Ksatria Jurit

Wilujeng Rawuh wonten Blog Jiwa Jawi dening Oki Bagus S lan Ernis Rositarini

Jumat, 06 Desember 2013

CERKAK


TRESNAKU NGANTI PATIKU
dening 
Oki Bagus Setiawan

Ing wayah sore ana Surabaya lagi udan deres. Sono lunga menyang surabaya karo ibune. Amarga udan deres , Sono lan ibune karepan nginep ana ing daleme Mbahe.
*tulit-tulit* Wah ana sms iki, saking senenge langsung jegegat njumuk hp sing ana ing tas

“Mas, ayo buka bareng mengko mas. Wis suwe ora ketemu karo kowe mas”

Sono sing oleh sms saka bocah sing ditresnani kuwi mau langsung seneng banget, ananging saka senenge iki dheweke ora bisa langsung ketemu. Sono lagi ana ing Surabaya lagi tilik Mbahe.
Sabanjure dheweke balesi sms mau kanthi ngomong yen dheweke lagi ana keperluan sing panggone saiki ana ing Surabaya. Dheweke wis cerita yen lagi tilik mbahe sing lagi gerah. Sono ya ora bakalan nginep suwe-suwe yen wis di sms karo wong sing disenengi
Ora sabar si Bila kepengen ketemu Sono, dheweke njanjeni yen sesuk ora mulih lan buka bareng bakal nesu karo Sono. Ing Surabaya Sono mung sedina banjur dheweke balik Sragen maneh. Amarga sono arep nepati janjine marang Bila.
Sesuke jam-jam 4 sore Sono ngajak Bila metu,
Bil, Bila..
“oh ya mas sedela mas Bila lagi adus bocahe, mangga mlebet mas, tanggape Ibune Bila”
“nggih Bu, ngapunten nggangi lho bu, saute Sono”
Sedela Sono ngenteni Bila adus, karo ngetokake sabungkus rokok Djisamsoe banjur disumet lan disedot karo dheweke. Ora let suwene nyumet rokok Bila metu saka kamare,
“Mas... Celathune si Bila”
“eh wis bar dandan cah ayu?” jegegat kaget karo nyawang peraupane bocah sing ditresnani kuwi mau
“kok tambah bagus ngono to mas saiki wis wani cekelan rokok ning ngarepku”, nyindire Bila kanthi alus
“hehe... ora oleh dik? yawis tak pateni sik ya” saute
“ya karepmu mas!!” rada jengkel karo Sono
Karo jengkele langsung nyekel helm munggah montor.
“Mas karo ngentheni bedug magrib awakedhewe muter-muter kutha disik ya mas?” ajake si Bila
Langsung ora usah dikongkon Sono langsung tanggap. Asline Sono ora mung kepengin ngabuburit lan buka bareng,nanging ana perlu maneh sing luwih dipentingake amarga supaya atine lega. Bocah loro mau wis suwe kenale, Sono uga nduweni rasa tresna marang Bila iki mau. Bila uga wis ngerti nanging dheweke mung ugung nanggepi.
Sono sing wis kebelet kepingin ngerteni rasane Bila kanggo dheweke kuwi mau turut dalan karo muji-muji Bila. Saben enggokan dalan sing diliwati ora mung sapisan pindo lambene ngetokake ukara kang bisa ngepek atine Bila.
“Dik kowe ngerti peraupanmu kuwi kaya kembang mawar sing ana ing taman Alun-alun kae lho” gombalane Sono wis mulai metu
“aah ya masak to mas?wong aku ki ora ayu yen disawang kok mas” jawabe Bila
“iya dik aku ki temenan yen ngomong kaya mangkene”
Wis suwe-suwe anggene muter kota kanggo ngenteni magrib lan saiki wis magrog ana ing Warung Es Degan. Lumrahe wong lagi poso mesthine golek sing seger-seger dhisik. Ing kono Bila lan Sono mbatalake posone.
“Mas, es degan loro ya” celatune si Sono
“Oh iya mas, ngantri sik ya” jawabe sing dodolan es degan
Karo ngenteni es degane dadi mau, Sono ngetokne coklat sing dituku sedurung budal menyang omahe Bila mau. Ben rada romantis karepe Sono.
“dik iki kanggo kowe”
“aduh mas iki enak tenan mas, senenganku lho iki mas”
“dik dik, aku kepingin ngomong sithik nanging temenan dik”
“iya mas apa mas? kok kayane rada penting to?”
“iki ora penting dik, masalahe karo ati dik”
Wis saking ora bisa ngempet rasa sing suwe banget dadi unek-uneke iki, sono banjur nerusake pentinge sing ana ing atine dheke
“Bil, aku kuwi...’’
“ngapunten mas menika es degan e”
“ooooooooh iya mas iya” karo kaget lan sepontan mandik anggene arep ngetokake unek-unek.
“piye mas gek ndang diterusake mas”
“mengko dik tak ambegan dhisik ya, wis di mimik dhisik ae iki es e selak ora enak mengko”
Wis lumayan radha bisa ambegan, sono banjur nerusake celathu marang Bila. Bila ya cerita akeh kahanan sing ana mengarepe iki, Bila bakal pindah ana ing luar Jawa. Ora kepingin sakjane nanging sanadyan iki wis dadi keputusan supaya bisa newangi ekonomine keluarga
“loh kok kerja adoh to dik?”
“ora ngesakake aku to ditinggal dhwean”?
“hla piye maneh mas aku ya bingung”
“aku ki tresna karo kowe apa bae sing kanggo kowe tak lakoni dik”
Bener tenan anggene Sono omong iki mau, dheweke yen wis kadung tresna banget karo wong bakal nindhakake apa bae sing dadi pingine.  Sono mlayu ana ing pojokan ratan, dhweke kepingin menehi mawar kanggo Bila.
“sik sedela dik aku tak mlayu mrono ya”
Saking cepete dheweke mlayu lan gawa mawar merah sing dirangkai khusus kanggo bocah sing ana ing sandinge. Saking wis ora kuat ngempet  Dik aku bakal ngetokake unek-unekku iki dik, aku tresna banget marang sampeyan dik, wis suwe anggene awake dhewe cedak nanging lagi iki aku arepe ngethokake rasa sing ana atiku, aku seneng karo kowe senadyan sawise iki bakal ora mbok terima aku iki
Mas aku bingung aku karo awakku, aku wis nduwe sisihan saiki mas, nanging aku ya ora bisa ninggalake sampeyan mas, sampeyan padha luwih apike mas. Aja maneh yen iki tak terima nanging aku arep lunga ya percumah mas, aku matur nuwun banget mas karo rasane atimu kui. Aku ora pengin nggawe atimu tambah lara mas, ora tega mas rasane yen nyawang kowe.

Netes banyu luhe Sono sabanjure dheweke omong isine atine , semono uga dheweke nyimpen rasane kuwi dhewean , jebule tambah arep ditinggal lunga adoh
“yawis dik tak terima alasanmu iki , aku kudu sinau ikhlas saka kene, muga muga kowe bisa seteruse karo sisihanmu saiki dik, aku mung bisa nyawang kowe gandhengan karo wong liya”
Ora tega nyawang praupan lan krungu swarane Sono , Bila banjur melu mbrebes , dheweke nyekeli tangane Sono , dicekeli terus bingung arepan kepriye.
“iki yen awake dhewe jodo,gusti bakal nyatukne awake dhewe maneh mas , nanging yaiki kudu nglewati kahanan sing kaya mengkene,aku kudu pisahan , aku kudu sandingan karo wong liya disik” omonge Bila.
Sono wis bisa tegar , Sono ngerangkul awake Bila, sing mungkin iki bakal dadi pisahane. Wis banjur padha meneng saka nangise. Saiki Bila arep pamitan budhal menyang Batam. Sono nitipake kembang mawar mau supaya disimpen nganti layu. Mungkin iki bisa dadi pisahan sing ora ndadekake rasa jengkel.
Bila banjur pamitan lan ninggalake Sono dhewean , wis kudu ikhlas dheweke ditinggal karo Bila. Bila sing kudu lunga dina iki mau wis kudu tega.
*Pirang taun mengarep.

Sono lagi ngedusi montore ing ngarep omahe.
“nyuwun sewu mas menika daleme Mas Sono nggih ?” takone Pak Pos
“ohh inggih pak, kula piyambak” saute Sono
“wah wonten kiriman surat mas, menika”
“maturnuwun nggih pak”
Banjur dheweke ngelapi kringet lan tangane supaya surat mau ora teles. Sawise kuwi Sono mbukak surat mau, Surat mau dikirim saka Batam dening Bila. Banjur wis diwaca isine kuwi mau babagan kawinane Bila ing Batam. Sono bingung kudu seneng utawa kudu legawa atine. Yen kui wis dadi takdire dudu jodone Sono kudu ikhlas lahir batin Bila dadi sandingane wong liya.
Dheweke janji bakal teka marang kawinane Bila sing ana ing Batam sasi ngarep kuwi. Supaya bisa ngerti mantan sir sirane dadi bojone wong liya. Wis siap siap moro ana Bandara Solo. Pesawate budal menyang Batam, ya mengkene nasibe Sono sing kelaran njaba njerone , ora bisa ketemu salawase karo Bila. Pesawat singb ditumpaki sono mau tiba nyemplung laut. Akeh korbane , sono melu dadi korban sing mati ning tempat.

*bar

Tidak ada komentar:

Posting Komentar