Ksatria Jurit

Wilujeng Rawuh wonten Blog Jiwa Jawi dening Oki Bagus S lan Ernis Rositarini

Rabu, 08 Januari 2014

Bedhah Ngalengka

Bedhah Ngalengka
dening
Ernis Rositarini





Gendhing bendrong tinabuh ngungkung saka emperan Bangsal Paningrat angiringi Sang Buminata Rahwanaraja kang lagi katrem njioget nglenter ing tengahe Pendapa Sasana Sewaka, Kraton Ngalengkadiraja. Patrape persis kaya wong gandrung kapirangu. Nanging ora ana sing wani aruh-aruh. Patih Prahasta bisane mung tumungkul datan wani aruh-aruhi. Dene rayi dalem lelorone, Ditya Kala Kumbakarana lan Sarpakenaka pilih iwut themal-themel ngrahabi maneka warna suguhan kang diumbar ana meja. Pangeran Indrajit bola-bali nglangga tuak. Seploke kasil dhustha Dewi Sinta Prabu Rahwana asring nganakake ropyan-ropyan kadereng sukarenaning manah. Nadyan durung kaleksanan anggarwa, nanging kanthi cumondhoke Dewi Sinta minangka titising widadari ing keputren diyakini bakal merbawani Ngalengka dadi luwih sentosa. Mula ora awan ora bengi sang prabu ajeg nimbali rombongan pengrawit gilir gumanti.

Pathet nem jugeg

Remrem sorote kang Hyang Arka kaeksi o.............o.............o.........

pucaking aldaka murup o.......o........o........

Yen janmaha kadi sung sasmitha dasih ing saliring laku o………o………

Lampahing dumadi o……o……..

Gilir gumanti o……o…….

Dhuka sukaning driya

Yekti gegadangan o…….o…….

Pangesa ing diri, titah ing gusti o…..o……

Kang sarwa dumadi o……..o…….

Prabu Rahwana           : Anaku bocah bagus Ndrajiitt...

Indrajit                                    : Wonten dawuh Kanjeng Rama Dewaji.

Prabu Rahwana           : Kepriye olehmu ngreksa Taman Kadilengeng?

Indrajit                        : Sampun was sumelang Njeng Dewaji. Prajurit tunggu kemit sampun kula dhawuhi nglanglang tanpa kendhat saperlu ngreksa kawilujenganipun Rekyan Sinta.

Prabu Rahwana          : Bagus.. eling-elingen, yen nganti klebonan duratmaka munyuk elek kaya dhek emben kae, gulumu tanggungane, ora idhep arepa kowe anakku.

Indrajit                        : Sendika Kanjeng Dewaji.

Prabu Rahwana          : Man......

Prahasta                      : Hohahhh...... wonten dawuh menapa Ngger Anak Prabu ngantos keraya-raya nggugah paman ndika.

Prabu Rahwana           : Wong tua ora urus. Ora pakra! Bisane mung nggaglag, turu wae.

Prahasta                       : heee... kadospundi.. kadhawuhan tilem?

Prabu Rahwana           : Budheg. Mang rungokne gobog sampeyan...

Prabu Rahwana          : Sapa kowe he? Wani clandhakan munggah Sasana Sewaka tanpa ingsun timbali.( durung tutug olehe nguman-uman kedadak ana sowane bocah buta)

Randhukenthir            : Nyandhong deduka Sinuhun, kula abdi dalem kekesed paduka pun Kla Randhukenthir, lurahing prajurit lampah sandi.

Prabu Rahwana          : Apa perlumu? Minggata kana yen durung arep nyepet-nyepeti mripatku.

Randhukenthir            : Ndadosna kawuningan, manut lapuran sinandhi Prabu Rama Wijaya ing Pancawati dintenipun punika nembe sengkut yasa tambak minangka margi nglurug dhateng Ngalengka. Malah-malah Raden Wibisana ingkang linggar saking kasatriyan tanpa pepoyan pranyata samenika nyuwita wonten Pancawati.

Prabu Rahwana          : Piye? Coba balenana aturmu..

Randhukenthir            : Ing...inggih. wo...wonten palapuran bilih si Sri dipun tam...tambak dening Rama, eh.. Pan..Pancawati kaliyan tambak yasa Ngaleng...Ngalengka, ehh, piye ta iki kok malah mbingungi dhewe...

Prabu Rahwana          : Hus, aja waton muni. Baleni sing cetha.

Randhukenthir            : Aduhhh.... mbokmuu.... (sambat kena dhupak sikile ratu gustine)

Prabu Rahwana          : Keparat Rama Wijaya! Drohun Wibisana. Paman Prahasta, ndika ampun kados lare alit, siyagakake kabeh prajurit sing jagul-jagul. Kula pribadi sing ajeng methukake Rama sak balane pisan.

