Ksatria Jurit

Wilujeng Rawuh wonten Blog Jiwa Jawi dening Oki Bagus S lan Ernis Rositarini

Kamis, 12 Desember 2013

Cerita wayang

PANDAWA SYUKUR

Ana ning driya mangun mangungkum, kanduhan rimang rerina tanpa kauing, yen tantu sangku santya utama ooong…… sang nata, mudha wuwus wis nyangreku…
Mring sang kusuma kang nandhang brangkum ooong…
Hamsa                 : Ya jagad ya bethara ya jagad, tangis tungkara yuang karana yuang suksma. Mangadi luwih      muga ngayo ngana marana kayuanganing sud. Putraku angger wong bagus anak wang sigit jayatsirna.
Jayatsirna            : Kawulun wonten timbalanipun inggih ngadhawuh kanjeng rama prabu kepareng mrigi dhumateng ingkang putranipun jayatsirna.
Hamsa                  : Lawan kawan kowe ta gog.
Togog                  : Wonten timbali ngadhawuh siwun.
Hamsa                  : bilung
Bilung                  : Wonten dhawuh bos’e.
Hamsa                 : mamaris sira dak timbale kowe sing ngersa aku kuluk nadyan, ddina iki dudu kanthi miji tegese duudu dina tak sewaken agung, nanging ana bapak wigat ingkang redha sundhawake lawan sir ager jagad sirna.
Jayatsirna            : Kaweruh nuwun iki kanjeng rama prabu, menawi ngoten kula ngaturi paring dhawuh kula mung angklungaken jaga lengan…. Kawrung.
Hamsa                  : Jayatsirna
Jayatsirna            : wonten dhawuh rama.
Hamsa                 : Putraku mung sajuga sira pribadi tegese anakku mung siji kowe. Dina iki panjenengan ing sun ngenengake sesaji ludrum kaka lan ratu cacahe satus Negara, ratu satus Negara bakal tak bekakak sareng pangajaku bakal tanggung jawab darsengwang takaraka sak wise mengkana jayatsirna ing sun bakal lengser keprabon penguasa Negara nak gadha iki tak paringiake kalawan jeneng keprabon pun bapa prabu sarasandu, piye panemumu? Jayatsirna ibarate wong lelungan kowe tata trutura bakal tak sengkaling luhur jemeneng ratu ana Negara margadha.
Jayatsirna            : Inggih kajeng rama prabu, ngaturaken dening panuwun ingkang tanpa pangisih wilasa menyang padhuka paringaken dhumateng dasar kula. Namung menawi ingkang putra medhal diatur utawis dipunkeparingaken. Ya matura kaki ngoten rama, esthine manakula boten waja paja wonten gampanging sarta jejeg’e manakula kepengin lengser keprabon dukha kanjeng rama prabu, jalaran menapa rama? saking pangraos kula ing jumeneng narindra menika boten gampil ing mangka jumeneng wonten Negara nataing Magadha ingkang semanten agengipun. Milanipun kanjeng rama dinten menika paritaksa kula dereng sagd nampi peparing padhuka ing lelaluhur menika. Karana kula taksih rumaosi cubuk ing kaweruh.
Hamsa                  :Hmm.. mengkana?
Jayatsirna            : Inggih kanjeng rama.
Hamsa                  : Jayatsirna
Jayatsirna            : wonten dhawuh rama. Saben-saben kowe tak tarik-tarik jumeneng takon mesti wangsulanmu during cukup sanguine uripmu during ganep ngilmumu. Ngertia jayatsirna ngelmu kuwi entuk diuji ora ana pedote ora ana rampunge, ngelmu kuwi bisane tumanja kuwi kudu ditindakake ana tengah-tengahing bebrayan agung nadyan kowe nduweni ngilmu sak kandang koplak paribasane nanging yen ora tumandak ora papa, gunaning ilmu kuwi mbok gawa.
Hamsa                  : Jayatsirna?
Jayatsirna            : Wonten dhawuh rama.
Hamsa                 : Wangune ana babag wigati sing mbok singitake blakakna wae ora susah kowe ewuh pekewuh karo bapakmu.
Jayatsirna            : Kanjeng rama
Hamsa                  : Iye..
Jayatsirna            : Estuknipun makaten rama, kekantaning manakula, kula boten remen kepengin mukti kula kepengin mulya nanging ingkang wekdal saking who lelabetan kula piyambak, kula kepengin ngetingalaken jiwane kesatriya kula, kula ketingalaken putrane narindra. Kula kepengin sanget pados kamukten sarana peres keringet jingkang tundhanipun bathi saged migunani dhumateng gesang kula.
Hamsa                  : Jayatsirna
Jayatsirna            : Wonten dhawuh
Hamsa                 : Apa bapakmu keleru yen kowe kaparing kamukten karo anak?
Jayatsirna            : Semanten ugi kula inggih kula boten lepat. Sinaoso kula menika putra padhuka kanjeng rama. Nanging nalika kula taksih alit dipungula penthak kaliyan tiyang sepuh nanging sak sampune kuwi kula diwasa, kula kedhah saged nata gesang kula piyambak. Mlawi saking menika diwaji negari margada nesting tuna winengku padhuka kanjeng rama prabu ngantos dumugi ming puput yuswa. Niating manak kula, kula kepengin badhe pados kamukten ingkang medal saking elabetan kula piyambak.
Hamsa                  : Cukup, jayatsirna
Jayatsirna            : Wonten dhawuh rama
Hamsa                 :yentha pancen kowe mancaya tekan dadi dhawuh ngendikane wong tuwamu. Aku wis ora mbok dianggep, hmmm? Dadi cetha koe mrentah ingkang saka tetekeman. Aku kejaba bapakmu aku ratu, gustimu, aku woning paning pidon maring sapa wae. Nadyan ta kowe anaku. Nayata pancen kowe malang, malang kowe ya perbatang mentang-menteng kaya gendewa. Pidak apa kowe gendeng kes dengkes nyembah ana ngarepe bapakmu luwih becik kowe minggata. Timbang kowe nyenyepet mripatku mbok botek rasawe atiku. Ora bisa gawe marane wong tuwa, ora bisa gawe nekaning ati bapakmu. Becik kowe minggata. Ora pigalak kepruk kursi pecah ndasmu ta gog..
Togog                  : Wonten dhawuh
Hamsa                  : Piye gog? Lelakon iki mau, tumrape kowe piye?
Togog                  : Sae..
Hamsa                  : apik piye?
Togog                  : Nggih ngoten niku
Hamsa                 : Kowe iki dhue nana penemu tha gong milung, kowe iki dhuwe nana penemu, kowe kuwi punakawan.
Bilung                 : Mengke gadhahi penemu nek boten matung mengke dipecat. Nggih pun saeipun teka pethak mangsa borom. Sawergung sirah jatma mangsa borog pun ngateni mawon.
Togog                 : Iya, menawi kula dipunparengaken, jane pun sak wetahipun tiyang putra menika boten lepat.
Hamsa                  : Ora luput piye?
Togog                  : Kedhahipun panjenengan menika muji syukur dhumateng gusti dene anak, duwe adeg-adeg sing jejeg janepun malah remen. Ane nggih wong sawangsu jenenge wong tua iki apa-apa mesthi jaluk menang. Rak ngoten? Mengka atetembungan sagalak-galakaneng macan boten enten macan kolu kalih gogore bapanipun macan.
Hamsa                  : Kowe mulang karo aku?
Bilung                 : Lah modar ora kowe? Pun pecat sisan kon minggat sisan dak tumaku.
Togog                  : Cangkemu kuwi ndak gableh, tak idek sisan engko.
Bilung                  : Ooo… dikandani rek gambar kucing.
Togog                  : Apa kuwi?
Bilung                 : Nderek enten wingking. Ngana ora bar jenenge kok macem-macem. Rek gambar macan.
Togog                  :Terus?
Bilung                  : Tan nderek, jah jajah, rek kecemplung kalen.
Togog                  : iye
Bilung                  : Ilang
Togog                 : Doapun ngaya luwah, derengokne ngaya cengengesan. Iye ngaten sunur. Saking pemanggih  padha-padha benere ngugem-ngugem benere dhewe-dhewe goleka neng ngrimet ya ora pethok tur boten saget rampung pun sakmangke kula pasrahake padhuka ingkang suruh.
Hamsa                 : Kapeksa tak bathutke gog, jalaran dina iki aku bakal ngenengake sesaji jludra bekakake ratu satus Negara.
Togog                  : Inggih
Hamsa                 : Jrone pakunjaran kae wis akeh kanggo para raja narapati sing dikunjarat.
Togog                  : Inggih sampun.
Hamsa                 : Coba saiki timbalana mrene yayi prabu hamsa dimbaka lan supala ken ngadhep ana ngersaning sublis. Dina iki gog.
Togog                  : Menika wis tak kon dhawuh padhuka sinur.
          Mangka angro jrumsumbar, lindu bumi gonjeng kemalduk kuntarekaku.. lunga kang padha ngiji lumembak penyu kumambang… tuhu sang wisnu, bathara, tanep yah angler bumi.
Hamsa                  : Hee.. prabu hangsa dimbaka lawan kowe supala
Hangsa                 : Wonten  timbalan iki ngadhawuh sinur.
Togog                  : Wonten dhawuh sinur
Hamsa                 : Marmare sira tak timbli. Sira wis mangerteni yen dina iki ingsun bakal ngenengake sesajen ludra bekakak ratu cacah satus Negara.
Hangsa                : Iye, kula sampun mangertos menapa ingkang padhuka kersaaken.
Hamsa                 : Nggonmu bethak negaramu ngunjara ing ratu wis entuk pira?
Hangsa                : Dinten iki ketingalipun sampun pikantuk sangang puluh pitu negara, ingkang sampun mlebet wonten ing pakunjaran sangang puluh pitu Negara tegese sangang puluh pitu ratu inggih.
Hamsa                  : Genepe satus mung kurang telu
Hangsa                : Kawula nuwun inggih sinur
Hamsa                  : Gage golekna genep, genepe satus mung kurang telu
Hangsa                 : Lajeng kepareng padhuka sinur
Hamsa                 : Nanging, nadyan mung kurang telu yen aku ratu saksake aku ora gelem, aku jaluk ratu gedheratu pethingan.
Hangsa                 : umpamanipun?
Hamsa                  : genepi
                            Siji ratu ngamarta rabu puntadhewa, Loro ratu dwarawati prabu kresna, Telu ratu Madura prabu baladhewa
Hangsa                : Waduh, telu abot kabeh.
Hamsa                  : Sagora ye..
Hangsa                : Iye sinur saga sinuwun maka makaten saged dhawuh pandhuka kanjeng sinuwun kula daya-daya tumungten didas semanten ugi kula sinuwun semanten ugi kula suwun
Hamsa                 : Ya tak prenggal puja raharja, nanging wanti-wanti dhawuhku yen nganti kowe ora pecus, bandha puntadewa, kresna, baladhewa aja takon dosa kowe dhewe, wis tak go genep, ngerti?
Hangsa                 : Iye ngertos sinuwun
Hamsa                  : Budhal…
          Tak kala narta kresna tan kula saingrawing ngresiwa rejah, ngresiwa rajah ngawis sutha kang ngudhah,
          Rekaling rata suwun.. para dhata pitana purwaing carito, caritane kang ringgit purwa, purwanira dharma kang kinorek tinimbal rineka jarma jarmanira, parawali ngolah mangolah rehi ngargo marmaring budhi luhur keli kinelar pindaring jagad gumelar gelare warna-warna putih, putih ingkang amengkuwur suci jagad iku sifate suci dhateng kalih kapeling doosa, anane doa merga saka pokale manungsa. Bringsang minangka pepadang ibarat obo ring jagad surya candra lan kartika gedhog, keplak ing banekeketing minangka jejantungan geding lan tembang. Minangka laguning ngaurip bungah kalawan susah. Dhalang minangka dutaning gusti yen nulahaken wayang, wayang minangka wewayangan ing urip ala, becik, bener lan lupu pramila gegambaraning carita dedhawis sejati mung lara, mati, urip, padhang, peteng, lanang, wadon, ala lawan becik sing bhecik tinulata kang ala singkirana, sapa sing disirna ing kana wahyune bakal sirna, sirnane wayang rampung kukut lunga mlebu ing kothak tanpa bedha kaya manungsa ngumbahi yen wayang mlebu kothak sesuk bisa danggo maneh, nanging yen manungsa wis mlebu kothak bakal entuk pengadilan suci saka gusti kanggo ping dumadi ngundhuh wohing panganti liding dhumeh yaing kana mau manungsa bakal ngerti lan weruh yenta sejatine drajat, pangkat, bandha, donya ora aji, sing aji kejaba ngamal soleh, budi pekerti kang orang kaping marang sesame. Andehing pendhita kang kae wedi dosa sepuluh purwawitan nadyan kathah titahing dewa kang kapolahing ngkasa senenging pertiwi kabeting samodraya raya kathah ing santiyang gana alas. Paradene dhateng kajung kang ginipit kangge ginadyan nggih maring praja ngamarta basa nata ing kawarsa kuthaka nura rendra para hasta. Pramula kenarihya budha bebeg kenahying carita karana praja ngamarta Negara ingkang ageng tur gedhe agung, dasane ayem tur inggih ayom, pramula sinebak Negara ageng karana jethar rebabtir piyar jajahane gedhe, mulu pamentar tur terthing-terthing terkamulane negari ngamarta dumadi saking daratan samudra pramersugih, supitan sumapan kang sarta bakake tegese pelabuhan para raku nakuda kang sing nglampah dagang, layah-layahe dedaluhan lelusur Tanana kendhat pepet kang sangsaya mardi, ora mung kang tansah mungmulah tomyang lating gendira ngolah pasiken teman bumi cengkar dadiya subur lemah grasah dadiya mawur, satemah apa kang kinandur sepulur kang tangkal mangka semangkal dadi pari, palawija, kalangkitri tuwuh ambiyed wohing nganti mangklung-mangklunga wiwitane, ing menkathara raja kaya dhatangana kang samyek ginancang lan mewancir rna agagering paneman pancisurup ing surya bali mring kandange suk wan suk weng, nalika semana dhatangana calani kandang kanggo kinan sing baling lan tetebih tindhak durjana dukti, kalamun wanci dalu lamah-lamah kang surawaning kujisesar trimrik kang gusti maha suci mratelakaken kalamunta kathahe samyong ngrasuk agamis nadyan bedha-bedha agaman bedha-bedha tata carane nanging tetep nyawiji, kajen kinajening daya dinayan katanana kang cacap cinacap, anane mung sayuk sayek saika praya angegungaken asma ingkang maha kuasa, pinungguh kang wruhig kita lah sinten ta ingkang jumeneng nat bathara, ambawuh dendayanyakra wata ing Negara ngamarta wening kinocap nomapan lengsungna plahane dhewe-dhewe yen butha, raksesa, kethek, pragusa, pandheta, lan para dewa wisih lamen lamether jejuluh sinten dasanamanira dasa sapuluh nama wis samesthine jejuluh maha prabu sripuntadewa ya dharma kusuma, yudistira sada dhuwe jaya kang kaya guna, tali karma ya ngresakse jathura sathru. Narindra madukara, mardanggung ning nasya para dewa kinan para bidadari kisampek para ratu, luhur dhateng ngungkul-ngungkul ngandhap tan kangsore sesame, apa ta tolahing sang nata sung begawa kang nandhang kalup persaruk wae. Wong kang nandang kasadan asusungka ingkang nandhang prihatin, yen ta kinunggunga wirahing jajahing luhuring keprabon pramengkan ratusrati tanana pedhote pinunggel kahawicarita sang ben bethatha keparing miyos sinawa sing bebetura gedhah dampah naripe ing kencana. Benatheing setya Aswertha bebabeg ing prang merdani sinebaran sari-sari kondas kinedipi genis sinebaki sasepad kasturi denaysh. Sandyaning para bebyodatheng temanggung-manggung jakapalarawa kengkeng sangenggang upacara keprabon. Banyak dhalang sawunggaling harda walika kacumas ingkang blekang sarwalama. Kinebut talaring nalura kanan kiri kongas kandaning kang sanata pindha prayangan blabar dumuju dhateng pamorakan. Nembe nekang ngulat sirna sipat ingkang mangsane panjajah ingkang bathara nata dharma. Dewane sesang malange jwantrah pinayang bayang saking polah sarikah swahriyan. Sirkememan taknana balih malah malise suket, godong, kayu karo bak samemana tatah mlampah ingkang kabiyarsa rarurancing ing taratag binangun. Jwaraning giyati darya gening pakemasaning kepareng anak pekerti, sakabehing boten kapathing darengkenging kakah pathing darengkenging kumisah bahkan gembyadak raga ngulat kepenging pethakilan. Siyateng ingkang nembe prapolahe kok semana tamu-tamuing pandhawa, narendra, dwarawati dijuluki maha prabu sri bethara kresna ya sang patmana baya hardimukti, narendra was-was gitaring papasaning kreta utusaning hariningrih ing sanes kala eling-eling titising begawan bathara wisnu, legahing wejinan nanging rawan hawane kang ngraka ana nata kang nandur madura dijuluki maha prabu sri baladewa kakarasana ya tasih jaladara. Narendra sekti mandraguna jayeng palugon lenggah mangkret ketelangan ingkang rayi panenggak satriya unggul pawening ya satriya jodhipati. Ingkang kekasih raden harya werkudara. Sang bratasena, bimasena ya sang gandhawartrah maja gagah perkasa gething wosing bal  parjajah nggremeng. Candraning payayah rintang dewa sekti kang wah thuthuke naga ingkang mabuka hamaring ingtrang ngombe gayud punika tata warnaipun. Kadhang panah pandhawa satriya maduka ingkang kekasih raden janaka ya raden harjuna, ya sang raden pamardhi ya puntadi ya wiyakso. Bagus warnane wingit pabermemilingguh, sekti mandraguna jayeng prayeyaying prajurit pamekasing. Pamekasing bantu ragil pandhawa kembar, satriya bumi rahtawu miwah satriya sawojajar ingkang kekasih raden nakula miwah raden sadewa. Ing wuwi pepakan dersa parera madya brekasang amuwe sumewung bludang tatag alam bajejel, riyel, rapet, pipit, tumpang dengkul gawe tapah solah bet. Saking keingking sandawara seba. Jrowing pagedongan rena rana martana nedya ngandani. Sesaji sukut dening rasa ngawontenaken sesaji raja surya, pramila daya-daya ngrawuhaken sang pamong agung narendra dwarawati maha prabu sri bathara kresna rawuh sarimbit lawan ingkang raka prabu baladewa.
Arjuna      

Riwuhnya pating singgih benathura tosih grohing caranenggah. Takohwan tokoh mangkana pangkeluhjit wangkang wardaya sang nata kengkeng ing kawujereing wisahh eee....oooo....
Pangrarah tangreh ingrem... wuka..ra...ooo...
Karana tanpa palupi ati larsi lastudi..
Sarjana su...jana.. ke...lu.. kang...lu..hurr..
Kalatidha tintendaning tandane dur..ma..di...oooo...
Hataying raden ing tangrupi...daa... eee...ooo...
Ratune ratu...kuu.. ta..ma...
Patihe... patih li..nuweh...mula prayaka tyas raharja ooo...
Panengkaripe becik..becik parandine...lan dadi..ooo...
Pamiyarsih ing para..becik.. ooo...
Matang saya anggadra rumendrag kang rirebethi..ooo.....
Beda-beda harapane wong sanegara...
Wong kang tetangit tangih pira..
Sira kang tameng kawit...
Kawitring tyas do kita tamang ing rawit rangit.
Dening ngupaya sandi hana rawung ngatimur manara ing tamring tak wuling temah sena ing karsa tanpa witka... oooo....
Janaka                 : kaka prabu nuwun dene metawis dhawuh, sarawa padhuka jengkaka prabu dwarawati ing wonten negari ngawarta ngrayi para ngadura ngaturaken pasegan anakrame. Mawan tuan dumugi ganjag kosanda pepandanipun keprabu kawulun nuwun, nuwun.
Kresna                 : reninggih yayi, kula tampi simprembaganipun yayi sahmyaji amarga kowe metawon kakang dwarawati mula kula tampi  titang kawit, kula kaluhake ing lumaya kula pethihaken ing pernah jaya wekething doyah mokah ana boleksana boten langkung tuhdyas tutinipun prakanta dwarawati iki mana ugi konjukut yayi.
Janaka                 :inggih kakang prabu, kula waraning pangdhe kula pareng pangestu podungkut jengkaka prabu kula ngpit tangan kekal kula tetanggalken ing jaman muah anarah daging kang yowanan kawula nuwun, nuwun
Kresna                 : ana inggih, kaluhiran padhuka satya yayi.
Janaka                 : kaka prabu madura sarawuh padhuka, kula ngaturaken pasegaran rembagyak purnawarni mugi konjupuk kakang prabu.
Baladewa            : wee.... la dalahh.. iki priye yayi? Kula tampi pembrabagipun yayi prabu ngamarta iki mengko takon kakang madura kula tampi tangan kekaling kula kanulaken ning lunga ya kula pethengaken permaja. Lumetheking amolah kana baleksana.
Werkudara          : waaaahhh... durung suwe tekanmu ana negara ngamarta jlendrang kakangmu, retiku tanpa rana kresna grihding kakangku.
Janaka                 : kandangipun kakang werkudara, cantusing budi.
Kresna                 : iya yayi..
Puntadewa :...panyuwun kula ngrawuhaken dhumateng paduka kanjeng kaka Prabu    estining manah. Ripaduka para Pandhawa sasampunipun nampi kamukten negari. Boten kawarsa inggih negari Ngamarta menika, ujubing manah ripaduka para Pandhawa badhe ngawontenaken sesaji syukur sarana ngawontenaken sesaji rajasuya, konjuk dhumateng Gusti ingkang makarya jagad. Kaka Prabu, rehning ripaduka kula ngaturaken bodho balelo. Ing mangke kula namung sumarah dhumateng kepareng paduka kanjeng Kaka Prabu murih sagedipun kasembadan gegayuhanipun ingkang rayi para Pandhawa kula borongaken paduka kanjeng kaka Prabu kawula nuwun
Kresna       : Inggih yayi. Ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami dene ingkang kakang ngantos dumugi mriki. Lenggahan menika taksih pinitaya dening adhi-adhi kula para Pandhawa, minangka dados pamong. Namung, ngaten yayi, sesambetan kalayan gegayuhan paduka yayi aji dalasan kadang kula para Pandhawa anggenipun badhe ngawontenaken sesaji syukur konjuk wonten mring Gusti ingkang maha suci, sarana ngawontenaken sesaji rajasuya. Mila winastanan rajasuya, raja menika ratu, suya menika agung. Tegesipun Pandhawa badhe ngawontenaken sesaji ratu agung
Puntadewa : Inggih Kaka Prabu. Kaluhuran sabda paduka kanjeng kaka Prabu
Kresna       : Ngaten yayi, estonipun saingetipun ingkang raka Dwarawati menika dereng wonten narendra ingkang sembada sarta kuwawi ngawontenaken sesaji rajasuya jalaran awrat lho yayi sarat sranipun
Puntadewa : Lajeng sarat srananipun menapa kemawon kaka Prabu?
Kresna       : Ngaten yayi. Ingkang sepisan, sesaji rajasuya menika kedah dipunrawuhi para Brahmana ingkang gentur tatanipun cacahipun wonten 7. Lha nggih, Brahmana 7 menika ingkang kajibah maos kidung puji sesanti dumadosing sesaji rajasuya
Puntadewa : Inggih kaka Prabu
Kresna       : Lajeng ingkanh angka kalih, sesaji rajasuya menika saged dipunwastani sah, menawi ingkang ngrawuhi sarta ingkang njenengi menika dumados saking para narendra. Tegesipun para ratu sekedhikipun sineksen ratu satus negari kanthi manah ingkang lega tur bingah boten sarana kapeksa
Puntadewa : Inggih kaka Prabu
Kresna       : Dene diungkab ingkang angka tiga sarta ingkang pungkasan yayi, para Pandhawa kedah saged ngawontenaken sesaji kurban. Lah, kurban kala wau sanes wujuding kewan nanging wujuding jalma manungsa ingkang tetela mahambeg angkara murka. Liripun, Pendhawa kedah saged memayu rahayuning jiwa, angka kalih memayu rahayuning kulawarga, angka tiga memayu rahayuning sasama, wekasanipun memayu rahayuning buwana. Dados, Pendhawa kedah saged nentremaken kawontenaning jagad ingkang ketaman dangu menika
Puntadewa : Inggih kaka Prabu
Kresna       : Menika yayi. Menika sarat  srananipun ngawontenaken sesaji rajasuya. Lah, bab perkawis menika kula sumanggaaken kepareng paduka yayi prabu
Puntadewa : Kaka Prabu ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami. Dene dhawuhipun kanjeng Kaka Prabu sawetawis andadosaken pajaring manah kula ibarat kados lumampahing dalu kepapaging obor sewu. Kaka Prabu, menawi saking pamanggih kula, bab rawuhipun pandhita 7 kula kinten ripaduka kula saged nyembadani. Angka kalih, rawuhipun narendra satus nagari saking petang kula, memitraning Pandhawa ingkang dumados para raja Narapati menika kula kinten langkung saking satus negari. Dados kula taksih saged mujudaken. Namung kaka Prabu, ingkang pungkasan sarana mawi sesaji kurban, ing mangka kurbanipun wujuing jalma manungsa. Dhuh kaka Prabu, menika ingkang tetela ngawrataken raos ing manah kula. Selamining agesang, ripauka kula boten nate amel kapituhaning sanes. Langkung-langkung damel pepejah. Dhuh kaka Prabu, awrating raos manah kula tinimbang kamukten kula menika mangke mawi ancik-ancik dhumateng gesanging sesami. Langkung prayogi, kula wurungaken kemawon kaka Prabu
Kresna       : Lho, mangke rumiyin yayi, mangke rumiyin. Menawi paduka yayi Prabu menika mangke murungaken sedya menapa boten badhe njejering wirang? Yayi prabu menika narendra. Narendra kedah saged netepi sabda Brahmana raja sabda pandhita-pandhita pangandikaning ratu ora kena wola-wali. Ngucap sepisan kudu dadi
Baladewa   : Inggih lho yayi. Dipunpenggalih rumiyin. Menawi ngantos menika mangke dipunwurungaken, lerekipun boten paduka yayi prabu piyambak ingkang badhe wirang, nanging nggelandhang careng saking pucuk. Para Pandhawa kasempyok. Menika mangke dados asor kawibawanipun karana yayi Prabu ngurungaken sedya boten netepi sabda pangandika kala wau

