Sinau Basa Jawa Kudu
Dadi Pakulinan
Sinau basa Jawa pancen
wigati tumrap generasi mudha Jawa jaman saiki. Wigati kanggo njaga lestarine
basa lan budaya Jawa. Ing pawiyatan formal, kurikulum madhahi ing muatan lokal
(mulok). Kurikulum mulok Basa Jawa iki ing tlatah Jawa Tengah, Jawa Timur lan
Daerah Istimewa Yogyakarta (DIY) diwulangake ing SD nganti SMA.
Kurikulum mulok Basa
Jawa antuk wektu rong jam pelajaran saben minggu. Cukup ora cukup, para siswa
kudu sinau Basa Jawa lelandhesan kurikulum kuwi mau. Miturut Pangarsa SDN
Tambakboyo 3, Kecamatan Tawangsari, Sukoharjo, Tri Hastuti, jatah rong jam
pancen kurang tumrap para siswa.
Isi kurikulume kapetung
abot yen mung disedhiyani wektu rong jaman jalaran para siswa kudu sinau
paramasastra, geguritan, maca crita abasa Jawa lan liya-liyane. Apamaneh ing
titi wanci iki ora saben siswa bisa nggunakake basa Jawa sanajan bocah kasebut
lair lan ngrembaka ing Jawa lan saka bapa-biyung wong Jawa.
”Ing omah wongtuwa lan
anak kulina nggunakake basa Indonesia tinimbang basa Jawa,” pratelane Tri
nalika ditemoni deningSolopos.com. Tri sarujuk marang unen-unen lamun
saiki akeh wong Jawa kelangan jati dhiri Jawane. Tri ngandharake minangka
jejering guru lan pangarsa SDN dheweke pancen duwe rasa preduli marang wulangan
basa Jawa. Ing perpustakaan sekolahe pancen ora akeh koleksi buku-buku abasa
Jawa.
Buku abasa Jawa sing
disedhiyakake dening sekolah hamung buku wulangan basa Jawa. Mula, para siswa
ora duwe pilihan wacan basa Jawa kejaba buku wulangan basa Jawa kuwi mau.
Miturut dwija Basa Jawa ing SDN Tambakboyo 3 Kecamatan Tawangsari, Sukoharjo,
Linda Nurjanah, para siswa kangelan sinau basa Jawa amarga ora kulina.
”Saben dina kulina
micara nganggo basa Indonesia,” pratelane Linda. Linda nelakake dheweke mulang
basa Jawa manut apa kang katemtokake ing kurikulum, ora metu saka kurikulum.
Sinau basa Jawa rong jam wulangan saben minggu padha karo jatahe sinau basa
Inggris. Miturut Linda, kudune wulangan basa Jawa antuk jatah jam wulangan
luwih akeh. Sinau basa Jawa ora mung nyinau tata basa utawa paramasastra,
nanging uga nglimputi sinau babagan tata krama, unggah ungguh, etika lan
tapsiran moral.
Wakil Pangarsa SMKN 9
Solo urusan humas, Priyo Handoko, nalika ditemoni Espos nuduhake wacan abasa
Jawa kanggo para siswa pancen sithik banget. Rata-rata para siswa uga ora duwe
krenteg maca wacan abasa Jawa. ”Sakelingku, ing perpustakaan sekolah ana buku
wacan abasa Jawa, nanging cacahe sithik banget,” pratelane Priyo. Siswa Kelas
XI SMKN 9 Solo, Fela, ngaku saben dina nganggo basa Jawa campur basa Indonesia,
ing sekolahan apadene ing omah.
Maca buku abasa Jawa
mung nalika sinau wulangan Basa Jawa. Miturut Fela, sinau Basa Jawa kudu
diracik kanthi car aliya supaya luwih narik kawigatene para bocah lan remaja.
Film animasi, miturut Fela, bisa dadi sarana kanggo nggrengsengake krenteg
sinau basa Jawa.
Siswa Kelas VI SDN
Tambakboyo 3, Elsan, ngaku seneng nalika sinau mulok basa Jawa, salah sijine
nalika maca crita basa Jawa ing lembar kerja siswa (LKS). “Ing omah, aku uga nggunakake
basa Jawa,” ujare Elsan. Sanajan durung trep undha usuke, dheweke ngaku seneng
nggunakake basa Jawa. Siswa Kelas V SDN kuwi, Titin, uga ngaku seneng maca
crita abasa Jawa. Miturut dheweke, maca crita abasa Jawa pancen luwih angel
tinimbang maca crita abasa Indonesia jalaran ora kulina.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar