Guneman
migunakake parikan
Ing
bebrayan jawa lumrah banget yen pinuju lagi rembugan/guneman wong siji lan
sijine iku migunakake parikan.
a. Ancas
tujuane rembugan kanthi migunakake parikan
- Wong sing diajak guneman mau bisa
mikir-mikir apa kang bakal dadi isine guneman satenane jalaran ukara pambuka
(sampirane wus dikandhakake) sawuse krungu ukara pambuka, wong sing krungu
gelem ora gelem banjur nulir budi apa isi kang jumbuh, cocog ora isi sing
dinuga, karo sing satenane dikandhakake dening wong sing nuturake parikan mau.
Kanggo wong sing nuturake oarikan butuh daya pemikir lan pagentha-entha.
Sasuwene gawe sampiran mula kudu kreatif. Kang kaya mangkene mengkene iki
diarani fungsi kreatif.
· Wong
kang wus kulina guneman nganggo parikan, dheweke bakal kulina nyambut gawe
kanthi titi lan gawe rencana kang maton sadurunge tumindak. Pakulina njumbuhake
pemikire uwong mau. Tegese: yen arep omongan kudu nganggo landesan
lan nyata kang kaya diarani mangkene iki diarani fungsi deduktif.
· Uga
ora keri, yen krungu rembuge wong kang nuturake parikan. Sapa wae sing krungu
arep luwih seneng lan dheweke bakal nggatekake cendhake utawa rembuge ora
njuwehi. Mula parikan bisa kanggo sarana maning kawigatane kang mirengake. Kang
kaya mangkene iki diarani fungsi rekreatif.
b. Tengerane
parikan
1) Parikan
dumadi saka rong ukara
- Ukara
kapisan pinangka sampiran/pambuka/pawadan
- Ukara
kapindho pinangka isi/intine rembug
2) Isine
parikan kang lumrah ngemot bab-bab kaya ing ngisor iki.
- Pitutur/pituduh/nasehat
- Pasemon/sindhiran
- Ngala-ala
- Guneman
lumrah
3) Nganggo
purwakanthi swara
Purwakanthi
yaiku runtute swara, sastra, utawa basa ing saben rembug.
Umpamane:
a) Purwakanthi
swara, kang runtut aksara vokal (a, i, u, e, o)
- Gemi
setiti ngati-ati sugih beras pari gusti allah kang maringi
- Bangsa
kita para mudha imbangun negara
- Bocah
bodho longa-longo kaya kebo pakanane suket ijo
- Suwe-suwe
aku ya rene golek barang kang ora duwe
- Kura-kura
uga bisa metu nadyan ora saalu-alu
b) Purwakanthi
sastra, kang runtut sastrane (aksara konsonan)
- Kala
kula kelas kaleh, kula kelangan kalung kalih kulo, keli kalen kilen kulo, kulo
kantun kelop-kelop
- Sapa
sing salah seleh
- Arang
nanging miring, areng-areng ora rata
- Lan
sapiturute
4) Tuladha
parikan
· Jagung
bakarane mas, (sampiran)
aku tanggung prekarane (isi)
aku tanggung prekarane (isi)
· Kripik
gedhang, kripik tela (sampiran)
sithik endhang watone rata (isi)
sithik endhang watone rata (isi)
· Nyangking
ember kiwa tengen (sampiran)
Lungguh
jejer kanggo tamba (isi)
Soal
Parikan
ngisor iki golekana gathuke!
1. Makan
sili nganggo iwak, jarik lurik temumpang
klasa (...)
2. Ciu
ocak-acik, rasa pala kanggo bumbu
iwak. (...)
3. Mlaku-mlaku
ning pasar kembang tuku uyah keliru
tahu. (...)
4. Kripik
gedang kripik
tela (...)
5. Kembang
jambu gogrog dipangan
uler. (...)
A. Cintaku
sekonyong-konyong kodher
B. Sithik
endhang sing penting rata
C. Sapa
wae sing bijine abang, yen kuliah kudu sinau
D. Karepku
ngajak becik, dene kotampa ala bejane awak
E. Bola
bali wis bejane awak, sing dilirik ora rumangsa
Tidak ada komentar:
Posting Komentar