Cancut kumerga tumanjing
Samodra toya dreng wiraganya banyu sumaput wentis
Na kang garira sumingep nampeki migeng jangka kang warih
Katon naga kumambang kemya sawu keranak
Ngakak, galak, kumelap

Werkudara : Wah, Kresna kakangku
Kresna       : Yayi Werkudara, piye yayi?
Werkudara : Lilanana aku bakal sumela matur sawetara
Kresna       : Ya, si adhi arep matur apa?
Werkudara : Anggonmu wanuh karo Pandhawa ki wis lawas apa lagi wae?
Kresna       : Lha ya pun kakang ki wiwit mudha tumaruna wis srawung klawan para Pandhawa
Werkudara : Lha ya gene kakang Kresna ora apal karo watak tandhing grayange Pandhawa siji lan sijine. Yen ngrembug prekara welah kesabaran weninging cipta meneping rasa, kowe rembugana karo kakang mbarep. Mesthi dheweke cocog pancen kuwi pakaryane kakang mbarep kaya ngono kuwi
Kresna       : Emm, mengkono
Werkudara : Iya. Yen ngrembug prekara kaendahan luhuring paramasastra sarta endahing budaya, kowe rembugana karo Janaka, mesthi dheweke cocog. Yen ngrembug bab prekara tanduran, kowe rembugana karo Nakula. Nanging yen ta kowe ngrembug bab prekara wong perang, kowe aja rembugan karo sapa-sapa. Kowe rembugana karo aku, pancen kuwi bagehanku. Dadi yen sesaji rajasuya iki mengko kudu nganggo kerengan, kudu nganggo jotosan, gedhene nganti ngetokake getih paribahasane, kowe aja paring karo kakang mbarep. Ra wurung ra dadi iki ngko. Nyuwen-nyuweni laku. Rembugana karo aku. Ratu ngendi sing kudu dadi kurban tak jangkahe dhewe
Kresna       : Werkudara
Werkudara : Apa?
Kresna       : Pun kakang ora maido perkara kesaguhanmu lan kewanenmu. Nanging, si adhi kudu eling yen ta si adhi iku kinayoman dening narendra. Yayi Prabu Puntadewa ki kejaba kangmasmu ya ratu gustimu. Mula suwunaken dipalilah. Yen ta pancen yayi Prabu Puntadewa ora maringake, kowe kuwi kudu nerima
Werkudara : Ya sukur dililani. Ora dililani budhal dhewe
Kresna       : Hus, budhal dhewe piye ta kowe ki? Ora kena. Kudu nganggo tatanan. Ora kena grusa-grusu. Kados pundi yayi? Menika wonten kasagahanipun ingkang rayi pun Werkudara sagah ngupadi sesaji kurban. Yayi samiaji paring palilah saha marengaken menapa boten?
Puntadewa : Inggih kaka Prabu. Menawi ta menika pikajengipun yayi Werkudara kula sumanggaaken. Watonipun sanes kula ingkag ngawontenaken sesaji kurban
Kresna       : O, ngaten
Puntadewa : Inggih kaka Prabu
Kresna       : Inggih, inggih yayi. Tegesipun yayi Prabu sampun paring palilah?
Puntadewa : Kula sumanggaaken kaka Prabu
Kresna       : Dara!
Werkudara : Kresna kakangku, apa?
Kresna       : Iki wis ana palilah saka ingkang raka yayi Prabu Puntadewa
Werkudara : Ya, yen pancen wuninganti lungaku, kandhanana tak paranane dhewe
Kresna       : Weningna ciptamu! Menepna rasamu! Kowe ngko bakal entuk pituduh saka keparenging Gusti kang murbeng dumadi

Arum-arum lumrangkang sekar
Gadhung myang si gadhing
Rerengganing taman sari
Premara ngingsep sarine
Brengengeng pindha budhining Brahmana
Mangsah santi jaya, jaya

Hamsa        : Nuwun. Amin pasang kalimantabik sinabekta ngiloiya tinebehna siku dhadhaningu Bathara sinuwun kuka ingkang sowan
Puntadewa : Nuwun mangketa ki sanak, keparenga kula hanila krami. Sing ngandika menika narendra saking pundi lan sinten jejulukipun sang Prabu?
Hamsa        : Kawula nuwun, nuwun nok nuninggih. Menawi paduka sinuwun dangu kaliyan kula. Kula wingking saking negari hargabentar. Kula bebahu tengenipun narendra Magada, Prabu Jarasandha. Kula ingkang sudya mastani kula Prabu Hamsa
Puntadewa : Paduka ingkang dijejuluk Prabu Hamsa?
Hamsa        : Inggih
Puntadewa : Sami karahardyan rawuh paduka sang Prabu
Hamsa        : Kawula nuwun awit saking kasembah berkah pangestu paduka ingkang sinuwun. Rahargya pisowan kula pangebekti kula katur
Puntadewa: Sinuwun. Inggih sang Prabu, sanget anggen kula nampi dhawaha sami-sami
Hamsa        : Lajeng keparenga kula badhe miterang narendra Ngamarta Prabu Puntadewa menika ingkang pundi? Paduka menapa ingkang linggih wonten wingking menika
Puntadewa : Inggih. Dipuntepangaken kemawon. Narendra Ngamarta menika inggih kula menika
Hamsa        : Prabu Puntadewa menika njenengan menika?
Puntadewa : Inggih sang Prabu
Hamsa        : Owalah dalah. Hahaha
Baladewa   : Cangkeme. Hayo meneng ora! Meneng ora!
Kresna       : Kaka Prabu, sabar ka
Baladewa   : Sabar-sabar piye?
Kresna       : Kaka Prabu, budayanipun benten. Budayanipun menika benten
Baladewa   : Lha ya merga budayane beda kuwi. Iki ana ing nagara Ngamarta, kudu nganggo tata cara Ngamarta. Anggepe apa? Cengengesan. Ora eneng apa-apa hahahaha
Hamsa        : Hahahaha
Baladewa   : Hayo munia meneh! Tak dugang raimu kowe. Kaya bagus-bagusa mono. Teka-teka jingklak-jengklek, pethitha-pethiti, joged pecicilan, kaya apik-apika jogede. Njunjung sikil wae kuwalik ngono kok neka-neka
Kresna       : Sampun ta kaka Prabu. Kula aturi sabar rumiyin
Puntadewa : Inggih sang Prabu. Wonten wigatosing kersa punapi dene paduka kepareng rawuh?
Hamsa        : Inggih. Ngaten sinuwun, sowan kula ing Ngabyantara paduking sinuwun ingkang sepisan, kula ngaturaken sungkeming pangabekti. Ingkang angka kalih, kepengin ngaturaken kekadangan dungkab ingkang triwigati, sowan kula menika kautus kaliyan ratu gusti kula Prabu Jarasandha. Kula ngaturaken bilih nagari Magada menawi dipunwusadani pusaka Ngamarta jimat jamus Kalimasada. Mila saking menika sinuwun, sowan kula menika badhe nyuwun sih kawelasan, nyuwun ngampil jimat jamus Kalimasada minangka wusadaning negari Magada. Mangke purnaning gati badhe kula konduraken. Lah, wondene, wondene menawi paduka sang Prabu boten pitados kaliyan kula, keparenga badhe kula tumbas sisan. Pinten reginipun kula ndherek. Jimat jamus Kalimasada baadhe kula gentosi. Pinten wragatipun? Menapa badhe lintu, kamukten negari kula sagah badhe nglintoni. Menapa badhe lintu bandha donya mas picis rajabrana? Bandha donya negari Magada dipunkusuwana kados siti, dipuntewa kados toya boten badhe telas
Puntadewa : Inggih sang Prabu, mugi mugi andadosna ing kawuningan. Kula boten badhe kawratan ngaturaken jimat jamus Kalimasada, namung perlu kawuningan, jimat jamus Kalimasada menika boten kula piyambak ingkang ndarbeni. Pendhawa sedayanipun menika sami majibi
Hamsa        : O, mekaten
Puntadewa : Inggih. Milanipun langkung prayogi kula badhe tetarosan rumiyin kaliyan kadang-kadang kula mangke kados pundi
Hamsa        : Hanggih. Langkung prayogi mekaten. Inggih. Sendika, kula badhe ngentosi dhawuh paduka ingkang sinuwun
Puntadewa : Werkudara!
Werkudara : Mbarep kakangku, apa?
Puntadewa : Temonano dhayoh iki Werkudara!

Bumi gonjang-ganjing, langit kelap-kelap katon
Lir kining sang risang, maweh gandrung
Sabarengkat nguwulur, moyak-mayik katon ya balewur
Lumari sang gandrung, dhuh hari sumitra
Hari sumitra tenaya paran rekabeh siniwana

Werkudara : Wah, Hamsa! Hamsa! Hamsa!
Hamsa        : Nun! Wonten dhawuh Raden?
Bladewa     : O, budheg. Ngono wae mbagusi
Werkudara : Ngerti karo aku?
Hamsa        : Paduka menika sinten?
Werkudara : Kadang panenggak Pandhawa, Werkudara kekasihku
Hamsa        : Hmm. Paduka Raden Werkudara?
Werkudara : Iya
Hamsa        : Keparengipun?
Werkudara : Apa ya bener ta kowe mbutuhake jimat Kalimasada?
Hamsa        : Inggih Raden, saestu
Werkudara : Jimat Kalimasada sing nggawa aku
Hamsa        : Hmm. Jimat Kalimasada ingkang ngasta paduka?
Werkudara : Iya. Apa bener yen ta kowe gelem nuku jimat Kalimasada?
Hamsa        : Lho, purun Raden, purun
Werkudara : Kebeneran, iki pirang-pirang dina tak tawak-tawakke kok ora eneng wong gelem
Baladewa   : Hahaha. Dhayohe koclok sing nemoni dhegleng. Malah gathuk kuwi
Hamsa        : Nggih. Lajeng keparengipun Raden Werkudara ngersaaken pinten? Badhe kula banggi
Baladewa   : He, yayi Kresna!
Kresna       : Kula kaka Prabu
Baladewa   : Dibanggi ki apa kuwi?
Kresna       : Dipunbayar
Baladewa   : Eee, dibanggi ki dibayar?
Kresna       : Inggih
Baladewa   : Hahaha. Lagek ngerti aku. Basa ngendi kuwi? Dibayar kok dibanggi. Kowe tunggale nek Pringgodani ndeling ngedhaton ngene ki
Kresna       : Lha nggih boten ngaten paduka meniki
Hamsa        : Nggih. Lajeng keparengipun?
Werkudara : Kowe aja takon rega, ing kene ora susah dibayar nganggo dhuwit
Hamsa        : O, ngaten?
Werkudara : Iya. Aku njaluk seksi wae nggonku bakal menehake menyang kowe
Hamsa        : Ngersaake seksi ingkang nekseni?
Werkudara : Iya. Aku njaluk seksi sithike wong 500. Pilihana sing kendel-kendel kon nggawa gaman kabeh. Kowe rene nggawa bala apa ora?
Hamsa        : Lho, mbekta Raden, mbekta
Werkudara : Lha ya, aku njaluk seksi sithike wong 500, kon nggawa gaman kabeh. Pilihana sing kendel-kendel sing digdaya-digdaya
Hamsa        : Lho, kok ngaten nika pripun niku?
Baladewa   : Wani ora? Ratu kok ingah-ingih. Nek wani, wani. Ra wani, mundur!
Hamsa        : Nggih, nggih Raden. Menawi ngaten, badhe kula estokaken. Lajeng kepareng paduka?
Werkudara : Ngentenana bubar pasewakan
Hamsa        : O. Ngaten?
Werkudara : Iya. Entenana ning alun-alun, kowe ketemu karo aku
Hamsa        : Inggih. Sendika ngestoaken dhawuh. Genewun, dinten menika sampun wonten katerangan kang gumathuk. Kepareng kula nyuwun pamit
Kresna       : Inggih sang Prabu. Ngantia kawicaksanan
Hamsa        : Sampun. Genewun kula nyuwun pamit
Kresna       : Nggih sang Prabu, nagtos-atos
Hamsa        : Sampun, genewun sekecaaken lenggah. Kula nyuwun pamit
Baladewa   : Ya, tak donga-dongakke muga-muga lepasa paramu, jembara kuburmu ya

