Ksatria Jurit

Wilujeng Rawuh wonten Blog Jiwa Jawi dening Oki Bagus S lan Ernis Rositarini

Selasa, 24 Desember 2013

Batangan tembang pucung


Bapak Pucung dudu watu dudu gunung
Sabane ing sebrang
Titihane sri Bupati
Yen lumaku si pucung lembehan grana
Batangane : ........

Bpak pucung cangkemu madhep mandhuwur
Sabamu ing sendhang
Pencaanmu lambung kering
Prapteng wisma sipucung mutah kuwawa
Batangane : ........

Bapak pucung bisa nggereng bisa mbengung ngambah jumantara
Kayu manuk rajawali
Wira-wiri nggawa barang lan manungsa
Batangane : ........

Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Yen lumaku si pucung nyumbar swara
Batangane : ........

Bapak pucung rupane saengga gunung
Soklat semu abang
Saben wong mesthi gething
Yen kanggonan dielus-elus tinangisan
Batangane : ........


7 komentar:

  1. Gajah
    Buyung
    Motor mabur
    Sepur
    Udun

    BalasHapus
  2. Ha....ha...ha...
    Min... Admin....Saya kira halaman ini memberikan informasi...

    Ternyata sama2 bingung.. wkkkk

    BalasHapus
  3. Bapak Pucung kok bahasa Indonesia trs jadi cerita lagi hahaha😂

    BalasHapus