Basa
Jawa Krama
Krama
Lugu
Basa
Krama Lugu yaiku basa kang tetembunge migunakake tembung krama kabeh tanpa
kacampuran karo tembung krama inggil. Dene gunane basa krama lugu kasebut
dienggo guneman dening : a. Wong enom marang wong tuwa. b. Wong mbasakake
awake dhewe. c. Wong sing lagi pitepungan anyar. d. Para murid marang gurune.
e. Abdi marang bendarane. f. Andhahan marang pimpinane.
ꦧꦭꦸꦁ==Krama
Inggil== Basa Krama Inggil kuwi tembungé nganggo krama
dicampur
tembung krama inggil tumrap sing diajak wicara. Basa Jawa Krama biasa dianggo
wicara antarané priyayi cilik marang priyayi gedhé, wong anom marang wong sing
luwih tuwa. Ciri-ciri utama:
- Aku diowahi dadi kawula, abdidalem kawula utawa dalem waé
- Kowé diowahi dadi panjenengan dalem utawa dicekak nandalem waé
Mudha
Krama
Basa
Mudha Krama iki basa sing luwes banget kanggo sok sapa waé. Wong sing diajak
wicara dikurmati, déné sing ngajak wicara mapanaké dhiri pribadi ana ing
tataran sangisoré. Biasané dianggo déning para mudha marang wong sing luwih
tuwa. Ciri-ciriné antara liya:
- Aku, diowahi dadi kula
- Kowé, diowahi dadi panjenengan, sampéyan, panjenenganipun kangmas, panjenenganipun ibu lsp.
- Ater-ater dak-, diowahi dadi kula
- Ater-ater ko-, diowahi dadi dipun
- Panambang -ku, diowahi dadi kula
- Panambang -mu, diowahi dadi panjenengan, sampéyan
- Panambang -é, diowahi dadi -ipun
- Panambang -aké, diowahi dadi aken
Tuladha:
A:
"Bapak, punika wonten tamu. Sajakipun priyantun tebih".
B:
"Ana tamu. Aturana lenggah dhisik. Tak salin sedhéla".
B:
"É déné kowé, tak arani dhayoh saka ngendi".
C:
"Inggih, temtunipun damel kagèt panjenenganipun bapak sekaliyan. Tiyang
kula, mboten ngaturi serat rumiyin".
Krama
Desa
Basa
Krama Desa migunakaké tembung basa krama dicampur tembung krama desa. Ciri-ciri
utama:
- Aku diowahi dadi kula
- Kowé diowahi dadi sampéyan
- Ater-ater dak- diowahi dadi kula
- Ater-ater ko- diowahi dadi sampéyan
- Ater-ater di- diowahi dadi dipun
Kramantara
Kramantara
kuwi kabèh tembung-tembungé saka basa krama ora dicampur karo krama inggil.
Biasa dipigunakaké déning wong tuwa marang wong sing
luwih anom, dideleng saka umur utawa kalungguhané. Ananging dina iki
tataran basa Kramantara iki wis ora biasa dianggo, senadyan tumrap sing luwih
anom lan luwih dhuwur kalungguhané ora kabotan nganggo tataran basa Mudha
Krama. Ciri-ciriné:
- Aku, diowahi dadi kula
- Kowé, diowahi dadi sampéyan
- Ater-ater dak-, diowahi dadi kula
- Ater-ater di-, diowahi dadi dipun-
- Panambang -ku, diowahi dadi kula
- Panambang -mu, diowahi dadi sampéyan
- Panambang -é, diowahi dadi ipun
- Panambang -aké, diowahi dadi aken
Tuladha
A nganggo basa Kramantara B nganggo basa Mudha Krama
A:
"Dhateng kula punika manawi pun adhi suka, kula nedha nyambut gadhahan
sampéyan gangsa klenèngan".
B:
"Kagem ing damel punapa teka kadingarèn mawi mundhut klenèngan".
A:
"Anu, keng mbakyu nyetauni putu, kemaruk sampun lungsé saweg gadhah putu
sapunika".
B:
"Ingkang kapundhut sléndro punapa pélog?"
B:
"Kalih pisan kémawon, mangké yèn namung salah satunggal mindhak damel
cuwaning tamu"
Wredha
Krama
Wredha
Krama kuwi mèh padha karo Kramantara, padha-padha ora dicampur nganggo tembung
krama inggil, bédané ana ing ater-ater di-, panambang -é,
lan panambang -aké.
- Ater-ater di- ing tataran Kramantara diowahi dadi dipun-, nanging ing Wedha Krama tetep ora owah.
- Panambang -é, ing basa Kramantara diowahi dadi ipun, déné ing Wredha Krama tetep ora owah.
- Panambang -aké ing basa Kramantara dadi aken, déné ing Wredha Krama tetep ora owah.
- Tembung aku, kowé, ater-ater dak-, ko-, padha karo ing tataran Kramantara.
Tataran
Wedha Krama iki uga wis arang dianggo, umué luwih milih Mudha Krama.
Tuladha:
A nganggo basa Wredha Krama B nganggo basa Mudha Krama
A:
"Pinten lélangané kapal kalih punika?"
B:
"Kula nun, kawan belah, dèrèng presèn tuwin wragading lampah".
A:
"Dados mboten kirang kawan atus resiké?"
B:
"Manawi".
A:
"Punapa mulus mboten wonten ciriné?"
B:
"Ingkang satunggal mulus, satunggalipun ciri suduk".
A:
"Inggilé punapa jangkep kawan kaki?"
B:
"Namung kirang sadim".
Tidak ada komentar:
Posting Komentar