Kresna       : Werkudara!
Werkudara : Kresna kakangku, apa?
Kresna       : Nah, iki yayi. Ing ngarep rak pun kakang sampun paring dhawuh karo si adhi. Entenana Werkudara, nggonmu bakal golek sesaji kurban mengko bakal entuk pituduh saka keparenging Gusti kang akarya jagad. Lha ya iki Werkudara
Werkudara : Apa Hamsa iki sing kudu dadi kurban?
Kresna       : Dudu. Hamsa iki mung kongkonan. Sing kudu dadi kurban ratu sing disebut Hamsa iku mau. Ratu Magada, Prabu Jarasandha
Werkudara : Keneng apa kudu Jarasandha?
Kresna       : Ngertia, Jarasandha kuwi ora percaya lan ora manembah maring Gusti sing gawe urip. Nanging manembah muji sukur marang sang juang Batharakala dewaning brahala. Dina iki, Jarasandha kuwi bakal ngenengake sesaji lodra. Sesaji lodra kuwi bakal bekakak mateni ratu cacahe 100 negara. Mangka dina iki, Jarasandha kuwi wis ngunjara ratu entuk 97 negara. Dadi yen kowe arep ngaturi para ratu Narapati 100 negara, kowe wis kalah dhisik karo Jarasandha. Wis akeh ratu sing dikunjara, dibanda, dilebokake ana jeroning pakunjaran. Mangka genepe 100 isih kurang 3. Mula iki mau kongkonan karo Hamsa pawadan nyilih jimat jamus Kalimasada iki mau mung dinggo lamis samudana. Ning janjane mono, iki mau, Hamsa iki mau golek sisik melik genepe ratu sing kurang 3 mau. Karepe sing diunter sing diarah: 1. Negara Ngamarta, 2. Dwarawati, 3. Negara Mandura
Baladewa   : Lho, negaraku katut kuwi?
Kresna       : Inggih kaka Prabu
Baladewa   : Lha kok kowe ora omong mau-mau? Wah, umpama kowe ngomong mau-mau rak tak gecek nek nggon kene. Wah, layak ta layak. Pirang-pirang dina kok atiku ora kepenak. Mung tansah trataban. Welah dalah, mau bengi ki aku ngimpi yayi
Kresna       : Kaka Prabu nyumpena menawa?
Baladewa   : Aku ngimpi dirubung sendhok
Kresna       : Lha niku rak malah sae
Baladewa   : Wah, keparat. Negaraku dirasani wong iblis
Kresna       : Mula Werkudara, si adhi dina iki upamane kowe mateni Jarasandha, kowe ora dosa. Sebab, kowe mateni ratu 1 nanging kowe nguripi ratu 97 negara. Yen kowe ora nganggo cara mengkono, tangeh lamun bakal klakon ngenengake sesaji rajasuya. Cethane mono, Werkudara kono mau minangka dadi dutaning adil, utusaning Gusti kang akarya jagad, nentremake swasana. Sing tak karepake kaya mangkono. Kowe wani apa ora tandhing karo Jarasandha?
Werkudara : Besuk wani saiki wani
Kresna       : Bagus
Puntadewa : Mangke rumiyin kaka Prabu. Keparenga kula badhe sumela matur
Kresna       : Nggih kados pundi yayi?
Puntadewa : Menawi ngantos Werkudara menika mangke peperangan, kula boten lila
Kresna       : Sababipun?
Puntadewa : Inggih. Menawi Werkudara menika mangke menang, menawi ngantos kawon, alit sakit, ageng dumugining pejah, kula ingkang kecalan kaka Prabu. Werkudara menika ingkang minangka dados tanggul bebetenging kiwa negari Ngamarta. Menawi ngantos Werkudara menika mangke kasoran tandhing kaliyan Jarasandha, agengipun ngantos dumugining sirna, kula ingkang kecalan. Werkudara menika katresnan kula kaka Prabu
Kresna       : Welah dalah. Hmm. Nggih kula boten maiben yayi. Mangke rumiyin. Yayi Prabu sampun ngantos ngumatosaken bab perkawis kawontenanipun Werkudara tandhing kaliyan Jarasandha. Upamia, menika upami lho yayi, upami Werkudara menika alit sakit ageng dumuginipun pejah, menika ingkang mejahi rak mengsah tiyang sanes. Tegese mungsuh wong liya. Rumiyin menika wonten lho yayi, wonten crita sanes critaning titah sanes critaning dewa. Nanging malah critaning Nabi. Rumiyin menika wonten yayi, setunggaling Nabi dipunprentah kaliyan Gusti ingkang murbeng dumadi, kapurih mejahi anakipun menika wonten. Lha, rehning menika prentahing Gusti, nadya Nabi kala wau awrat raosing manah badhe mejahi anakipun. Lha, dilalahipun anakipun inggih purun. Sesampunipun anakipun badhe dipunperjaya, badhe dipun sembelih yayi, kados wonten kaelokane kawontenan kaelokaning jagad. Ical wujuding putranipun dados wujuding kewan, dipunsantuni kewan. Mila, ngantos engga sepriki wonten pengetan korban. Lha, menapa ta yayi maknaning kurban kala wau? Maknaning kurban menika tegesipun aja banget-banget nggonmu nggondheli kahanan donya, nadyan ta kuwi wujude katresnan . Anak, bojo, kulawarga, drajat, pangkat, bandha donya, saben tiyang mesthi tresna yayi. Ming kula aturi enget, menika sanes kagungan panjenengan. Menika kagunganipun Gusti ingkang murbeng dumadi. Dipunpundhut sawanci-wanci, yayi Prabu boten saged menapa-menapa. Bojo ayu nek mati arep ngapa? Anak pinter bagus mangka mati, menapa badhe dipungondheli? Sedaya menika kala wau wonten astane Gusti ingkang murbeng dumadi. Menika yayi menggah maknanipun kurban
Baladewa   : Welah dalah, jebulane Prabu Kresna ki ya isa dakwah ta?
Kresna       : Boten kok nama dakwah kaka Prabu. Kula menika namung anut laku jantraning para sesepuh ingkang paring piwulang kautaman dhumateng titah
Baladewa   : Iya yayi, pancen bener
Kresna       : Mula Werkudara, aja mangrotingal. Aja tidha-tidha rasaning atimu. Tindakna yayi!
Puntadewa : Dhuh adhiku dhi Werkudara, eneng napa yayi, pun kakang kok mbok junjung mbok umbulake? Pun kakang dhunna Werkudara. Aku selak singunen yayi
Werkudara : Mbarep kakangku
Puntadewa : Apa yayi?
Werkudara : Aja kleru penampamu. Hanane kowe tak umbulake merga aku iki ngrumangsa sedulurmu nom. Aku ora iso ngajeni karo sedulur tuwa ora isa basa, oraisa nyembah, ora isa ndhodhog. Kowe minangka wakile bapakku, Prabu Pandhu. Aku arep ngayahi pakaryan sing abot. Mula gage sawangen kanthi wenining ciptamu. Jagadku iki jejeg apa dhoyong? Yen pancen jagadku ki jejeg, jagagna aku menang tandhing karo Jarasandha. Nanging yen ta pancen jagadku ki dhoyong, wes jagagna aku mesthi modar ana ing paran
Puntadewa : Dhuh adhiku dhi Werkudara, manut pamawasing pun kakang, jagadmu isih ngadeg jejg manther tejamu nyata lanang. Ya mung wae dhi, wanci-wanci dhawuh pangandikanipun kakang estokna
Werkudara : Iya, piye?
Puntadewa : Lamun si adhi kuwi perang, kowe menanga, kalaha, kowe aja sesumbar ya dhi!
Werkudara : Iya. Tak estokake dhawuhmu

Cingrak mangsak risang bayu siwi
Rikumungko manembah anglir baya kontap
Hanglir baya mas tinimbang ngungkal gunung, ngungkul gunung
Bima pakurawrakaring toya

Baladewa   : Yayi Kresna!
Kresna       : Kula wonten dhawuh kaka Prabu
Baladewa   : Aku nyawang lelakon iki mau, sanalika aku bombong. Ning ya ngondhok-ondhok rasaku
Kresna       : Sebabipun menapa kaka Prabu?
Baladewa   : Yen dipikir yen dinalar, Werkudara ki wong kaku, Werkudara ki wong kodo, wong dhoso. Iya ta?
Kresna       : Inggih kaka Prabu
Baladewa   : Ning nyatane malah kebak ing kautaman
Kresna       : Buktinipun?
Baladewa   : Buktine, saben-saben Werkudara kuwi arep ngayahi pakaryan, ngayahi darma sing abot, ora lali njaluk pangestu karo kangmase. Kakange dijunjung dijaluki pangestu. Wah, jan aku kok rumangsa melu seneng. Mbok kowe ki melu-melu ngono kuwi piye ta?
Kresna       : Keparengipun kaka Prabu?
Baladewa   : Aku ki rak kakangmu
Kresna       : Inggih, lajeng?
Baladewa   : Aku pisan-pisan junjungen jalukana pangestu, coba kaya ngapa rasane
Kresna       : Kaka Prabu!
Baladewa   : Piye?
Kresna       : Watak wantu menika boten saged badhe dipuntiru. Dados ingkang saged nindakaken ngaten menika inggih namung Werkudara piyambak. Dipuntindakaken tiyang sanes boten patut. Menika watakipun Werkudara. Cak-cakanipun inggih kados menika
Baladewa   : O, dadi nak ora Werkudara ya ora wangun?
Kresna       : Estonipun inggih mekaten
Baladewa   : Welah dalah. Hahaha. Iya, iya, iya yayi
Kresna       : Kaka Prabu!
Baladewa   : Piye?
Kresna       : Dinten menika paduka kanjeng kaka Prabu kula caosi pakaryan
Baladewa   : Gaweyan apa?
Kresna       : Hamsa menika kala wau dados garapanipun kaka Prabu
Baladewa   : Ratu koclok iki mau?
Kresna       : Inggih kaka Prabu
Baladewa   : Pateni saiki apa sesuk?
Kresna       : Kula borongaken dhumateng paduka kaka Prabu Mandura
Baladewa   : Ya
Kresna       : Kula borongaken. Pun kakang saguh mendhegani, ngopeni Hamsa iki mau?
Baladewa   : Nanging pun kakang duweni penjaluk
Kresna       : Kaka Prabu mundhut menapa?
Baladewa   : Baladewa ki nak tumandang gawe duwe cara dhewe. Pun kakang iki duweni pakem dhewe. Pakeme Baladewa ya kaya ngene ki. Mula yen pun kakang iki mengko tumandang, aja nganti ana wong ngribeti. Aja nganti ana wong ngewuh-ngewuhi
Kresna       : Ngaten kaka Prabu?
Baladewa   : Ya. Saiki ayo dha manut pakeme dhewe-dhewe, aja ngrusak pakeme wong liya. Negara bubrah, negara ora tentrem kuwi jalaran senenge dha ngogrek-ngogrek pakeme kancane. Mangka pakeme dhewe ora rampung. Iki lho, iki dadia pengeling-eling. Kresna ki cak-cakane ya ngunu kuwi, Baladewa ngene ki, Janaka ya kaya ngono kae. Mulane aja padha kisruh, aja nganti cawuh, tak tandangane dhewe
Kresna       : O, ngaten kaka Prabu?
Baladewa   : Iya
Kresna       : Inggih kaka Prabu. Sampun watosna penggalih badhe kula estokaken. Yayi Samiaji?
Puntadewa : Wonten dhawuh kaka Prabu?
Kresna       : Ripaduka ing Mandukara, yayi Arjuna badhe kula kanthi ngawat-awati ingkang yayi pun Werkudara
Puntadewa : Inggih kaka Prabu, kula sumanggaaken. Namung panyuwun kula, saderengipun kaka Prabu jengkar keparenga manjing dhumaten sanggal palangkating, nenuwun dhumateng purbaning Gusti ingkang akarya jagad
Kresna       : Inggih. Kula estokaken dhawuh paduka yayi
Puntadewa : Kembar!
Nakula, Sadewa : Kula wonten timbalan kengken dhawuh kaka Prabu
Puntadewa : Bubarna para wadya ingkang nggantung saba ingsun konduraken wonten kedhaton
Nakula       : Nuninggih. Ngestokaken dhawuh paduka kanjeng kaka Prabu
Sadewa      : Sabetiakat pareka wau riwutnya paripurna sabdanira sang Prabu Buminata kondur wonten kedhaton yak ngarsa teng kepuri kalamun cinandra. Samiya muji syukur marang panguwasaning juwang agung
Hamsa        : togog
Togog        : kula , sinuwun
Hamsa        : Lega atiku gog. bareng wis tak nyatakake tumekana nagara Ngamarta kondange wong Pandawa  jare kondange wong pinter
Togog        : inggih
Hamsa        : ning nyatane jebule Pandawa gonne wong bodho
Togog        : lhoh , kok panjenengan saged ngendika ngoten dasare menapa ?
Hamsa        : tekaku ing Ngamarta kan mung reka reka arep nyileh jimad Kalimasada. Aku reka reka nyilih jimad Kalimasada diulunke Gog
Togog        : Hiyak menapa nggih ?
Hamsa        : Diwenehke
Togog        : Sampun diasta napa dereng ?
Hamsa        : durung
Togog        : durung ngoten atek mempeng , tak kira wis digawa , Sing ajeng maringke sinten ?
Hamsa        :  Sing arep maringke Raden Werkudara
Togog        : loh kok Werkudara ?
Bilung        : loh ? apa wis pindah ? Kok Raden Werkudara ya kang ?
Togog        : hlaa iyo
Bilung        : Utawa pindah kok gak ana pengumuman ? Mangke rumiyin , Raden Werkudara ngendika pripun ?
Hamsa        : Ngene , Raden Werkudara arep maringke jimad Kalimasada ning jaluk paseksen , paseksen sithike wong 500 kon nggawa gaman kabeh , kon milih sing peng pengan . Lak apik to ?
Togog        : apik pripun ? sampeyan ditantang ngono lho
Hamsa        : Loh ? Nantang to ngonowi ?
Togog        : Tenan to nak malah salah , Lung bilung kuwi genahna lung
Bilung        : Rada mundur kang , mengko ndak ra cetha nak ku omong
Togog        : yo
Bilung        : Ngoten nggih , sampeyan niku jan jane nak ditantang Werkudara
Hamsa        : leh ? nantang piye ?
Bilung        : Lha niku lha sampeyan dikon gawa paseksen 500 gawa gaman kabeh , kon milihi sing eng pengan , tegese We kelakon gawa Jimad Kalimasada yen isa ngalahkne Werkudara nak perlu kroyoken wong 500 , ngonten niku karepe
Hamsa        : Loh ? Dadi Werkudara ku nantang aku ?
Bilung        : Inggih
Hamsa        : Atek ora krasa yen nantang aku
Bilung        : lha Ngamarta gone wong alus alus kok , nantang musuhe nganti ora krasa
Hamsa        : lha nggih
Bilung        : Beda karo gone dhewe , wong gone dhewe wong sabrang nak ra diperkosa ra marem , yo ra kang ?
Togog        : Mbuh
Bilung        : Pripun sakniki ?
Hamsa        : Nak manut panemumu piye ? Werkudara diladeni opo ora ?
Bilung        : nek sampeyan manut kula sampeyan bali mawon mumpung yahmene kendaraan jik gampang ngoten . Werkudara kok dimungsuhi
Hamsa        : loh ?/ Werkudara kui bandhane sepira ?
Bilung : Werkudara kok disepelekake ? sampeyan karo anak e wae apa menang
Hamsa        : sapa kui ?
Bilung        : anake Werkudara
Hamsa        : Anake Werkudara kui pira ?
Bilung        : Enten sing 2 , 3 lan 4
Hamsa        : Anak kok ra maton
Bilung        : Loh pancen ngeten niku
Hamsa        : Nek 2 ?
Bilung        : Antareja lan Gathotkaca
Hamsa        : nek 3 ?
Bilung        : Antareja , Gathotkaca lan Antasena
Hamsa        : Lha yen 4 ?
Bilung        : Antareja , Gathotkaca ,  Antasena lan Srenggini
Hamsa        : lha sing bener sing endi ?
Bilung : Nak kula manut sing naggap . Pun pripun ?
Hamsa        : Antareja karo aku pie ?
Bilung        : Tiyange dedeke pada ning gedhe sampeyan
Hamsa        : Gedhe aku ?
Bilung        : Inggih , Bedane nang sampeyan ora betah melek , niku eleke , Agek widasari ae wis turu
Hamsa        : Antareja kui pethingane ?
Bilung        : Pethingane Amblesbumi
Hamsa        : atek kaya welut ?
Bilung        : lha nggih putune ula
Hamsa        : Ula ??
Bilung        : Inggih , Putune Bethara Antabuga , Antabuga nduwe anak wedok bethari Tugimi dipek bratasena nika Antareja nduwe upas , jeneng upas prayan angger ngidoni wong mlonyoh. Antareja
Hamsa        : Nek Gathotkaca ?
Bilung        : Isa mabur
Hamsa        : Aku ya isa !!
Bilung        : Sampeyan isa mabur nanging yen  japane kualikra isa medun nangkring raisa mulih . Gathutkaca kuwi anak dewi Arimbi dimengku Raden Bratasena nduwe anak Gathotkaca . Gathotkaca kuwi mabur medun menclok pundak iso nguntir sirah mati langsung
Hamsa        : Heem ya terus
Bilung        : Antasena kuwi bedha malih
Hamsa        : Sapa kuwi ?
Bilung        : Anake Bethari Urangayu , dipek Bratasena duwe anak Antasena . Antasena duwe sungut loro niku isine nggo upas
Hamsa        : yo yo
Bilung        : Mula yen perang Antasena ngetokne sungud , nyungut musuhe
Hamsa        : medenimen
Bilung        : Srenggani niku anake Rekhatasari nika widodarine yuyu dipek Bratasena , Tangane capit loro.
Hamsa        : Werkudara kok bojo lan maratuane kewan kabeh
Bilung        : Nadyan kewan nanging yo dewa
Hamsa        : Mosok ?? Dewa ula sapa ?
 Bilung       : Antabuga
Hamsa        : Urang ?
Bilung        : Bethara Ranggana
Hamsa        : Yuyu
Bilung        :Bethara Rekatatama
Hamsa        : Bulus
Bilung        : Gedawang anala
Hamsa        : Kodok
Bilung        : Bethara Precil Sumita
Togog        : Ampun digugu ucapane bilung
Hamsa        : togog , dina iki ketatna prajurit , arep tak pethokna prajurit Ngamarta
Togog        : Inggih , Ngatos atos sinuwun
Enjing bidhal gumuruh saking nagari wirata
Gung ingkang palakaswa ka Prabu hananira ing surya wekdal lira

Hamsa        : Togog
Togog        : Inggih
Hamsa        : Ya iki sing Ratu sing nyengkalak omonganku ing Ngamarta
Togog        : lung bilung , cilaka lung
Bilung        : we ngerti ra kang ?
Togog        : kuwi sapa ?
Bilung        : Ratu galak sak jagad , Baladewa kang
Hamsa        : He gage , ngakua sejatine kowe sapa ? kowe gaene maido aku ning ngamarta , nyengkala omonganku

Bukaya yasini pijaja pangawingon-wingon tra kocak ngondar-ngandir
Wejanan nira mbranang pinja kembang ngarawaridhang

Baladewa : He Hamsa lekna mripatmu , gathekna gobokmu, Raden Prabu Baladewa , Okrosanrawarsi jaladara we wani ngumbar ngondal kapram
Bilung        : Omongo kang jak balik wae
Hamsa        : Pancen tak jarak tak temaha Raden Baladewa . Aku tekan Ngamarta aku bakal golek genepe ratu satus sing kurang telu , Ngamarta , Puntadewa darawati kresna katelune kalebu kowe mula kuncupna tanganmu tak banda tak slimpung sikilmu katurn kersane ratu Gustiku
Baladewa : Cangkemu kuwi , Iblis laknat jeleh urip kowe , We ki mok kira Baladewa sapamu ? Pamer umuk , Ayo tangio tak tungkak telakmu we keparat Baladewa , we bosen urip ? wis jeleh ngemut legine gula ? wis ulap nyawang sorote srengenge , tangio , tugel gulumu , Baladewa dilawan , cuuuih
Togog        : Bilung , tilikana kui mati po urip
Bilung        : Mati kok kang
Togog        : alah opo iya ?
Bilung        : Diomongi kok , ijik anget tapi , apa tak pateni pisan ?
Togog        : ngawur ae  , sinuwun , mangga kula aturi wungu , Ratu kok turu ning aspal

Ritua ngawurawurahan tengaraning ajurit
Wong maguru bangsa tetep kaya butula

Hamsa        : Gog , Prabu Baladewa kuwi cengkiling ya gog ?
Togog        : Ya nggih watake ngoteniku , nak gak kuwi dudu Baladewa , Pripun ?
Hamsa        : Tak labrake dewe
Patih          : Keparat , ana satrio dedeke sekilat awake kuru brengose sak kelut kelut methuke lakuku , sapa kuwi ??
Anut lakuning Kurawa ing wuni
Patine sang Abimanyu kena ing cidra
Sira risang Setyaki menyat ngampil sanjata
Saroslamen talangkap borislawa matiti manah cepitan naga gandha
Patih KumandhangGarba : Keparat ana satria dedeke mung sakilat awake kuru brengose sakelut kelut metukake lakuku , sapa kowe ?
Raden Setiaki               : Ngakuo Prajurit saka ngendi ?
Patih KumandhangGarba : wah dala dupak kedisikan , bener , kekeset ratu gusti magada prabu jaralda , we takon kang dadi aranku patih kumndhang garba aranku , kowe sapa ?
Raden Setiaki               : Raden Setiaki
Patih KumandhangGarba : endi sing jenenge Werkudara , kon mrene
Raden Setiaki               : ora susuah nyumbare kakang Werkudara ing ngarepmu anggepen dadi mungsuh bebuyutan
Patih KumandhangGarba : Ambuuh , tak guwak dadmu melesat igamu aja takon takon
----------------------------------------------PERANG--------------------------------------
Patih KumandhangGarba : Sapa iki
Raden Antareja            : Raden Antareja  , Yo ayo krayaken aku
Patih KumandhangGarba : Rasah krayakan
-----------------------------------------------PERANG-------------------------------------
Patih Sentewere : Wah pancen peranakane Pandawa ampuh ampuh
Gathotkaca          : Rasah ngalembana
Patih Sentewere : Kowe sapa ?
Gathotkaca          : Gathotkaca , Kowe sapa ?
Patih Sentewere : Patih Sentewere
--------------------------------------PERANG---------------------------------
Buta Pandhawa tata gati wisaya indriaksasura maruta
Pawanabana margana
Patih Ludra Parimuka : EE lha dala kabeh para prajurit mudrak tak tandangane dewe , Patih ludra parimuka iki ayonana krida kowe geged sigeg pengapit bali dadranu
Patih ludra parimuka Perang karo Gathotkaca
Baladewa   : Adhuh biyung. Jangkrik! Iki sapa iki nibakke gaman tanpa pariwara iki sapa iki? Wah, kowe njarak perkara karo Prabu Baladewa ra dawa umurmu kowe. He, arep ngapa kowe? Hm? Arep ngapa? Hayo guwak! Guwak! Guwak! Manungsa ora kena dieman. Hamsa!
Hamsa        : Apa Prabu Baladewa?
Baladewa   : Kapeksa kowe ora gelem bali
Hamsa        : Aku gelem bali yen aku wis klakon ngendharat Prabu Baladewa
Baladewa   : Piye?
Hamsa        : Gelem bali yen aku wis klakon ngendharat Prabu
Baladewa   : O...lha karepe dhewe. Kowe arep nyumbari karo Prabu Baladewa arep damput kowe? Hayo, hamung sura merata dewi marata katokna budimu! Katokna budimu! Kurang bana nyerana, kurang gamel medatnya, kurang sekti mergurua, ayo! Majua kepara karsa leganing atiku sayuta wara sakethi wuri. Ora-orane kekiwa tandhing karo Prabu Baladewa iki jalukamu kowe! Mandheg! Mandheg! He, apa iki?
Hamsa        : Wastadan
Baladewa   : Apa iki?
Hamsa        : Pusaka Mandura Kyai Nenggala
Baladewa   : Wes pirang-pirang nyawa sing diuntapake karo Nenggala iki klebu kowe. Kowe arep njajak kaprawiran? Kowe arep ngrasakake senjata negara? Nyo!
-----------------------------------PERANG-------------------------------------
Baladewa   : Rasakna, mamprung nyawamu kowe. Matia! Mati! Diomongi ok, wong stres sing dijarag
          Ndidir babahaning lemah nenggih Prabu Hamsa. Ngulat Prabu Dimbaka riwutnya nampi atur rira kiwelah togok. Daya-daya dumangkahing payudan nglangkahi konerapane Prabu Hamsa. Jenggirat, Prabu Hamsa kaya wungu saking nendra.
Baladewa   : Sapa iki? Hmm? Sapa iki?
Dimbaka    : Prabu Dimbaka
Baladewa   : Dimbaka? Prenah apa karo Hamsa?
Dimbaka    : Aku kadang sapeguron
Baladewa   : Kadang sapeguron? Kowe arep belani patine Hamsa ngono apa piye?
Dimbaka    : Apa abamu?
Baladewa   : Lho, kowe arep njajak kaprawiran? Ayo! Nyo! Apa iki? Mati kowe!
-----------------------------------PERANG-------------------------------------

Kresna       : Werkudara!
Werkudara : Kresna kakangku, apa?
Kresna       : Yen kaya ngono kae, kaka Prabu Mandura anggone tumandang rampunge  kapan? Sisip sembire, luput katuranggane kurang-kurang bejane. Kaka Prabu Mandura iki ngko isa lho kewirangan. Gage, Werkudara, biyantunen yayi!
Werkudara : Gemang. Kaya cah cilik ewang-ewangan. Tanggung jawabe dhewe-dhewe
Kresna                 : Lho, aja ngono ta. Yen si adhi kaya ngono ki tegese kowe negakke klawan kaka Prabu Mandura. Kaka Prabu Mandura direwangi adus getih kaya ngono kae, sapa ta sing diewangi? Rak yo kowe. Kok kayane si adhi malah njlomprongake ingkang raka. Apa seneng yen kakang Prabu Mandura yen ta nganti iki mengko ana palagan nganti kewirangan? Seneng kowe?

Hamsa        : Wah, Werkudara, kowe sing tak goleki
Werkudara : Apa abamu? Ayo!
-----------------------------------PERANG-------------------------------------
Hamsa        : Lho, nyo! Waduh biyung
Werkudara : Wah, nyuwen-nyuweni. Mati bareng kowe!
Baladewa   : Kaya ngene ki mesthi kelakuane Werkudara iki. Ora pisan ora pindho, senengane kok gawe gela. Aku rak wis kandha, Baladewa kuwi duwe pakem dhewe. Aku yen tumandang aja nganti diregon-regoni, aja nganti diewuh-ewuhi. Lha kok Werkudara wani celandhakan mateni mungsuhku. Dianggep aku ki ora isa mateni coro-coro iki? He Werkudara! Mandheg! Werkudara! Anggepmu ki apa? Kowe nyepelekke karo wong tuwa? Iya? Kowe nganggep remeh karo Prabu Baladewa? Wong digdaya ya digdaya. Ning nganggo tata krama. Aku wis kandha, aku gelem tumandang gawe, aku gelem perang ning aja nganti ana wong sing ngewuh-ewuhi. Keneng apa kowe wani celandhakan mateni mungsuhku? Kowe pamer? Kowe umuh? Apa ngono kuwi trap-trapaning satriya? Iya? Kowe biyen tau meguru karo Baladewa bareng karo ratu sira Prabu Kurupati. Kowe prigel ing reh olahing gata sapa sing mulang? Prabu Baladewa. Dadi sawise kowe pinter mbok nggo garat garan mirangake marang gurumu ngono apa piye? Hayo gage saiki mangsulana! Kowe aja mung meneng wae. Yen pancen kowe pekewuh, hayo!
Werkudara : Cangkeme
Baladewa   : Adhuh biyung, ora pisan ora pindho, nek ora dikasar ngono ora mendho-mendho. Rumangsane aku dianggep apa? Diremehke aku. Baladewa dianggep sepele, ki wong ki karepe piye ta iki? Ora ngerti sangkaning bilahi dicaruk maruk mak bruk
Werkudara : Piye kuwi? Bocahe nesu
Baladewa   : Lho piye kuwi. Ngarani wong gerang kok cahe ngono kuwi piye kuwi?
Kresna       : Mangke rumiyin kaka Prabu. Ujaripun kaka Prabu rak kelentu tampi
Baladewa   : Kleru tampa piye?
Kresna                 : Werkudara menika janepun boten kok nama celandhakan, nyepelekaken menika boten
Baladewa   : Lha buktine mateni mungsuhku
Kresna                 : Kaka Prabu, Werkudara menika bekti kaliyan tiyang sepah. Bektine wong nom, bektine satriya diwujudake darma. Tegesipun dipunwujudaken makarya kang nyata ngentheng-ngenthengi jejibahane wong tuwa. Kalebet kaka Prabu Mandura menika dipunrencangi kaliyan Werkudara, menika bektinipun kadang anem dhateng tiyang sepuh. Boten kok nama nyepelekaken menika boten kaka Prabu. Lan boten wonten jamahipun tiyang Pandhawa menika nyepelekaken menika boten wonten. Lan malihipun malih, boten wonten baladewa kok perang kalah menika boten wonten. Sampun ta wonten pitados
Baladewa   : Dadi Werkudara iki mau ora nyepelekake?
Kresna       : Boten kaka Prabu
Baladewa   : Wah, ya ya. Tujune kok aku ketemu karo pukrul, wong pinter omong. Nak ora, klakon gelut tenan karo Werkudara aku. Iya, iya, iya. Lha terus?
Kresna                 : Kaka Prabu, menika boten wacinipun derdah madyaning ruwang. Menika kedahipun, menika paduka kaka Prabu inggih biyantu Werkudara, inggih tumandang semanten ugi kula
Baladewa   : Ngono yayi?
Kresna       : Inggih
Baladewa   : Ya, ya. Pun kakang manut
Kresna                 : Kaka Prabu klantun nglajengaken minangka bebetengin negara Ngamarta. Kula kaliyan Werkudara badhe nglajengake lampah.
Baladewa   : Sing ati-ati yayi

Katrikung mulung ngangrempahing wadya
Supala                 : Hamsa, Dimbaka wis dha gugur ana madyaning palagan. Ya, nadyan Hmasa, Dimbaka tumekaning pati yen ta Supala kon takluk karo Pandhawa aku ora sudi. Tetep aku bakal golek reka daya golek dalan supaya murungake sedyane Pandhawa nggone ngenengake sesaji rajasuya. Ya, para Pandhawa, entenana walese Supala tembe mburi leganing atiku

Mulat mera sangarat jono
Esmo samanungsaning kamanungsan nira
Sawangnya gandreh na manis

