Nulis
Ukara Tanduk lan Tanggap
Ukara
Tanduk yaiku ukara kang jejere nindhakake pakaryan.
Titikane wasesane arupa tembung kerja tanduk.
Tembung kerja tanduk.
Tuladha :
Pak Arif dandani pager taman
Adi maca tulisan jawa
Bu Rina mundhut gelang
Nita nyiram kembang mawar
Ukara
tanggap yaiku ukara kang jejere dikenani pakaryan utawa
nandhang. Titikane nganggo ater-ater tripurusa (dak,ko/kok,di)
Tuladha :
Mas Gondo digodhag kucing
Iwake dipangan Bima
Adhiku dakjiwit nganti nangis
Bukune diwaca Andi
Surabaya dibruki sekutu
Ukara tanduk bisa diubah dadi ukara
tanggap lan sawalike.
Carane : lesane ukara tanduk dadi
jejer ing ukara tanggap. Sawalike , lesane ukara tanggap dadi jejere ukara
tanduk.
Tuladha :
Anton mangan apem (ukara tanduk)
Apem dipangan Anton (ukara tanggap)
Surat ditulis Anis (ukara tanggap)
Anis nulis surat (ukara tanduk)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar