Aku bocah BrokenHome
Umurku
saiki wis limalas taun, yen diumpamakake kaya kembang sing arep mekar. Umur
wong sing isih goleki jatining diri lan gampang kegawa karo kahanan. Ing umurku
iki aku kudu nerima kahanan sing pait sing semestine aku ora ngerasakake.
Kahanan hubungan Bapa Biyungku wis pecah. Aku ngerti sing semestine kedadeyan
lan ora diceritakake marang awakku. Aku anak tunggal sing ora nduwe sedulur.
Yen aku cerita marang kancaku, padha bae kuwi buka aib keluwargaku. Makane aku
meneng lan mendem dhewean nganti aku nangis misek misek
“Oh Gusti, apa
aku kudu cerita marang kancaku ? aku butuh nasihat, awakku gung siap nerima
dhewean, aku ora nduwe sapa sapa”
Aku
saya suwe saya kesisa batinku. Banjur aku lunga njumuk banyu wudhu, aku
kelingan yen aku esih nduwe Gustiku sing ora kesel ngrungokna rintihanku supaya
aku kuat ngadepi iki dhewean. Aku percaya yen Gusti ora bakal mbocorake marang
sapa-sapa.
Sejak
kedadeyan iki, aku jarang metu saka omah, aku saiki ngentekne wektuku ana ing
kamar, bedha karo jaman sedurung ana kabar kaya mangkene. aku sering dolan
kluyuran. Aku wis mikir yen aku bakal dadi bocah sing broken home. Awakku mulai mikir dewasa supaya aku ora kegawa arus
ana ing pergaulan sing macem – macem, amarga akeh sing wis kabukten yen bocah
sing nasibe kaya aku bakal dadi rusak. Mabuk mabukan. nanging aku kudu bisa
jaga awakku. Mung Gustiku panggonan sing bisa nentremake ati.
“Gusti aku
percaya, aku janji bakal ana ing dalanmu, aku yakin dalanmu bakal ana akhir
sing nyenengake”
Wektu
terus mlaku, lan masalah saya suwe saya wis ora kepikir. Aku ngarep supaya ora
muncul perkara kuwi maneh. Aku ora bakal
cerita marang kancaku apa sing dadi aib keluwargaku. Saiki umurku wis mateng.
Njangkah 18 taun.
Ing
sasi Desember, lan aku arep ngadepi ujian. Ya Gusti, kedadeyan ana perkara liya
ing keluwargaku. Kedadeyan sing diawali wektu Bapa lunga menyang daleme mbah
putri. Ing wayah grimis mudhun tengah wengi. Bapa teka nesu – nesu lan mara
ning kamarku. Wektu kuwi aku lagi turu dikeloni karo Biyungku
“wong loro iki
nengdi kabeh, ditelfon ora diangkat-angkat” karo rai sing abang ireng lan nesu
ning aku lan Biyungku
“Biyung kala wau sare Bapa, hape Biyung
dipunpejahi amaragi wedi yen nggangi” ujare Biyung marang Bapa
Aku
mung meneng bae, aku ora jawab saukara, aku wedi karo praupane Bapa sing
ngedeni banget yen lagi nesu. Aku ya salah, amarga aku ganti nomer hape lan ora
ngandani Bapa
“kowe iki bojo sing ora ana gunane! Kowe
mending lunga saka omah, melu karo gendakanmu” omongane Bapa nyang Biyung sing
karo nesu nesu
“panjenengan menika menapa to mas? Sampun
sepuh mbok nggih dikontrol emosine, nembe rawuh mbok nggih salam, malah nesu-nesu
mboten jelas” saurane Biyung
“ngerti ora ban motorku bocor lan kudanan,
nanging apa ? kowe kabeh ditelefon ora bisa kabeh, ora ngerti kahanane aku sing
kudanan, yen aku lara kepriye ?” Bapa tambah nesu lan emosinan
“jarak saka kene ana ing panggonanmu bocor kan
cedak, gerimis mbok ya njaluk tulung marang tanggane, kudune panjenengan
ngendika apik apik, boten malah ngusir kula amargi perkara sepele” saurane
biyung sing tambah jengkel karo Bapa.
Tambah saya suwe omah dadi kaya
neraka, hawane wis ora kaya biasane, isine emosi Bapa lan Ibuku.
Aku
nangis ngerti kaya mangkene. aku keweden banget. Keweden yen aku bakal dadi
bocah sing broken home.