Kresna       : Arjuna!
Arjuna       : Wonten timbalan dhawuh kaka Prabu?
Kresna                 : Yayi, nadyan ta kepriye wae, ingkang raka si Werkudara aja nganti ditegakake
Arjuna       : Inggih kaka Prabu
Kresna                 : Sebab, Wrkudara kuwi ora baen-baen ora enteng sanggane anggone nandhingi kridhane Jarasandha iki mwngko. Mula, aja nganti katalompen luwih dhisik kampir marang Karang Kedhempel, nganti klawan kakang Semar sapranakane
Arjuna       : Inggih, mangga kaka Prabu, kula dherekaken kaka Prabu
Petruk        : ya iki mau wisantara ngaturake kabeh ngelakon wis katur
Gareng       : eem
Petruk        : iki awake dhewek iki ora baenban nderek tindake ndara werkudara
Semar         : sapa truk?
Petruk        : ya awake dewek kye ndereke ndara werudara
Semar         : wah duh ndara werkudara ke tindhak ora etung etung kancane
Petruk        : apa iya?
Semar         : eeh kae nek tindhak  nggugu karepe dhewek dalane ki kepenak ya metu tengah alas mlumpati kali ngana kue sing ngetokke judek nek aku ora papa, gareng kui
Gareng       : aku apa?
Petruk        : iya wis ora dadi ngapa sing baku awake dewek nyadong  dawuh pangandhikane ndara kiwar ana gawean apa ngana lha ya
Semar         : iya
(nembang)
O…  pakunarto  ratno pantula danyokowing resiwa rekja nawi suta kang munggah kekawis ing rasa dadar tumiyanga ingkang saroto motan warsa megawe wong wong
Gatra laya : ah sinuwun ndara wati cumadung dawuh, wi   ketingaranipun panjenengan nimbali kula kalih anak anak kula sadak enten wigati napa sinuwun
Kresna       : kakang gatra laya, kakang aja dadi arasane pamikirmu dening nggonku nganti kawan kakang gatra laya iki ora liya aku mung jaluk pamujimu kakang jalaran para pandawa dewa iki ngenekake ya kui sesaji raja suya ngaturake panuwun ana gusti kang ngakarya jagad ki sapa pandawa sing entuk kawut kae Negara ngamarta mau
Gatra laya : e… ngaten
Kresna       : iya kakang iki sarate mung kurang siji yaiku sesaji kurban bentaramu werkudara sing kajibah ya kui minangka dadi utusane adil manglurah satru murka
Gatra laya : e lhah nggih nek keparingipun sinuwun mekaten, haa baten rangku kula namung gederek kepareng pajaka ingkang disuru, ayuh arep penokawan
Kresna      : aja dadi kawan laku bentaramu werkudara
(nembang)
PATHET SANGA
manang ga lakune ing angin kuntraga ning arga goro ganita kakiri…  o…ng bumi prakentra kula manamba amba lirput lirpinusut
jegret yayahku gusunakarta nggih para dene werkudara supiwis prapto kepisu ning negari masgata kanthep lampahe karo nem pekalan wujuding gunung langkae gunung ana wujud ing gua rikara semana raden werkudara harsa daya doyang nglumpati wujude gunung nanging sigara arinengseng buta kang slah kedaden.
(musik)
Werkudara perang kaliyan Buta Geni lan Buta Ijo
hagiri giri kenaraprat saca abang galagar maniwah ing  ngisuh hamin bawan anggrotusna manadoh abyi kayun hanuga i...ng.
Buta ijo     : hlah dalah pandegi yah
Buta geni   : mandeg disit gus
Buta ijo      : yanasatriya gung birawa koe sapa hah?
Werkudara  : koe takon karo aku satrio nggol Manawa raden werkudara
Buta ijo       : werkudara
Werkudara  : bimasena
Buta ijo       : bimasena 
Werkudara  : buta ngalahna den koe sapa
Buta ijo       : aku kelangkangane prabu jarasanda setya gala weru hamuka
Buta geni    : aku setya mateng ga sura ha
Buta ijo       : nang ndi setyamu werkudara?
Werkudara  : aku bakal manjing jerone kraton manggada
Buta ijo       : wahaha yen aku esih urip ora kelakon gus becik koe bayua sing pan dadi mangsaku
Werkudara  : ngalah ngalahe aku gading buta pecah ndasmu daning aku
Buta ijo       : getihmu
 (musik)
Werkudara perang kaliyan Buta Geni lan Buta Ijo
Ing multa wruh segara ing talya kan gulung gulungan. Pan gaya hang  gulunging sejaratan i…h
suka gembira tyas ing gaeh sing bima dupi rasiksa tekane wis pejah sing duku mbok ciptane sang sena daya baya manjing kurayagung Negare magada nagya nglumpati wujud ing gunung gya pinambang ing neraka prabu kresna.
(musik)
Wis meh ora hina cupeng wangarina kakine traning anggara wapda sabda ning ugilaring kang nigara caketer i…ng
Werkudara  : wa… bulak balik mung koen sing ngenda ngendani arep apa sebabe kakang kesui ngadek lakuku mboa akui gunung pati gunung ki ora adek
Kresna        : mengka disik iki dudu perkara ngumpeti gunung teka lan orane nanging kira kira ora ngerti yen gununge ki ora sepi rua nanging wis padakna pucuke gunung ana cahya bunder keper  kae apa werkudara
(musik)
Nyatra aruta saking gudra sang kuru kuru yen tanamutusa sangwi i…ng
Werkudara  : waaa tresna kakangku hayaka cahya sumber kletek
Kresna         : werkudara kae pusakane prabu dara sanda kae wujude tambur ing kenaran kyai gurnita
Werkudara  : keningapa tandur kui digedeni
Kresna        : dadi tambur kae tambur kajiman tegese kraton nagada kwe yen klebon wong liya Negara, tambur kui muni sing rasa di tabug dening menungsa dadi wekasane wong liya mau mesthi bakal konangan
Werkudara  : lha yo ganepiye
Kresna         : mengko disik karepe disambur nanging kadang margono heeh janata coba, majua ya yuh
(musik)
Kakya trisangka punang rinangka kinangka tempit tempisan paretnaning bawana yakinu pangabdi yakinu kang na sing yakinu kudu gering iiiiih
Kresna        :werkudara
Werkudara  : nggih kakangku apa?
Kresna        : nah saiki tambur kyai gurnita kae wis ora ana dayan sebab wis diruak daning kadang kijanaka
Werkudara  : ya
Kresna        : nanging koe aja daya daya prabu dara sandaka ratu kang wengis tegelan marang sapa wae
Werkudara  : aku ora wedi tak jarasi abot nalikaku mbadapi ndara marta mbiyen
Kresna        : ya pancen kono yayi ning arep di kaya ngapa siap dadi aja ngentekke bobote liyan jara sandaka nadya tan wengis ing esih ana getihe
Werkudara  : getihe mapan ana ngendi?
Kresna         : jara sandaka yen karo pendita roda iring__
Krisna                  : Jarasandha, nadyan wong wengis kuwi isih ana    becike.
Werkudara          : becike mapan ana ing ngendi?
Krisna                  : Jarasandha yen karo pendhita rada iring, mula ayo mlebu ana jroning kraton. Nanging aku karo kowe membo-membo Brahmana.
Werkudara          : mengkana.
Krisna                  : yoo..
Werkudara          : yo ora lewa, aku mung manut.
Krisna                  : yen pancen ngunu, ayo dina iki.
PATHET MANYURA
Jarasandha          : janing ya katalaga langit mambang tan pasuwulan nuk pamanika ee… lintang surya kusumayana sumawur ee…oo… Eee..dalas padak’e iki kaya ana Brahmana ingkang prapto suri kama Brahmana saka ngendi mara diyagi ngakua.
Krisna                  : inggih sang prabu menawi paduka dangu kaliyan kulapun Brahmana Kesawa.
Jarasandha          : Brahmana Kesawa?
Krisna                  : inggih sang Prabu.
Jarasandha          : la sing bagus kowe sapa?
Janaka                 : kula ingkang sudiya mastani kulapun Brahmana Suparto.
Jarasandha          : sing gagah, gede, duwur?
Werkudara          : aku Brahmana Bilawa.
Jarasandha          : emmm… mengkana yo, tiwas kebeneran kowe tekaa niat ingsun nadyan ora daktimbali, nanging kaya dene kedara dasih, tegese aku duweni gegayuhan aku duweni kekarepan bakal nyuwara wedeke bab perkara pasuknan persajan bae. Brahmana Kesawa ingsun bubar Supena yen ta negaraku, negaraku Magadha iki kesaputing banjir bandhang nganti gapuraning kraton kuwi rubuh. Ingsun antuk pralanpita mengkana mau bakal oleh wahana apa yen pancen kowe ngerti Werdana ana karso ingsun.
Werkudara          : kula sapatan ingsun kang dumiling mang lathi puspita kang medem oo… indahing warni midering baman ee.. oo..
Krisna                  : inggih sang Prabu, menawi paduka sang Prabu mitados kaliyan jasad kula, paduka nampi pasupe nagari Magadha kesaputing banjir bandhang, menawi boten klentu banjir bandhang menika werdinipun bebaya, bebaya ingkang andhatengi dhumateng negari Magadha mangka nyatanipun banjir kala wau saged ngrembahaken gapura gapuraning kraton liripun sisit sembirepun bebaya menika badhe ngrebahaken kawibawan paduka sang Prabu, mlawis saking menika mangga sang Prabu dinten menika kula dherekaken nenuwun dhumateng purbaning Gusti supados sampun ngantos wonten weruha ingkang nempuh wonten negari Magadha kula dherekaken inggih menika menekung manungku puja dhumateng purbaning  kuwasa ngaturaken sedaya ing reh kalepatan, mugi-mugi paduka sang Prabu nampia pepajar kamulyan awis saking keparenge Bathara, sinuwun.
Jarasandha          : suka yaya sinipi cocoban wingna-wingnane prokocak  ngondar-andir wedana nira mbranang pindho kembang wora waribang kasumekta mrang sagedeng bal murup dahanane… ee…. Eeh.. pendhita kaya wara kowe aja ngawu gawar ngucapaning karsane ingsun kok dadi arepaning bebaya kang nekani, ayo.. blakakna bebaya saka ngendi aja maneh kok nglamak ing menungsa kaya dewa khayangan Suralaya dampyak-dampyak tekan ngarepku mundur sejengkah apa maneh mung pendhita nglamak wujudmu, kana mundura, mundura aku ora butuh ucapmu aku ora butuh piwulangmu yen ora gelem mundur apa dadak tak remet ajur pandamu kowe.
Krisna                  : jagad Dewa Bathara yo jagad pangestu mungkara Jarasandha, tes mak bathok mata melok ora dedelok, ngertia sejatine bebaya sing nekani dudu sapa-sapa panjenengane ingsun, aku dudu Brahmana aku pamonge Pandhawa Ratu Ndara Wati Prabu Sri Bathara Krisna, sing mburiku iki kadangku yayi Werkudara, iki Janaka iki kalebu wong Pandhawa, arep ngapa kowe?
Jarasandha          : waah.. iblis laknat.
Mangkahang kro jro sumbar lindu bumi guncing maluduk Guntur kethuk kumuk jekang jala nidi eee….
Jarasandha          : aa.. keparat, ketuan tangguh aku, eh.. jebul kowe wong pendhawa-pendhawa wati, wong licik, kowe teko pengarepanku  jebul kowe wong Pendhawa. Swarane ngluruk marang negaraku, paribasan iwak kecemplung wuwu, kuthuk marani sunduk, ula marani gepuk. Hayoo yen pancen wong kendel kroyoken, aku Jarasandha.
Krisna                  : Pendhawa tekan Negara magadha ora bakal perang kroyokan, yen pancen kowe duwe pamilih, hayoo.. pilihen kabeh sanguh ngladeni kridamu.
Jarasandha          : upamane aku milih kowe, mesthi kowe ora isa perang sebab kowe iki Ratu licik, bisamu mung omongan apa maneh mburimu sing klemar-klemer kui, sing tak pilih kuwi sing gagah gedhe dhuwur.
Krisna                  : Werkudara?
Werkudara          : apa?
Krisna                  : kowe dipilih karo Jarasandha, kowe kudu nandingi kridahan si Jarasandha.
Werkudara          : kon ngeplak? Tak suwek cangkeme sisan kuwi.
Ingkang naga a ngabat-ebati genira tarik tanira nguni.. naga makikikan kumambang katon gumawang wisanyanoman pegisik manaha cigar marang rising bayu siwit….
Jarasandha          : keparat Werkudara wong kang kaya kowe.
Werkudara          : apa abamu? Hayoo.. Ratu gelah-gelahing bawana suketane kuwi panok semane janji laknat ora pantes urip dening alam dunya, pantese kuwi tak terke bali menyang neraka jahanam.
Jarasandha          : wah.. sugih kendel, bandha wani. Majua tak gigit pedhot kupingmu kowe…
                             PERANG….
Werkudara          : eyaaa…..
Jarasandha          : eeeh… modar kowe…
Werkudara          : eyaaa..
Jarasandha          : waah…ehhh..
Werkudara          : eyaaa…
Jarasandha          : ehhh modar kowe heeeh.
Krisna                  : nah ngendela kowe Werkudara, wong ki aja sok ngentengake bobote liyan, aja sok nyepeleke marang kadidayan liyan, nyatane piye? Yathi kasoran to?
Werkudara          : ora watak Werkudara kalah.
Krisna                  : la ngapa kok mundur?
Werkudara          : ngaso.
Krisna                  : ngasoo? Ehehehe.. yo Werkudara?
Werkudara          : apa?
Krisna                  : ngene yo di, upamane Jarasandha kae dedaya kuwi memper, sebab jan-jane mana yen ta si adi kui nyawang kanthi permati Jarasandha kae lak ora wutuh ta di, kae menungsa kae ora wutuh, sawangen ! mula Jarasandha kae parapane nalika nome jenenge Joko Slewah, sebab kulite lak bedo, sawangen ing antarane raine lak bedo, sing separo raine kuwi dadusing separo putih mratelake yen ta wong kui jan-jane munu ora wutuh. Kuwi biyen laire ya mung separo-separo, biyen critane Jara Sandha kuwi lak anake Briya Drata, Briya Drata garwane loro kuwi wis suwe anggone mengku garwa ora putra, nganti Briya Drata kuwi tapa ana tengahing ya kuwi sungataning bengawan bagi ratri nuju sawijining wengi pangkone Prabu Briya Drata ketiban woh pelem pertangga jiwa saka khayangan Suralaya peparing Bathara, who pelem mau diasta kundur diparingake karo garwane dening garwa kuwi loro, peleme diparo, lah saparaning  purnaning dhahar pelem separo-separo mau garwa loro ngger bimi bareng, nanging kocapa Werkudara lek ing poneng jabang bayi lahir jebul lahire ya mung separo-separo, ngunu wae rupane seje dadu klawan putih, wusanane Prabu Briya Drata isin duwe anak kok ora isa sampurna diguwak ning tengah alas, lah ketemu karo wong alasan wadon jenenge Nyai Jara, bayi sing mung separo-separo mau digathuke gathuk-thuk malah urip dijenengke Jarasandha digula wenthah karo Nyai Jara, barang gedhe takon wong tuwane, “aku iki anake sapa” lah dikandani kowe iku anake Prabu Briya Drata, ning kowe disetrakake, Lha bar ngana nesu Joko selawong ngamuk bapakne dipateni mbokne loro dipateni kabeh, dheweke dadi Ratu ora manembah marang Gusti sing gawe urip manembah karo Bathara Kala, sebab nalika cilice Jarasandha uripe ning tengah alas, srawunge karo bangsane kewan. Mula yayi, yen si adi bisa golek pengapesane si Jarasandha gampang matine
Werkudara          : waah, aku wes ngerti
WERKUDARA PERANG KARO JARA SANDHA…
Lahing ko nata wau sang Prabu Jarasandha karuket dening Raden Werkudara, kaya santuk pituduh sang Sena kawan ingkang raka Prabu Sri Bathara Krisna, pengapesane Prabu Jarasandha iling-ilingan atu slewah. Ri kala semanasang Sena agahan sigra suku nira sang Prabu Jarasandha kanan kiring kinepeng kawan sang Werkudara sinebrak sigar byak pecah kapisanan.
Krisna                  : sak pathine Prabu Jarasandha kok dadi ki ana nom-noman kang nangisi konar Prabu Jarasandha kowe ki sapa?
Jayat Sena           : inggih sinuwun menawi paduka dangu kaliyan kula, kula menika putranipun Kanjeng Rama Prabu Jarasandha ingkang sudi mastani kulapun Jayat Sena.
Krisna                  : kowe Jayat Sena.
Jayat Sena           : inggih sang Prabu.
Krisna                  : apa kowe arep belani pathine bapakmu?
Jayat Sena           : babar pisan boten menika silu, estunipun sampun boten kirang-kirang anggen kula suka pemut kaliyan Kanjeng Rama ketingalipun Kanjeng Rama nandhang nyekados mekaten menika ngunduh wohing karma.
Krisna                  : oo.. mengkana dadi kowe wis mengerteni.
Jayat Sena           : inggih estunipun sampun silu.
Krisna                  : ya wis karepmu saiki kepriye?
Jayat Sena           : inggih menawi dipunkeparengaken, kula badhe dherek Suwito kelawan paduka sinuwun nduwara wati kula dipunparanggana  caked klawan para Pandhawa.
Krisna                  : yo.. Pandhawa ora bakal kabotan ingsung minangka  sesulih mung wae kowe tetepa jumeneng Ratu ana Negara Magadha minangka sesulihe bapakmu.
Jayat Sena           : inggih sinuwun.
Krisna                  : iyo, mung wae nganggo bebukten kang rahayu wong Pandhawa ora pisan-pisan bakal milik marang negaramu, ora bakal milik marang wulu pametuning prajamu, kawulamu ayomana tuduhna marang kenegara kautaman.
Jayat Sena           : inggih sang Prabu, ngaturaken geger panuwun ingkang sampun panutan.
Krisna                  : kajaba saka kuwi Jayat Sena, aku njaluk yo kuwi para Raja Narapathi, para Ratu sing dikunjara bapakmu kae kabeh luarana, bakal tak kanthi Negara Ngamarta.
Jayat Sena           : sendika ngestuaken dawuh paduka sinuwun.
PATHET MANYURA
Nang ta sri duryudana alon nangendika duharine ingsun Werkudara dan keparing dene ee…
Suyudana            : Supala?
Supala                 : wonten timbalan niki kedawuh sinuwun.
Suyudana            : kena tak ugemi tembungmu yen ta Pandhawa ngentengake sesaji Raja Suya kuwi mung kanggo gawe kekuatan.
Supala                 : aduh sinuwun, kepejahana sendika dhederek kula  ngertos piyambak menawi dinten menika Pandhawa ngawontenaken sesaji Raja Suya menika, menika estunipun, estunipun naming badhe damel kekiyatan para Raja Narapati dipun kempalaken ing benjang Bharata Yuda Jaya Binangun sageda sageda inggih menika manunggal kaliyan para Pandhawa ngrencangi ing benjang tumapahing Praageng Bharata Yuda Jaya Binangun.
Suyudana            : iblis laknat, ehheeemm Bapa Durna?
Durna                  : kados pundi ngger?
Suyudana            : pripun murid sampean para Pandhawa jebul kejeme ngungkuli kula.
Durna                  : mangke rumiyin ngger, sampun daya-daya nampi pradulipun tiyang sanes dening kinanten menawi ingkang dipunucapaken Supala menika saestu…
Supala                 : panemban, kula ngertos piyambak belanipun sinuwun kula dherekaken, kula dherekaken sareng-sareng murungaken sedyaning Pandhawa anggenipun ngawontenaken sesaji Raja Suya, paduka sinuwun ingkang badhe kapitunan.
Suyudana            : karepmu piye?
Supala                 : mangke kula ingkang minggah stinggil paduka sang Prabu wonten jawi damel ontren-ontren supados kisruh kiduh kawontenanipun negarane dra pasrawa.
Suyudana            : iyo yen pancen ngunu, paman Sengkuni? 
Sengkuni             : wonten dawuh.
Suyudana            : tatanen Kurawa, gawe ontren-ontren ana alun-alun Negara Ngamarta.
Sengkuni             : sumawi kula dherekaken.
....
Sengkuni             : oala lo le lo le.. mblegudhuk monyor-monyor, jenenge kurawa ki nek dijak elek soale kog gelis, yen didandani bab perkara kautaman angele ora jamak nanging nak dijak sulaya ngono wis paribasane rindik langsung dititik, yoh Begawan Durna mung sakderma aku ngawat-awati saka kadohan, ibarate wong nandur undhuhen dewe tanduranmu.
PATHET MANYURA
Mirang maha yekti sakwising semedi, mungguhing crabakan deng wani ali..heee…
Suyudana            : putu Prabu Punta Dewa.
Punta Dewa        : wonten timbalane niki ngedawuh kanjeng eyang Prabu ing wirapa.
Suyudana            : putu Prabu, pun kaki rumangsa bombong nggersakwise kaki nyumurupi sedyaning para Pandhawa ingkang sirengkuyung klawan tulusing tekadmu kabeh putuku pandhawa, kawis manunggalake cipta rasa budi karsa bakal ngentengake sesaji Raja Suya, nyatane bisa kasumbadan. Prabot-prabote uga kabeh uga wis cumawis.
Punta Dewa        : inggih kanjeng eyang.
Suyudana            : wiwit saka Brahmana pitu ingkang pinandegan ingkang eyang sarimbit Begawan Bisma klawan ingkang eyang Begawan Abyasa.
Durna                  : ya ngger, anak putu prabu pun kaki. Ing tala kandha ing saguh bakal suka sabyantu.
Bisma                  : semana uga pun kaki ing satuwarga.
Salya                   : inggih ngger anak prabu pun bapa ing kumdina Prabu Bismaka inggih ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami.
Bharatayuda       : inggih sematen ugi pun Bapa ing pancala ngger ngaturaken grenggeng panuwun ingkang pinpindha jalaran rikala semanten kula dipunkunjara klawan Pejarasandha  sesarengan klawan sinuwun kumdina nyatanipun anak kulapun Werkudara ingkang saged, inggih menika mitulungi dhumateng kasang sayan kula.
Punta Dewa        : inggih kanjeng paman prabu, menawi tetala mekaten eyang, dinten menika kula sumanggaaken kepareng paduka kanjeng eyang.  
Suyudana            : iyo Punta Dewa, rening dina iki sira kulub wis bisa manunggalake para Raja Narapati ratu luwih sangka satus Negara kang minangka dadi paseksen padha ngucapake puji syukur nyengkuyung klawan adeking pandhawa nggone ngentengake sesaji Raja Suya dina iki sira putu Prabu Darma kusuma dak sengkakake ngaluhur minangka dadi Ratu Agung ya sinebut Maha Diraja ya Ratu Samrat tegese ratune para ratu lah ingkang minangka pamong Agung ora liya putu Prabu Sri Bathara Krisna ingkang minangka pamonge Ratu Agung uga sinebut pamong Agung jalaran sing bisa ngegoake kasembatan sijia para Pandhawa mung putu Prabu Sri Bathara Krisna.
Krisna                  :keparenga munjuk atur eyang.
Suyudana            : iyo piye ngger?
Krisna                  : menapa sampun sak trepipun menawi kula pundadosaken pamong Agung jalaran taksih wonten langkung sepuh tinimbang kula eyang.
Suyudana            : ngger iki dudu perkara umur nanging perkara kewajiban sing bisa ngrampungake kewajiban ora liya mung jeneng Prabu Nduwara Wati. Mula, tak tetepake Ratu Samrat sipun Punta Dewa Pamong Agung. Ratu Nduwara Wati Prabu Bathara, sapa wae duweni panemu kena waton bisa nyengkuyung kasantosan bisa anjalari katentreman sapa wae tak keparengake pyak-pyak pyak-pyak. 
Supala                 : pareng matur sinuwun.
Suyudana            : kowe sapa?
Supala                 : kula Nalendra Cedi Prabu Sri Supala.
Suyudana            : karepmu arep ngapa?
Supala                 : kula badhe sumala matur tetela sesaji Raja Suya ingkang mpun gelar kaliyan pandhawa menika boten syah, menika boten syah.
                             : dasar.
Supala                 : sampun boten wonten peperangan, sampun boten wonten peperangan. Menapa malih kok ngantos dumugi ning paten pinaten minangka nyatanipun Pandhawa taksih taberi nyirnaaken salah satunggaling Nalendra dereng dangu menika nyirnaaken Ratu Magadha Prabu Jarasandha, pejahipun kaliyan Werkudara semanten ugi Prabu Hamso lan Dimbaka pejah wonten ing alun-alun negari Ngamarta menapa kados ngaten westani sesaji Raja Suya ingkang sae kaping kalihipun Punta Dewa pundadosaken Ratu Samrat tegesipun Ratu Agung, Agungipun Punta Dewa menika wonten pundi? Ratu Bodho balelu Ratu ora tau perang Ratu ora tau jangkah metu saka ngomah menapa kados ngaten menika mangke dipunajeni kaliyan Prabu Krisna menika sanes Prabu Agung nanging Prabu krisna menika Ratu licik sebab menapa mlebet dhumateng negari Magadha keneng ngapa nyoh dada Adi dada  kok malah membo-membo Brahmana mung jebule goleki lelani Prabu Jara Sandha milahipun kula saged matur menawi sajira jasa ingkang pungelar pandhawa menika boten syah menika naming reka daya rekayasa, mekaten atur kula. Nuwun.
Suyudana            : kaki kresna.
Krisna                  : kula wonten dawuh eyang.
Suyudana            : piye, iki ana panemune Supala kaya mengkene.
Krisna                  : inggih boten dados menapa menika pemanggih ingkang sae, namung kemawon inggih kedah dipuntelusuri nalaripun.
Krisna                  : Supala?
Supala                 : wonten dawuh sinuwun.
Krisna                  : coba ayo metu sedela, supala?
Supala                 : wonten dawuh sinuwun.
Krisna                  : kowe ra durung bawur ta mripatmu?
Supala                 : inggih, dereng.
Krisna                  : yen pancen isih awas mara gagea waspadakna aku sapa?
Supala                 : paduka sinuwun Ndara Wati Prabu Sri Bathara Krisna.
Krisna                  : apamu?
Supala                 : paduka guru kula.
Krisna                  : apa wis jamak lumrahe yen kowe kuwi gawe wiranging gurumu ana parepatan Agung, Supala? Kowe kuwi wiwit cilik tak gula wentah kowe kuwi biyen lahirmu ya cacat nalika semana kowe kuwi nggegilani wujudmu, bapak wae ora gelem nggula wenthah banjur kowe ki dipasrahake karo aku, wusanane kowe tak wiradati kowe dadi manungsa lumrah kowe tak pundhut. Putra angkat dadi putra siswaku. Lah kok mengkana panemumu, apa kowe ki pamer ben diarani wong kendel ngana? kurang apa anggonku paring pituduh parimg piwulang kautaman karo kowe Supala? Lah kog kaya mengkana piwalesmu karo gurumu, aku ora njaluk mbok pepundhi nanging kowe ngertia marang kautaman, kowe ngerti wujude kewan asu? ngerti ta kowe?
Supala                 : inggih ngertos.
Krisna                  : kewan asu kuwi kewan sing nggegilani kewan reged, ning asu kuwi yen ta wis diopeni wis digula wentah diwenehi pakan kuwi titen karo sing makani gelem tunggu omah yen ana maling gelem jegok tegese sing sono mau gelem niteni marang labuh lapete marang wong kang wis paring kebecikan, lah bareng kowe Supala? Kowe ki menungsa tak beciki kowe ki tak pinterke. Lah kok mung trima kaya mengkana piwalesmu karo gurumu kowe wani mirang-mirangake gurumu ya kuwi ana parepatan Agung Supala, yen pancen mengkana paedahe, apa kowe uripana alam dunya. Yen uripmu mung paribasan kaya kemladehan nemplok kana nemplok kene, ora wurung bakal gawe kapitungan, yen kowe kesuen urip akeh sing wong kowe mung mbok tatoni atine, nyoh tanpanana ganjaranku iki.
Baladewa            : yayi prabu.
Krisna                  : wonten dawuh kaka prabu.
Baladewa            : Supala iki lak muridmu ta?
Krisna                  : inggih.
Baladewa            : lah keneng apa guru kok kejem karo muride, nyatane muridmu mbok pateni dewe. Saiki dununging kebecikan darmane guru ana ngendi yen kaya mengkana yayi.
Krisna                  : la kala rumiyin kaka prabu, menawi anggenipun mriksani menika namung kanthi netra walaka menika pinanggihipun guru kog kesem karo muride, namung estanipun Supala menika njarak perkawis kados mekaten, menika njarak kaliyan kula supados kula menika muring supados kula nesu menawi kula sampun muring, sampun nesu puruna tumandang nyirnaaken Supala.
Baladewa            : dadi kepengen mati saka tanganmu.
Krisna                  : inggih.
Baladewa            : dasaripun apa?
Krisna                  : dasaripun ngaten, Supala menika gadhahi pemanggih kula menika dipunwestani titising bethara Wisnu.
Baladewa            : em yo.
Krisna                  : menawi Supala menika pejah saking tangan kula, tegesipun pejahipun Supala menika kawis saking keparingipun saking bathara Wisnu pinanggihipun Supala nampi kasuwargan.
Baladewa            : ooo.. ngana?
Krisna                  : inggih menika pemanggihipun Supala.
Baladewa            : emm yo yayi.
Krisna                  : mila kaka. Prabu boten perlu dipunpenggalih menawi Supala pejah idep-idep guru nyuwargaake murid, menawi kula ingkang pejah idep-idep murid nyuwargake guru, ngana kok bingung.
Duryudana          : Werkudara ora susah dadak kowe neka-neka ngentengake sesaji Raja Suya. Aku wis ngerti gedhohanmu kowe nglumpukake para Raja Narapati kae arep mbok nggo kekuatan besok Baratha Yuda Jaya Binangun lan mbok kanggo kanca mbok nggo bala arep mbok nggo rombongan mbok anggep aku ora ngerti aku, kapisanmu aku wis ngerti ora susah dadak ngenteni Baratha Yuda yen rusak iki wae tokne kabeh parwadya balamu ratu-ratu mbok kon gropyok Prabu Duryudana.
Werkudara          : cangkemu.
PERANG…..
Duryudana                   : paman Sengkuni.
Sengkuni             : wonten dawuh ngger.
Duryudana         : aku ngingu patih kowe ki ora ana gunane patih kok mung jruntal-jruntal kaya wedus prucul, ngerti yen ratune kewirangan meneng wae.
Sengkuni             : mangke rumiyin, sinuwun, estunipun menawi dinten menika paduka badhe mrawasa kaliyan Pandhawa sengara badhe kasembatan jalaran Pandhawa menika nembe winowonging Bathara, Pandhawa menika dipunagal inggih angel.
Duryudana          : prayogane piye? Aku kepengen genti miring-mirangake Pandhawa.
Sengkuni             : sak menika ngaten kemawon kedah mawi cara ingkang alus mari Karti Santika supados boten kawistara pandhawa menika lak boten nate nula panantang.
Duryudana                   : iya.
Sengkuni             : dipunajak menapa kemawon, piyambakipun mesthi manut milanipun benjang-benjang wulan ngajeng, wulan sae nedhenging purnama sidhi Pandhawa dipuntimbali dhateng Negari Ngastina.
Duryudana                   : perlune?
Sengkuni             :dipuntantang kesukan dadu.
Duryudana                   : mengkana paman?
Sengkuni             :inggih. Dipuntantang  kesukan dadu mangke ingkang nglampahaken dadu kula boten wurunga para Pandhawa badhe telas-telasan paduka saged pados mareme panggalih pinangka menawi perlu paduka ngukup kamenengan damel wirange Pandhawa.
Duryudana                   : aja ngajak kesuked, saiki wae?
Sengkuni             : walah nak sak niki boten saged, dereng saged kedah nangguh wanci ingkang prayogi ngentosi taun wingking, menawi mriki malihpun lajengaken.
Duryudana                   : ngono?
Sengkuni             : inggih.
Duryudana          : yo.. pamayem pancen mengkana kowe tak ugemi tembung nanging yen nganti gharah aja takon sesok.
Sengkuni             : mangke janggalipun ingkang paman ingkang kinalyan lintu bagus ditata aja nganti  ngawistarani.
Krisna                  : Werkudara?
Werkudara          : Krisna kakangku apa?
Krisna                  : aja daya-daya ya di?
Werkudara          : wah kemropok atiku, urung lega yen aku urung klakon ngejur-ejur ratu Ngastina.
Krisna                  : mengko disik, keneng apa si Adi dadak kowe ki kobongan atimu ora prayoga ya di? Eman-eman lak ya ngana ta kakang Semar?
Semar                  : inggih. Ampun ngugemi gurem ceceker. Ee kurawa nika upama kewan ngaten nika. Gurem, ee.. cilik ning nggateli ning boten perlu dipupenggalih sampun mangke menawi panjenenganipun Werkudara ee.. ngantos namung nuruti krenteking manah kirang prayogi eman-eman pandhawa sampun kelampahan inggih menika ngawontenaken sesaji. Raja Suya malah kebak ing pengati-ati.
Werkudara          : mengkana?
Semar                  : inggih, ngagengaken raos katresnan dhumateng sagung para Darsih muji syukur ngersanipun Gusti ingkang murbeng dumadi sesarengan klawan kulawarga ageng warga masyarakat ing tunggarana. Anggenipun sampun ngawontenaken inggih menika sesaji syukur tansah pinar dawa kamulyanipun antuka katentremaning Gusti kang akandyaga jagad.


SELESAI..
                  











Tidak ada komentar:

Posting Komentar