wara Wara Srikandi
piyambakan?
Resi
Bisma : Ora sah wedi, aku bakal bisa
ngatasi dewe. nanging yen aku bakal kena panah lan mati ning peperangan aku
nduwe pesen kanggo para prajurit. Wis aku tak maju ing perang.
Resi
Bisma wis ngenteni tekane Wara Srikandi, saya cedak saya cedak bisma nyawang
raupane Wara Srikandi katon kaya Dewi Amba sing di tresnani. Arwahe Dewi Amba
membo membo ning awake Wara Srikandi kanggo ngewangi Wara Srikandi perang.
Lenglenging driya
mangung mangungkung,
mangungkung kandruhan riman,
lelena tanpa kamin o.
Wara
Srikandi : Mangga prabu kula nyuwun restu kagem narik panah gandewa mejahi
eyang Bisma
Prabu
Kresna : Iyaa prajurit panahku tak
restuni kowe.
Wara
Srikandi : nuwun inggih gusti
Wis
siap dening panah sing gawe mapak tekane patine Eyang Bisma
Wara
Srikandi : Nyoh tampanen eyang panahku sing mapak patimu
Resi
Bisma : iya mangga tak tampa
Titis
bidikane panah Wara Srikandi nancep ana ing dadane eyang bisma . lan tiba awake
resi bisma ing padang kurusetra. Langsung mandek peperangan mau amarga Resi
Bisma wis keno dadane sing dipanah dening Wara Srikandi . Ora let suwene
Duryudana lan Puntadewa mlayu nyedak ing cedake Eyang Bisma.
Kembeng kembeng ,
kumembeng wasra dres mijil
Putra kang sun tresna ,
hywa tinilar wakmami
Mara age hanuraga
Duryudana
: eyang eyang Bisma , eyaang
Puntadewa
: ampun seda riyin Eyang , pandawa
dereng kalah eyang
Duryudana : heh mandek leh e perang prabu , eyang
Bisma wis ora kuat maneh
Resi
Bisma : wis wis anggone aku melu
karo Kurawa ing perang iki . aku wis ora kuat. Lalekna kabeh musuhan karo
Pandawa . kowe kabeh wis apik akeh bakti marang aku ngger . Yen tekatmu kuat
kowe bakal nerusake perang iki supaya ngerti sing paling bener ing perang iki
Puntadewa
: inggih eyang
Resi
Bisma : Selehna ragaku ngger
Duryudana . supaya aku penak anggenku mabur marang sang pencipta urip iki
Duryudana
: Eyang menika kula aturaken
segelas anggur merah kagem eyang
Resi
Bisma : ora usah , aku ora kepingin
sing mbok gawa
Puntadewa
: nggihpun kakang mboten usah
kangelan yen eyang boten purun
Raden
Arjuna : (karo nyelupne panah ing banyu
kuda perang)
Prabu
Kresna : menika eyang kula badhe atur
marang eyang wonten tuya kagem eyang
Raden
Arjuna : menika eyang
Resi
Bisma : (ngombe karo mesem sedurung
jiwane mabur )
Sakwise
ngombe banyu saka Raden Arjuna , Resi Bisma langsung meneng lan seda .
Gandengan tangane karo wanita sing ditresnani yaiku Dewi Amba lan Raden
Dewabrata (Resi Bisma) sing saiki bisa nyatu nanging ora ing ndonya
TANCEP KAYON
Tidak ada komentar:
Posting Komentar