PETRUK DADI RATU
Ing
sakitare gedung pusaka Gathotkaca lan Drupadi ketemu. Ratu drupadi arep
menehake jimat jamus Kalimasada ning Gathutkaca. Drupadi wis percaya banget
marang Gathotkaca sing wis bisa disandalake njaga gaman.
Sawise
jamus kalimasada diwenehake, ratu
Drupadi mesen yen kudu ngati ati aja nganti disalahgunakne pusaka kuwi mau.
banjur Drupadi ngongkon Gathutkaca cepet cepet balik menyang candi saptaarga
amarga wis ditunggu karo prajurit pandhawa.
Ing
perjalanan gathutkaca ketemu Srikandi lan pasukan panahe. Srikandi takon takon
karo Gathotkaca opo tujuane gathutkaca teka ing Ngamarta. Banjur gathotkaca
mangsuli pitakonane Srikandi yen diutus Prabu Puntadewa mundhut Jamus
Kalimasada.
Srikandi
sing kepengen ngrebut jamus kalimasada kuwi mau nyegati lakune sang Prajurit
gagah mau. Sampe gathutkaca arep ditangkep karo prajurite panah. Ing keadaan
kuwi srikandi ngetokne gaman Gandhewa. Pas panahe ditarik dipaske ing awake
gathotkaca lan kuwi Gathotkaca banjur malih dadi prajurit wadon sing pada
sektine karo srikandi, yaitu
Mustakaweni.
Sabanjure
wis malih Mustakaweni ngajak gelut Srikandi, ing kono wong loro adu gaman, Mustakaweni sing gawa Jamus kalimasada nanging
ora digawe, Srikandi sing wis pegel
banjur manah mustakaweni, mustakaweni kena
panah lan awake mibaer munggah ing langit. Srikandi mlayu bingung golek
pitulungan.
Ing
dalan Srikandi ketemu priya gagah lan bagus sing arane Bambang Priyambodo karo
Semar. Semar ngenalake ning Srikandi yen Bambang Priyambodo isih bisa diaku
anake. Amarga kuwi Bambang yaiku anak saka Arjuna. Nanging Srikandi ora sudi
ngaku anak yen durung bisa ngalahake Mustakaweni. Ora pamit langsung Bambang
Priyambodo bablas nguber playune sang Mustakaweni.
Kelangan
playune Mustakaweni, Priyambodo njajal
goleki Mustakaweni nganggo aji aji kesaktiyane, sakwise ketemu, Priyambodo golek cara supaya Mustakaweni bali
marang dheweke, Priyambodo malih dadi
kakange Mustakaweni, banjur deweke
digendam saka kadohan, Mustakaweni
digendam nganggo aji ajine banjur mlesat tiba Mustakaweni ing ngarepe Kakange.
Mustakaweni bingung, malah diseneni karo
kakange amarga wis entuk gaman Kalimasada nanging ora bali, kakange kepengen ngerti wujude Kalimasada, banjur wis dewenehke, kakange malih dadi Priyambodo.
Mustakaweni
njaluk pitulungan bambang Cakil lan buta buta. Banjur Cakil mlayu nguber
Priyambodo sing gawa gaman mau. Ing kono kedadeyan perang kembange Bambang
Cakil lan Bambang Priyambodo. Nanging tetep menang sang Priyambodo ing perang
kembang iki.
Ora
ngertio sakwise menang, priyambodo
diparani Srikandi ibune tiri, lan
Kalimasada dijaluk karo Srikandi, sakwise diwenehake tetep wae Srikandi kudi mau
jelmaan saka Mustakaweni
Saking
kesele Mustakaweni kesel lan ngaso ing sendang, ora luput karo kesaktiane Priyambodo tetep
nguber lan njelma njelma dadi Bapa guru ne Mustakaweni, Kalimasada dijaluk maneh, lan nitipne Kalimasada ning Petruk banjur
Priyambodo gawe dawa masalahe mustakaweni.
Ing
pinggire Sendang, Mustakaweni lan
Priyambodo gelut, lan akhire Priyambodo
ngudani Mustakaweni lan yen gelem manut kudu dadi bojone. Mustakaweni manut
banjur agemane dibalekne kabeh utuh ing awake.
Ing
crita pertapan Saptaarga, pandawa lagi
kumpul bareng baladewa lan kresna.
Kresna
lan Baladewa asline ora setuju yen dibangune Saaptargaa iki, nanging wis dijlentrehne alasane Puntadewa
janaka lan sedulure banjur Kresna wis lega.
Ing
kono Srikandi teka ngagetne Pandawa gawa kabar yen Kalimasada dicolong dening
Mustakaweni. Ing kono ora let suwi Mustakaweni lan Priyambodo teko lan pada
kenalan. Priyambodo wis njelasne yen Kalimasada di titipake dening Petruk.
kresna lan Baladewa kaget amarga bakal dadi masalah gedhe.
Petruk
nekani negara Loji Tengara sing ana ratune Prabu jayasentika. petruk gawe geger
loji tengara kepengin dadi ratu ing kono. ora terima kabeh perajurite maju
gekut lawan petruk nanging pada kalah kabeh. amarga petruk gawa jamus kalimasda,
Prabu Jyasentika maju gelut nanging
kalah. wis pada nyerah lan nyerahne keprambone ing Petruk. banjur petruk dadi
ratune Loji Tengara.
Sakwise maca cerita wayang Petruk dadi Ratu, Coba digarap soal 5 iki , [Klik ana kene]
Sakwise maca cerita wayang Petruk dadi Ratu, Coba digarap soal 5 iki , [Klik ana kene]
Tidak ada komentar:
Posting Komentar