“aku bisa apa ? “ takonku ana ing atiku aku
mung bisa ngetokake eluh sing terus netes ana ing pipi
Banjur
Bapa metu saka omah lan mbanting hapene. Panjenengane ora peduli hapene bakal
rusak utawa kepriye
“panjenengan ngusir aku sami mawon ngusir kula
kalian anakku, amrgi dheweke bakal melu kula lunga saking omah niki. Omah
menika nggih kagem arta kula, ampun kesupen lan diemut emut”
“Bapa.... Biyung.....” tambah kenceng
tangisanku, aku mung bisa nangis tanpa bisa melu njawab emosine bapaku
“kowe sayang karo Biyungmu nduk ? kowe bakal
dadi bocah sing melu Biyung yen Biyung lunga saka kene” Biyung nakoni aku karo
ngerangkul pundhakku
“Ampun kesah saking mriki Biyung, kula boten
purun” aku nyauri karo ngerangkul ana ing awake Biyungku
“ora, awake dhewe ora bakal lunga saka kene,
iki omah uwis tak bangun kanggo awakmu nduk “ saute Biyungku
……kahanan wis
rada ora tegang maneh, Bapa wis lunga saka kamarku, aku nganti ora sempet
mangan, aku wedi banget yen bapa karo biyung bakal nesu-nesu maneh
Saka
kedadeyan iki, Bapa tahu ngusir Biyungku, saiki keluwargaku wis ora ayem. Wis
ora tau solat bareng, ora tau dolan blanja bebrengan maneh. Aku ngerti watake Biyungku.
yen wis kuciwa marang wong, bakal ora bisa ngelalekake kedadeyan iki. Nadyan Bapa
wis usaha njaluk ngapura marang Biyung. Nanging Biyung tetep ora bisa nerima
Aku
lagi meneng ning kamar. Biyung teka marani aku ing kamar
“nduk yen Bapa Biyungmu
pegatan kaya pie ?”
“ana apa Biyung
ngendika kados mekaten ?
“Bapa lan Biyung
wis ora ana cocoke blas, yen diterusake bakal dadi neraka omah iki nduk”
“biyung, menapa
kok ngantos pegatan ? panjengan sampun mikir menawi mangke kula nggadahi
sisihan lan taken kaliyan kula babagan bapa, kula kedah pripun bu ? kula menapa
kedah kendel ? kula lingsem bu, lengsem kalian pria ingkang badhe nyedakki
kula, dereng malih kula kagungan kanca, sakmenika radi kathah ingkang ngadohi
kula, amargi sifat kula ampun benten”
Biyung
wis bingung, lan Bapa mung meneng ngerti omonganku karo Biyung
Bapa
wis kepingin nangis ngerti omonganku.
Aku
kudu katon kuat ing ngarep sapa bae. Wong liya ora ngerti apa sing kedadeyan
iki. Sedulurku sedulure Bapa Biyung ya padha ora ngerti apa kedadeyan perkara
sing lagi tak alami ana ing keluwarga. Aku bisa mendem apa perkarane ing keluwargaku.
Aku dudu bocah labil sing mesti ngumbar perkara ana ing facebook utawa twitter.
Aku ngerasa wong liya ora perlu ngerti perkara sing bisa gawe bubrah awakku
iki. Supaya aku ora terusan dadi nangisan, aku ngelakoni wektu kanggo sinau
sing gawe ujianku mengarep supaya aku dadi sukses lan bisa ngerawat wong tuwaku
yen wis tuwa mengko.
“iki dudu salahku, dudu salah Biyungku, dudu
salah Biyungku, iki takdire Gusti sing diwenehake marang keluwargaku. Tapi aku
kudu tetep dadi awakku sing tugasku iku sinau sing bisa nggayuh masaku nadyan
aku wis nduwe sebutan bocah broken home, lan aku nduwe pangarep yen aku nduwe
kanca tapi ora ngucilna aku amarga latarbelakange keluwargaku
Sakwise
badha wingi, Bapa lan Biyung resmi pegatan. Bapa mbaleni omongane sing pernah
kaucap, yaiku ngusir Biyungku. Langsung Biyungku lunga nggawa barange
dititipake marang mbahputri. Nganti mbesuk Biyungku saguh tuku omah anyar. Tapi
Bapa nduweni rasa nyesel wis nundung minggat aku lan Biyungku. Ora kuwawa wis
kedadeyan. kahanan ora bisa dibaleni maneh. Saiki Bapa wis kelangan bagian
uripe
Saiki
aku wis ngerti artine dewasa kaya apa. Ora perlu ngenteni tua kanggo dadi
dewasa. Setaun mengarep Biyung wis bisa tuku omah anyar kanggo aku lan Biyungku.
Aku nduwe pengarep yen iki panggonan sing saklawase aku seneng bareng
keluwargaku. Aku ora kepingin kedadeyan perkara maneh sing wis tahu tak
rasakake saiki uripku wis anyar lan tentrem melu Biyungku tanpa ana Bapaku sing
wis di pegat sakwise badha wingi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar