Bambang sakri putrane Begawan
Sekutrem, sawijining wiku dibya ing prapatan saptaarga. Bambang Sakri atmajane
widadari saka kahyyangan kang kaparingaken dening Bathara Naradha jalaran Sang
Begawan Sekutrem bangkit anyirnakake satruning kahyangan yakuwi Prabu Kalimantara
narendra ing negara Nuswantara. Sawadya balane sirna tumpes tapis, malah banjur
wujud pusaka sarta gegaman ampuh kang tembene kagadhuh dening para pandhawa.
Bambang Sakri iku bagus lan njenthara, luruh sarwa alus, gampang tanggap ing
sasmita, lantip pasang graitane. Tur ora ninggal karemenane ingkang rama
Begawan Sekutrem, remen cegah dhahar lawan guling, remen nenepi lelana brata.
Saya panakawane ki Lurah Badranaya sak anake dhemen banget duwe momongan kang
pekik warnane, luhur budine. Kanthi mengkono meh saben dina tindak cangkrama
menyang alas-alas –alas ngambah lengkehing gunung, nyaketi para tapa sarta
banjur mangsah semadi bebarengan.
Begawan Sekutrem uga pirsa yen
Bambang Sakri ora ninggal lekase ingkang rama. Nanging dikuwatirake, manawa
kebacut mung nengenake panembah mangka Bambang Sakri isih mudha tumaruna, lah
yen nganti nuli ora kersa nambut silaning akrama satemah banjur cuthel ora
darbe turun, ora wurung ing mbesuke ora bakal kelakon bisa nurunake trahing
ratu ing tanah jawa. Mula ingkang putra nuli tinimbalan. Begawan Sekutrem
ngendika menawa kodrat kuwi tumuwuh kudu ngrembakakake keturunan leren disik
nggonira tarak brata, gunakake mangsa taruna kanggo nguja kekarepanira
ngrasakake kamuktening jagad.
Nalika Bambang Sekutrem ngendika rada sora ngatonake
nggoneladak lirih, yen sira wangkot ora gelem palakrama, ya wis sira aja
dedunung ana pertapan saptaarga, Bambang Sakri tanggap yen ingkang rama duka,
nuli ngaras pada, alon-alon ninggalake pretapan saptaarga. Kyai Semar
sapranakane ora tega marang bendara momongane mula nuli nututi.
Kocapa ning marga kang wis adoh
saka pertapan, ketemu Prabu Partawijaya ratu ing Trabelasuket. Iki ya ngono,
ngandika yen arep mundhut mantu, bakal kadhaupake karo atmajane, Dewi Sati kang
supena ketemu Bambang Sakri. Nadyan sakawit mopo, nannging banjur kasaut,
kaasta kondur. Tekan taman trebelasuket klakon ditemokake lawan Dewi Sati kang
ayune prasast widadari ngejawantah. Bambang Sakri nggone mulat akedhep tesmak
bareng wuninga wujude sekar kedhaton ing Trebelasuket, mula bareng Dewi Sati
ngacarani lenggah Bambang Sakri nora suwala lenggahe malah rada nyedhak. Ora
maido dhasare pancen wusw wancine birahi nanging sarehne kulina cegah dhahar
guling, mbendung hardaning napsu, kapindho ing pertapan ora ana wanodya kang
endah ing warna. Bareng Dewi Sati uga klakon ketemu kang diimpi-impi, mula
bendunganing napsu sanalika bedhah. Malah banjur walaka yen Bambang Sakri saguh
minangkani pamundhute Dewi Sati. Sigar manjing papan pagulingan, bawane padha
tanggap anetepi wajib jumbuh lawan kodrate dhewe-dhewe. Dewi Sati wus sawega
ing gati netepi darmaning putri. Bambang Sakri tanggap marang jejibahane dadi
gurulaki, mula sakedhep netra pusaka angrabasa dumadi curiga manjing warangka.
Kocapa kang tinilar aneng njaba,
nadyan wis yuswa nanging rehne sipat jalu lan wanita, jawane ya tanggap marang
swasana nuli kridha, kapiyarsa swara manembrama mawa tembang pucung . bagong
uga seniman gurawalan nggone nanggapi yen wong kuru sing biyen tilase wong ayu,
pujine dak tampa gawe suka rileng galih. Emban Nyai Behi mangsuli yen wong tuwo
kuwi kudu darbe rasa rumangsa, aja rumangsa kaya duk maksih taruna. Nyai behi
rumangsa diwelehake mula nuli mundur niyate gawe unjukan. Nahenta kang
munggweng jinemrum tambuh solahe kang nembe andon yuda asmara, pranyata wus
pinesthi dening karsaning Dewa yen Bambang Sakri lan Dewi Sati dadya sarana
nurunake wiji trahing satriya mbeg utama. Mula nora jeneng mokal sawise
sawatara sandra nggone dedunung ing praja Trebelasuket Bambang Sakri rena dene
Dewi Sati wus nggarbini kang tembe bakal nglairake bayi kakung Raden Palasara.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar