Ksatria Jurit

Wilujeng Rawuh wonten Blog Jiwa Jawi dening Oki Bagus S lan Ernis Rositarini

Rabu, 08 Januari 2014

Bebasan lan saloka

Bebasan lan saloka
·         Bebasan
Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan lan duwe teges entar. Ing bebasan kang dipindhakake kaanan utawa sesifatane uwong. Tuladha :
1.       Kerot ora duwe untu tegese duwe kekarepan nanging ora duwe ragad utawa kekuwatan.
2.       Nututi layangan pedhot tegese nggoleki barang remeh kang wis ilang upama ketemu ora sumbut karo rekasane.
3.       Nglungguhi klasa gumelar tegese kari nemu kepenak kabeh tumata.

·         Saloka
Saloka yaiku unen-unen kang ajeg panganggone kang duwe teges entar lan ngemu surasa pepindhan, sing dipindhakake wonge. Tuladha :
1.       Gajah ngidak rapah tegese wong kang nerak wewalere dhewe.
2.       Kebo bule mati setra tegese wong pinter nandhang cilaka ing papan kang ora nyenengake.
3.       Kemladheyan ngajak sempal tegese anak, sedulur, utawa kanca sing ngajak marang karusakan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar