Unggah-ungguh Basa Jawa yaiku
adat sopan santun, tatakrama, tatasusila nggunakake Basa Jawa. Undha-usuke Basa
Jawa miturut unggah-ungguhe kena kaperang dadi 5, yaiku :
1. Basa ngoko, kaperang dadi 2, yaiku Ngoko Lugu lan Ngoko Andhap (isih kaperang maneh dadi 2, Antya Basa lan Basa Antya).
2. Basa madya, kaperang dadi 3, yaiku Madya Ngoko, Madyantara lan Madya Krama.
3. Basa Krama, kaperang dadi 5, yaiku Kramantara, Mudha Krama, Wredha Krama, Krama Inggil, lan Krama Desa.
4. Basa Kedhaton.
5. Basa Kasar.
1. Basa ngoko, kaperang dadi 2, yaiku Ngoko Lugu lan Ngoko Andhap (isih kaperang maneh dadi 2, Antya Basa lan Basa Antya).
2. Basa madya, kaperang dadi 3, yaiku Madya Ngoko, Madyantara lan Madya Krama.
3. Basa Krama, kaperang dadi 5, yaiku Kramantara, Mudha Krama, Wredha Krama, Krama Inggil, lan Krama Desa.
4. Basa Kedhaton.
5. Basa Kasar.
A. BASA MADYA
Basa Madya iku basa ing antarane basa ngoko lan krama. Wujude Basa Madya yaiku
tembung Madya kaworan ngoko utawa krama. Basa Madya Ngoko biyasane isih digawe
dening wong ing desa lan pegunungan. Manut wujude, Basa Madya diperang
dadi 3, yaiku :
1. Madya Ngoko.
Basa Madya Ngoko wujude tembung :
1. Madya Ngoko.
Basa Madya Ngoko wujude tembung :
·
Madya (ater-ater lan panambang ngoko)
·
Ngoko
·
Dika, mang, samanng
Ciri-cirine Basa Madya
Ngoko antarane :
·
Aku, dadi kula
·
Kowé, diowahi dadi dika
·
Ater-ater tak- diowahi dadi kula
·
Ater-ater ko-diowahi dadi dika
·
Ater-ater di- ora owah
Kanggone Basa Madya
Ngoko iku lumrahe :
·
Bakul padha bakul
·
Priyayi marang sor-sorane
Tuladha :
·
Dika niku klebu beja, olehe panen pari
mboten enten sing gabug, samang napake ta?
·
Pundi woh-wohané sing becik-becik niku?
·
Niku napa kirang becik?
2. Madyantara.
Basa Madyantara iku wujude tembung :
Basa Madyantara iku wujude tembung :
·
Madya (ater-ater lan panambang ngoko)
·
Ngoko
·
Kang slira (sampeyan), pangkate,
sesebutan (peprenahan)
Ciri-cirine Basa
Madyantara :
·
Aku, diowahi dadi kula
·
Kowé, diowahi dadi sampéyan, samang
·
Ater-ater tak-, diowahi dadi kula
·
Ater-ater ko-, diowahi dadi samang, mang
·
Panambang -ku, diowahi dadi kula
·
Panambang -mu, diowahi dadi sampéyan,
samang
·
Panambang -e tetep ora owah
Sing nganggo Basa
Madyantara :
·
Wong padesan marang wong liya kang
dianggep luwih tuwa utawa kinurmatan
·
Padha-padha priyayi sing wis kulina
·
Bojone priyayi marang sing lanang (yen
durung kulina)
·
Priyayi marang sanake tuwa kang luwih
asor
Tuladha :
·
Sampeyan niku pripun ta mas,
seprika-sepriki kok boten enten sudane
·
A migunakaké Basa Madya Ngoko, B
migunakaké Basa Madya Krama.
A : “É, Yu nggéndhong
lurik, ndika mandheg sedhéla”.
B : “Napa, ajeng tumbas?”
A : “Wong ngendheg nèk mboten ajeng tuku ajeng napa?”
B : “Engga ta mang milih. Dagangan kula saé-saé”.
3. Madya Krama.
Basa Madya Krama iku wujude tembung :
B : “Napa, ajeng tumbas?”
A : “Wong ngendheg nèk mboten ajeng tuku ajeng napa?”
B : “Engga ta mang milih. Dagangan kula saé-saé”.
3. Madya Krama.
Basa Madya Krama iku wujude tembung :
·
Madya (ater-ater lan panambang ngoko)
·
Krama lan krama inggil
·
Sampeyan, pangkat, sesebutan/peprenahan
Ciri-ciriné antara
liya:
·
Aku, diowahi dadi kula
·
Kowé, diowahi dadi sampéyan utawa samang
·
Ater-ater tak-, diowahi dadi kula
·
Ater-ater ko-, diowahi dadi samang, mang
·
Ater-ater di-, tetep ora owah.
Sing nganggo Basa Madya
Krama :
·
Padha=padha priyayi sing wis kulina
·
Bojone priyayi marang sing lanang (yen
durung ngoko)
Tuladha ;
·
Mas, tinimbang sampeyan ngresula ngoten
niku, mbok luwung ngenggar-enggar penggalih lan nyenyuwun teng Pangeran
pinaringan gesang mulya, tentrem boten enten sambikala.
·
(A Ibuné B Kula)
A: “Wetonku tumbuk umur
33 taun, slametané apa wis kok pikir?”
B: “Rak siyos bénjing
tanggal 7, wulan Rabingulakir ngajeng niki ta?”
A: “Iya”.
B: “Saniki tanggal ping
27, taksih kirang 10 dalu”.
A: “Rak ya wis cedhak”.
(sumber panulisan :
jv.wikipedia.org lan cathethan Basa Jawa nalika ing bangku sekolah)
B.
BASA NGOKO
Basa Jawa Ngoko yaiku
perangan Basa Jawa kanggo guneman marang wong sapadha-padha. Basa Ngoko isih
kaperang dadi 2, yaiku :
1. Ngoko Lugu,yaiku minangka tataran basa kang paling asor ing undha usuk Basa Jawa. Wujud tembunge ngoko, ora ana tembung krama utawa krama inggil tumrap wong sing diajak guneman. Gunane kanggo guneman antarane :
1. Ngoko Lugu,yaiku minangka tataran basa kang paling asor ing undha usuk Basa Jawa. Wujud tembunge ngoko, ora ana tembung krama utawa krama inggil tumrap wong sing diajak guneman. Gunane kanggo guneman antarane :
·
Wong tuwa marang bocah enom
·
Wong kang sadrajad utawa wis raket
sesrawungane
·
Wong apangkat dhuwur marang pegawene
·
Bocah cilik karo kancane
·
Ngunandika (ngomong dhewe)
2.Ngoko Andhap,
yaiku basa ngoko kang alus sarta luwih ngajeni marang wong kang diajak guneman.
Wujude arupa basa ngoko kacampur tembung krama inggil tumrap wong kang diajak
guneman. Yen dirasa kurang ngajeni sok dicampur tembung krama sawetara.
Panganggone basa ngoko andhap iku kanggo guneman antarane :
·
Sedulur tuwa marang sedulur enom kang
luwih dhuwur drajade
·
Bojone priyayi marang sing lanang
·
Priyayi marang priyayi yen wis
ngoko-ngokonan (kulina/raket)
Basa ngoko andhap bisa
diperang dadi :
a. Antya Basa (wujude tembung ngoko lan krama inggil). Ciri-cirine :
a. Antya Basa (wujude tembung ngoko lan krama inggil). Ciri-cirine :
·
Aku,
tetep ora owah
·
Kowe,
kanggo pawongan kang diajeni diowahi dadi panjenengan, ki raka,kangmas
·
Ater-ater dak-, ko-, di- lan
panambang -ku, -mu, -e, -ake ora owah
Tuladha :
·
Mas, aku nyuwun ngampil
kagungane buku sewengi wae.
·
Ora, kangmas ki suwé ora ngetingal-ngetingal iku tindak ngendi?
·
Wah, adhimas ki rada ngece. Genah
wis pirsa bae kok mundhut pirsa.
b. Basa Antya (wujude
tembung ngoko, krama inggil lan krama). Ciri-cirine :
·
Aku,
tetep ora owah
·
Kowe,
kanggo pawongan kang diajeni diowahi dadi panjenengan, ki raka,kangmas
·
Ater-ater dak-, ko-, di- tetep
ora owah
Tuladha :
·
Mas, aku ora bisa nyaosi apa-apa
marang panjenengan, kejaba mung bisandherek muji rahayu,
muga-muga panjenengan saged remen, lan saged ngangsu kawruh sing
migunani tumrap nusa lan bangsa.
·
Dak arani sliramu dhèk mau bengi saèstu
mriksani ringgit ana ing dalemé Pak Lurah. Gèk lampahé baé
apa ya dhimas, teka gamelané sedalu natas ngungkung baé, ora
ana pedhot-pedhoté.
(sumber tulisan :
jv.wikipedia.org lan cathetan Basa Jawa nalika ing bangku sekolah)
C. BASA KRAMA
1. Krama Inggil
Bahasa krama inggil itu
lebih menghargai orang lain, juga disebut basa krama halus.
Contohnya.
1. Bapak tindak dhateng Jakarta dinten Minggu.
2. Pak Bagyo nembe mucal kelas sekawan.
3. Pak Badrun mundhut sepatu.
4. Eyang kakung nembe siram.
5. Buku kulo dipun asto Bu Guru.
Kalau kita perhatikan, kalimat di atas diucapkan sangat halus sekali, sebagai bentuk untuk ngajeni (menghormati) antarane Bapak, Pak Bagyo, Pak Badrun, Eyang Kakung dan Bu Guru.
2. Krama Lugu
Contohnya.
1. Bapak tindak dhateng Jakarta dinten Minggu.
2. Pak Bagyo nembe mucal kelas sekawan.
3. Pak Badrun mundhut sepatu.
4. Eyang kakung nembe siram.
5. Buku kulo dipun asto Bu Guru.
Kalau kita perhatikan, kalimat di atas diucapkan sangat halus sekali, sebagai bentuk untuk ngajeni (menghormati) antarane Bapak, Pak Bagyo, Pak Badrun, Eyang Kakung dan Bu Guru.
2. Krama Lugu
Kalimat berbahasa Jawa
ragam Krama lugu : adalah kalimat yang didalamnya terdiri dari kata-kata
berbahasa Jawa krama, kalimat ini biasanya digunakan untuk membahasakan diri
sendiri. Terdiri dari kata-kata berbahasa Jawa krama.
Contoh "
Kula dereng tilem."
D. BASA KEDHATON
Basa Kedhaton yaiku
basa kang kanggone mung ana kedhaton. Kaanggo tumrap para sentana lan abdining
ratu ing wektu seba ing ngarsaning ratu.
Conto :
1. Punapi sira darbe kawasisan ingkang linuwih ?
2. Jengandika punapi sampun mengertos pawartos puniki ?
Ewone basa kedhaton liyane :
nedha = mangan
puniku = iku
wonten = ana
punapi = apa
dhawak = dhewe
jengandika = kowe
siyos = sida
darbe = duwe
puniki = niki
Conto :
1. Punapi sira darbe kawasisan ingkang linuwih ?
2. Jengandika punapi sampun mengertos pawartos puniki ?
Ewone basa kedhaton liyane :
nedha = mangan
puniku = iku
wonten = ana
punapi = apa
dhawak = dhewe
jengandika = kowe
siyos = sida
darbe = duwe
puniki = niki
E. BASA KASAR
Digunakan oleh rakyat
banyak sehari-hari yang menurut bahasa memakai kata-kata yang tergolong kasar
atau tidak sopan, biasa digunakan oleh orang yang tidak pernah belajar undak
usuk basa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar