Ksatria Jurit

Wilujeng Rawuh wonten Blog Jiwa Jawi dening Oki Bagus S lan Ernis Rositarini

Rabu, 08 Januari 2014

GEGURITAN

GAMEL KANG ORA BISA NGGAMEL
Semana suasanane iki rasa ngalun
Merdu kairing lagu
Agawe katentreman tanpa rasa kang sendu
Kanthi pelog, slendro lan barang kairingan
Uga tata lan krama kang sumilir ing tabuhane
Dina iki krungu-krungu ana pawarta
Sak jroning kotak kang trapsila
Susila anggone micara
Gamelan aran alat-alate
Lagu kuwi mau ana ing puluhan taun kepungkur
Ananging kae sapa?
Putih mancung rambut abang
Mbranang katon padhang
Kesengsem anggone nabuh
Nabuh kendang nganthi kumandang
Menawa wae kae si walanda
Utawa bisa uga para warising negara
Kang janji bakal ambudidaya budaya
Sanajan tansah diuji lan diuja
Nanging kuwi dudu babagan ing urusanku
Amarga aku namung gamel kang ora bisa nggamel..

CERKAK

DOMPET ILANG
“Dompetku ilanggg...” Anis mbengok-bengok sanalika bubar bukak tas sekolahe yen dompete ora ana. Wis digoleki turut ngendi-ngendi, kabeh panggonan sing ana ing omahe. Asile tetep wae suwung, ora ana uga dompete. Anis bingung nganti ora ketulungan. Bocahe geger wae nganti saomah uga melu bingung dhewe.
Krriinggg... kriinggg... Anis telpon Asih.
“Hallo”, saurane Asih.
“Dompetku ilangg..”
“Apa sig ilang Nis?”
“Dompetku...” Anis nyauri karo mbengok-bengok.
“Kalem Nis aja mbengok-bengok kaya mangkana ta? Kok bisa ilang? Ilang ning ngendi?”
“Aku iya ora mudeng Sih, mula aku takon kowe, menawa yen ngerti kok.”
“Aku ora mudeng tenan Nis, bisa-bisane kowe nuduh aku kaya mangkana ki kepiye? Coba digoleki ning sekolahan Nis, kowe mau ana ning ngendi wae?”
“Walahh.. aku iki ora nuduh kowe ya Sih, aku namung takon menawa yen kowe ki ngerti dompetku, namung kaya mangkana kok ya..”
“Owalahh.. ya wis ayo tak ewangi goleki yen mangkana.” Saurane Asih sing arep ngewangi goleki dompete Anis.
“Iya Sih.” Langsung wae Anis nutup telpone, langsung dheweke menyang sekolahan, nanging namung dhewean, ora karo si Asih, merga Asih kuwi namung kakehan ngomong ora bakalan ngewangi goleki namung ngrusuhi wae.
Ana ning sekolahan, kapisan Anis menyang kelas, kantin, lapangan lan pungkasane Anis menyang parkiran. Nanging asile tetp wae ora ana, wis kahanan sekolahan wayah sore kuwi sepi ora ana uwong. Banjur Anis mulih menyang omahe, dheweke katon lesu, lemes, ora gelem mangan merga dompete ora ketemu-ketemu.
Anis duweni pamikiran yen menawa dompete ketemu, kaya mangkene pamikirane Anis “yen dompetku ketemu yen sing nemu wong lanang arep aku dadekake pacar, yen wedhok arep aku dadekake sedulur lan tak turuti apa wae panjalukane”. Anis lagi janji karo awake dhewe.
Anis dadi muring-muringan dhewe merga dompete sing ilang kuwi ora ketemu-ketemu. Sejatine ora merga dhuwite sing ana njero dompete sing diarepake, nanging kertu-kertu sekolah lan foto artis sing  jenenge Dimas Anggara, merga Anis seneng banget karo artis sing jenenge Dimas Anggara kuwi mau. Mula dheweke bingung wae. Sanajan Dimas Anggara kuwi mirip karo bocah lanang sing ana ning sekolahane sing disenengi menyang Anis, sanajan ora bisa duweni uwonge, foto artis sing mirip ya ora apa-apa jarene Anis. Rasane Anis gelo banget kelangan foto kuwi.
“Baleeekknaaa dompetkuu... sapa wae sing nemukake ndang baleknee..” bengokane Anis ora jelas saiking wis mumet bocahe.
Wengi-wengi wis wayah uwong arep mapan turu, Anis duweni pamikiran yen arep telpon Asih.
“Sssiiihhh...?” Anis telpon Asih meneh.
“Apa ta Nis? Takon dompet meneh? Aku iki ora mudeng tenanan ya, apa kowe iya arep nuduh aku meneh yen aku sing jupuk dompetmu ngono?”
“Ya Allah, aku ora nuduh kowe Sih, aku namung njaluk tulung kowe, ewangono aku goleki dompetku ya?” Anis njaluk tulung Asih.
“Wingi arep diewangi malah telpone ditutup, piye ta Nis awakmu ki? Sajake kok mumet ngono?”
“Iya pancen tenan kok Sih, iki aku wis mumet tenan iki.”
“Jane ki ning njero dompetmu ana pira ta Nis?”
“Ora akeh jane Sih, namung seket ewu jane, wong pas aku ora duwe dhuwit kok.”
“Walah Nis.. namung semana angur diikhlasne wae ta?”
“Ora bisa Sih, dudu dhuwite sing tak karepake, nanging ya pokoke ya enek wae Sih.”
“Ya wis sesuk takewangi goleki Nis.” Sidane Asih gelem nulungi Anis goleki dompete.
Esuk-esuk mruput kae Anis karo Asih wis tekan sekolahan. Bocah loro kuwi mangkat esuk-esuk namung arep goleki dompete Anis dhisek. Nanging tetep wae ora ketemu. Rumangsa kabeh kanca-kancane sekolah ya wis ditakoni menawa yen ngerti dompete, nanging kanca-kancane ya padha ora ngerti. Anis karo Asih wis kaya ora sanggup maneh arep goleki, wis padha kesel olehe goleki. Digoleki rana-rana ya asile padha wae, tetep ora ana.
“Sih iki piye tetep wae ora ketemu iki piye?”  Anis nggresula menyang Asih.
“Lha piye Nis? Wis digoleki rana-rana ya ora ana.” Saurane Asih.
“Lha iya ta Sih, nganti aku iki ya duweni janji karo awaku dhewe yen sing nemu wong lanang arep tak dadekake pacar yen wedhok arep tak dadekake sedulur karo takturuti kepenginane, panjalukane apa wae, mangkana Sih. Piye menurutmu?” Anis takon menyang Asih.
“Iya ora apa-apa Nis, yen kuwi wis dadi kekarepanmu, aku dadi kanca ya namung bisa nulungi iki.”
“Iya Sih, suwun ya kowe wis gelem ngewangi aku? Piye yen menyang kantin wae? Takjajakne gelem?” Anis nawani Asih.
“Hehe.. yen aku ditawani kaya mangkana iya gelem-gelem wae Nis, ayo yen mangkana.” Wong loro kuwi mau menyang kantin bareng-bareng.
Ana ning kantin sekolahan Anis karo Asih, Wahyu ngampiri Anis karo Asih. Wahyu njaluk nomer hpne Anis. Wektu kuwi Anis bungah banget atine, merga Wahyu kuwi bocah lanang sing ana ning sekolahan sing disenengi menyang Anis, Wahyu kuwi sing diarani Anis mirip karo artis sing jenenge Dimas Anggara kuwi mau.
Ora suwe-suwe maneh nomere Anis langsung diwenehake menyang Wahyu. Nganti-nganti Anis lali yen lagi kelangan dompete. Sanajan Wahyu kuwi kaya obat sing bisa nglalekake yen dompete ilang. Sabubare kuwi Anis namung guya-guyu wae kaya wong ngedan. Ya jenenge wae uwong lagi nandhang tresna.
“Nis ya gene kowe kuwi guya-guyu dhewe wae?” Asih takon-takon merga lagi pengin weruh.
“Apa lagi ora weruh ta Sih yen kancamu iki lagi seneng?” Anis isih karo guya-guyu, mesam-mesem.
“Owalahh.. gara-gara nemormu dijaluk menyang Wahyu ta?” Asih neges-neges pengin ngerti.
“Ya kuwi weruh kowe Sih?”
“Saiki wis lali karo dompete sing wis ilang ya?” Asih takon karo semu guyu.
“Wah iya ki Sih, dompetku lagi ilang ya?” Ngomong karo rada mrengut.
Jam sepuluh bengi Hpne Anis muni.
Treengg.. trengg ..
Anis mbuka sms, sing smse munine kaya mangkene,
“sugeng dalu Anisa? Iki aku Wahyu sing njaluk nomermu ning kantin mau. Lagi ngapa Anisa? Ow.. iya langsung wae ya? Sesuk sore jam papat ketemu aku ning taman sekolah bisa apa ora Nis? Matur nuwun”.
Anis maca sms kuwi atine bungah banget, macane wae karo mesam-mesem, smse Wahyu menyang Anis dibales kaya mangkene,
“Sugeng dalu ugi Wahyu, iki nembe sinau. Ow.. iya bisa banget kok Wahyu”.
Sadurunge jam papat sore, Anis wis bingung wae. Dheweke bingung arep nanggo klambi kaya apa. Dheweke kepengin banget yen Wahyu kuwi seneng karo awake.
Wis jam setengah papat sore Anis mangkat menyang taman sekolah, dheweke nanggo klambi werna abang. Yen disawang katon patut lan ayu kae. Teka ning taman sekolah Anis ngerti Wahyu lungguh ning kursi taman sekolah sing lagi nungguni Anis. Anis kaya-kaya wis ora sabar ngampiri Wahyu, banjur Anis ngampiri Wahyu.
“Wahyu?” Undange Anis karo mesem-mesem.
“Eh.. Anis.” Wahyu mbales meseme Anis.
“Wis suwe tekamu mrene?”
“Durung suwe kok Nis.” Saurane Wahyu menyang Anis.
Wis sejam olehe Wahyu karo Anis jagongan. Wahyu meruhake dompet werna pink ana gambare kembang-kembang menyang Anis. Dompet kuwi gone Anis.
“Aku krungu-krungu kowe lagi bingung golrki dompetmu, apa iki dompetmu Nis?” Wahyu takon menyang Anis karo nyodorake dompete kuwi mau.
“Walah.. dompetku.. kok bisa ana ning kowe Wah?” Anis semu kaget.
“Iya pancen Nis, aku nemu pas mulih sekolah ana ning parkiran. Mula takjupuk, njerone ana kertu perpustakaan sing ana jenengmu. Mula iki takbalekne menyang kowe.” Wangsulane Wahyu.
“Iya Wahyu, aku matur nuwun banget ya?” Atine Anis bungah banget.
“Iya Anis padha-padha, hadiah kanggo aku apa iki? Sing nemukake dompete?” Takone Wahyu karo guya-guyu.
“Hehehe.. lha panjalukanmu apa ta Wah?” Saurane Anis karo isin-isin.
“Hemmm.. ya kapan-kapanwae Nis, ora siki aku njaluke.” Wangsulane Wahyu karo mesem.
Mulih saka taman Anis namung guya-guyu, mesam-mesem wae. Sanajan dompete ketemu uga bisa ketemu Wahyu. Wis ora ana sing bisa nyaingi rasa bungahe Anis sing lagi dirasakake iki.
Sabubare ketemu ana ing taman sekolah mau, Wahyu karo Anis dadi kerep smsan, telponan lan dadi saya cedak. Yen ana sekolahan ya kerep amore, wis kaya-kaya wong pacaran. Nganti akeh sing ngarani yen Wahyu karo Anis kuwi pacaran. Nanging wong loro kuwi durung pacaran, namung lagi cedak wae.
Jam wolu wengi kae Wahyu sms Anis, mangkana unine,
“Anis, lagi ngapa sliramu? Sesuk ketemu maneh ya ning taman sekolah jam telu sore ya? Sliramu gelem apa ora? Aku arep nagih hadiah aka kowe iki, hehehe.. “
Banjur smse Wahyu dibales menyang Anis kaya mangkana,
“Lagi ora ngapa-ngapa iki, iya aku bisa kok, hehehe...”
Jam telu sore Wahyu karo Anis ketemu wong loro ana ing taman sekolah maneh. Wong loro lagi gojek-gojekan ora genah. Wis sabubare gojek-gojekan Wahyu banjur ngomong kaya mangkene,
“Anis piye hadiahe kanggo aku?” Wahyu takon tenanan menyang Anis.
Banjur Anis sumaur, “lha kowe pengin apa Wah? Ndang apa takwenehi”.
Wahyu mangsuli, “aku kepengin kowe dadi pacarku, piye Nis?”
“Ora usah guyonan kaya mangkana ta, hehehe..” saurane Anis karo batine rada seneng.
Wahyu banjur mangsuli, “aku iki tenanan Nis, ora guyoanan. Aku wis suwe seneng karo kowe, namung aku ora wani ngomong menyang kowe, piye Nis? Kowe gelem ora dadi pacarku?”
“Piye ya Wahyu? Jane aku ya wis suwe banget seneng karo kowe, mula foto Dimas Anggara sing mirip karo kowe taksimpen ana ning dompetku, dompetku ilang, aku nganti bingung, nganti aku gawe janji sapa sing bisa nemu dompetku, yen lanang dadi pacarku yen wedhok dadi sedulurku lan panjalukane arep takturuti. Iki uga aku karo nyaur janjiku iki mau, aku gelem Wahyu dadi pacarmu.” Saurane Anis karo mesem.
Saiki Wahyu karo Anis wis pacaran tenan. Rasane atine Anis ora karuan, wis campur-campur rasane. Wis ana hikmahe dompete ilang. Dompete ilang, tresnane banjur teka.

BLANGKON

BUDAYA JAWA "BLANGKON"
Blangkon iku sajinis panutup sirah kanggo wong priya sing kagawé saka bahan kain bathik utawa lurik. Blangkon sejatiné wujud modhèrn lan praktis saka iket. Ing busana tradhisional adat Jawa lan adat Sundha blangkon dianggo minangka pasangan karo busana beskap. (miturut Wikipedia)

Ing jaman modern iki blangkon ono ing masyarakat Yogyakarta khususe gunungkidul uwes mulai ilang seka pikiran masyarakat. Blangkon seng uwes suwe dadi budaya warga jawa iki, mulai kegiles karo topi-topi seng dadi trend ing kalangan muda-mudi.

 Nek arep weroh jinis-jinis blangkon iso mbok woco ing ngisor iki:

Ana sawetara jinis blangkon miturut adat ing papan panggonan tinamtu. Jinis blangkon antara liya:

1.    Blangkon Sala, saka bahan bathik ora nganggo mondholan (trèpès).
2.    Blangkon Yogya, nganggo mondholan.
3.    Blangkon Kedhu.
4.    Blangkon Banyumas.
5.    Blangkon Sundha, saka bahan bathik, ora nganggo mondholan.

Mondholan, iku wangun sing njendhol ing samburiné blangkon, makili modhèl rambut priya sing kerep dibundhel ing mburi. Blangkon modhèl trèpès, iku wujud sing umum blangkon gagrag Surakarta. Gaya iki minangka modhifikasi saka gaya Yogyakarta, amarga akèh-akèhé priya saiki arambut cendhak. Modhèl trèpès iki digawé kanthi njait langsung mondholan ing bagéan mburi blangkon. Saliyané saka suku Jawa , ana uga sawetara suku sing migunakaké panutup sirah sajinis blangkon nanging béda wujudé, yaiku suku Sundha, suku Madura, suku Bali, lan sapanunggalané. (Wikipedia)

Ing pikiranne para mudha jaman saiki, nganggo blangkon iku koyo ndadeke deweke tambah katrok, cupu, ketinggalan jaman lan sak liyan-liyane. Ningo nek awake dewe nganggo. Podo wae wes melu nglestarekake budaya jawa. Dadi ora eneng seng jenenge wong jowo ilang jawane.

Kenapa ora? Neng Daerah Istimewa Yogyakarta netapke dino blangkon saben minggune. Umpamane dino setu dadi dino blangkon, dadi saben dina setu bocah-bocah seklah do nganggo blangkon seko SD, SMP, SMK, lan SMA. Dadine para pelajar ing kutho Yogyakarta duwe kekhasan karo kutho-kutho liyane.

Aku nduwe pepinginan supoyo sesok blangkon iso dadi benda sing ora mung diweruhi  wong Yogyakarta tok. Ningo bisa diweruhi ing mata internasional. Dadine ora mung dingo warga Indonesia ningo warga mancanegara

CERITA WAYANG "Bambang Sakri"


Bambang sakri putrane Begawan Sekutrem, sawijining wiku dibya ing prapatan saptaarga. Bambang Sakri atmajane widadari saka kahyyangan kang kaparingaken dening Bathara Naradha jalaran Sang Begawan Sekutrem bangkit anyirnakake satruning kahyangan yakuwi Prabu Kalimantara narendra ing negara Nuswantara. Sawadya balane sirna tumpes tapis, malah banjur wujud pusaka sarta gegaman ampuh kang tembene kagadhuh dening para pandhawa. Bambang Sakri iku bagus lan njenthara, luruh sarwa alus, gampang tanggap ing sasmita, lantip pasang graitane. Tur ora ninggal karemenane ingkang rama Begawan Sekutrem, remen cegah dhahar lawan guling, remen nenepi lelana brata. Saya panakawane ki Lurah Badranaya sak anake dhemen banget duwe momongan kang pekik warnane, luhur budine. Kanthi mengkono meh saben dina tindak cangkrama menyang alas-alas –alas ngambah lengkehing gunung, nyaketi para tapa sarta banjur mangsah semadi bebarengan.
Begawan Sekutrem uga pirsa yen Bambang Sakri ora ninggal lekase ingkang rama. Nanging dikuwatirake, manawa kebacut mung nengenake panembah mangka Bambang Sakri isih mudha tumaruna, lah yen nganti nuli ora kersa nambut silaning akrama satemah banjur cuthel ora darbe turun, ora wurung ing mbesuke ora bakal kelakon bisa nurunake trahing ratu ing tanah jawa. Mula ingkang putra nuli tinimbalan. Begawan Sekutrem ngendika menawa kodrat kuwi tumuwuh kudu ngrembakakake keturunan leren disik nggonira tarak brata, gunakake mangsa taruna kanggo nguja kekarepanira ngrasakake kamuktening jagad.
Nalika Bambang Sekutrem ngendika rada sora ngatonake nggoneladak lirih, yen sira wangkot ora gelem palakrama, ya wis sira aja dedunung ana pertapan saptaarga, Bambang Sakri tanggap yen ingkang rama duka, nuli ngaras pada, alon-alon ninggalake pretapan saptaarga. Kyai Semar sapranakane ora tega marang bendara momongane mula nuli nututi.
Kocapa ning marga kang wis adoh saka pertapan, ketemu Prabu Partawijaya ratu ing Trabelasuket. Iki ya ngono, ngandika yen arep mundhut mantu, bakal kadhaupake karo atmajane, Dewi Sati kang supena ketemu Bambang Sakri. Nadyan sakawit mopo, nannging banjur kasaut, kaasta kondur. Tekan taman trebelasuket klakon ditemokake lawan Dewi Sati kang ayune prasast widadari ngejawantah. Bambang Sakri nggone mulat akedhep tesmak bareng wuninga wujude sekar kedhaton ing Trebelasuket, mula bareng Dewi Sati ngacarani lenggah Bambang Sakri nora suwala lenggahe malah rada nyedhak. Ora maido dhasare pancen wusw wancine birahi nanging sarehne kulina cegah dhahar guling, mbendung hardaning napsu, kapindho ing pertapan ora ana wanodya kang endah ing warna. Bareng Dewi Sati uga klakon ketemu kang diimpi-impi, mula bendunganing napsu sanalika bedhah. Malah banjur walaka yen Bambang Sakri saguh minangkani pamundhute Dewi Sati. Sigar manjing papan pagulingan, bawane padha tanggap anetepi wajib jumbuh lawan kodrate dhewe-dhewe. Dewi Sati wus sawega ing gati netepi darmaning putri. Bambang Sakri tanggap marang jejibahane dadi gurulaki, mula sakedhep netra pusaka angrabasa dumadi curiga manjing warangka.
Kocapa kang tinilar aneng njaba, nadyan wis yuswa nanging rehne sipat jalu lan wanita, jawane ya tanggap marang swasana nuli kridha, kapiyarsa swara manembrama mawa tembang pucung . bagong uga seniman gurawalan nggone nanggapi yen wong kuru sing biyen tilase wong ayu, pujine dak tampa gawe suka rileng galih. Emban Nyai Behi mangsuli yen wong tuwo kuwi kudu darbe rasa rumangsa, aja rumangsa kaya duk maksih taruna. Nyai behi rumangsa diwelehake mula nuli mundur niyate gawe unjukan. Nahenta kang munggweng jinemrum tambuh solahe kang nembe andon yuda asmara, pranyata wus pinesthi dening karsaning Dewa yen Bambang Sakri lan Dewi Sati dadya sarana nurunake wiji trahing satriya mbeg utama. Mula nora jeneng mokal sawise sawatara sandra nggone dedunung ing praja Trebelasuket Bambang Sakri rena dene Dewi Sati wus nggarbini kang tembe bakal nglairake bayi kakung Raden Palasara.