Prahasta                      : Ngge napa Ngger?

Prabu Rahwana          : Cik, menus ra urus. Ana kahanan gawate kaya ngene kok isih kober-kobere cengengesan. Yen sampun bosen dadi patih boten sah besuk-besuk dina iki uga kula keconggah mocot kalungguhan ndika.

Prahasta                      : Uhhh..hooo..hoo. boten ngaten Ngger. Kajeng kula dereng wayahipun paduka Anak Prabu ngerigaken sedaya prajurit karana tambak ingkang dibangun bala Pancawati ugi dereng ngantos dumugi Ngalengka. Kaliyan malih Rama niku napa. Paribasan uwong gedhene mung seprecil mawon diwedeni. Untal malang sepisan mosok dadya slilit.

Prabu Rahwana          : Ngoten nggih, Man...

Prahasta                       : Lha inggih..

Prabu Rahwana           : hmm.. yen ngaten kados pundi pratikel ndika Man?

Prahasta                       : Sinuhun, manut pamanggih kula langkung prayogi manawi Ngalengka ngintunaken prajurit namur lampah sumusup ing tengahing wadya Pancawati. Perlunipun damel ontran-ontran ngrisak tambak. Manawi wonten kepareng paduka pakaryan menika kapasrahan dhumateng Kala Anggisrana dalah Yuyurumpung.

Sarpekanaka               : Kakang Prabu aku saguh mandhegani. Ngantya tumekaning pati bakal dak antepi minangka tandha bektiku marang Kakang Rahwana. (sing kawit mau mung meneng wae agahan munggel guneme Patih Prahasta)

Bali menyang Pesanggrahan Pancawati ing gigire Gunung Maliawan. Hawa pegunungan kang sasuwene iki adem tumrecep ing kulit tanpa dimangerteni sebabe malih dadi sumuk. Srengenge sumelet nguntar-untar. Wit-witan lan gegodhongan pada garing kebrongot. Alas sakupenge gunung gampang murub kobong ngalad-ngalad gawe girise sapa wae kang mulat.

Tembang durma slendro pathet nem

Ribumawur mangawur awur wurahan,

Tengaraning ajurit,

Gong maburu gangsa teteg kadya gutula

Wur panjriting turang gesti

Rekatak ingkang

Duwaja lelabuh sebit

Roman

Kembeng kembeng kumembeng waspo dres mijil

Putra kang suntresna haywa tinilar wakmami

Mara ake hanuraga

Semar                          : Ehh....eee....eeee, nganeh-anehi temen. Gek iki tandha-tandha apa ya thole.

Bagong                       : Walah paling sonji kertu sing arep metu.

Gareng                        : Apa ya ngono, Gong?

Bagong                       : Wis genah, ta..

Petruk                         : Yen ngono becike pasang apa?

Bagong                       : Hawa panas, alas kobong, jelasgamabare kertu nengkrang.

Gareng                        : Dudu ciwir?

Petruk                         : Aku pilih pasang lintrik. Cemban cukup, yen entuk rak wis pekjing. Lumyan nggo napuk lambene mbakyummu sing kawit esuk mau petak-petok kentekan dhuwit kaya pitik memeti.

Semar                          : Bocah ora nggenah. Sedina-dina ora esuk ora sore sing digunem kok mung olehe ngabotohan. Ngerti yen ngabobotohan kuwi ora ndadekake sugih kok isih nekad wae. Pengin tak sebdakake dadi kere apa?

Raden Leksmana        : Atiku kok mrangguli owah-owahane kahanan kang sajak ora samesthine kaya ngene. (Raden Leksmana rawuh wektu punakawan lagi gegojegan)

Semar                          : Inggih sampun gusti supaya luwih waspada sarta ngati-ati, jagad kaya-kaya aweh pralambang bakal anane rubeda kang bisa nyrimpet-nyrimpeti pakaryan luhur sing nembe dipunayahi dening negara Pancawati. Karana iku gemblenge manunggaling kawula gusti perlu terus diudi aja nganti wudhar kena paekaning mungsuh.

Raden Leksmana        : Inggih Ki Lurah Semar (banjur mbacutake laku karo Ki Lurah Semar sarta anak-anake)

Anoman                      : Ayo ndang padha dijugili watune! (ning panggonan liya ketemu Anoman sing lagi jugili watu tambak ambrol karo para wanara liyane)

Semar                          : Bisane ambrol kuwi kepiye?

Anoman                      : Sing diarani terang wae murina, malah genti nyebut ya munyuk-munyuk kang ngarani kuwi sing gawe pokal ala ngrusak tambak. Wekasane padudon brubuh ora bisa diendhani. Kekarone pehak padha dene ngenggoni benere dhewe.

Semar                          : Oo.. makaten ta? Piye yen para wadya wanara kuwi mbaka siji dikon mere?

Anoman                      : Padha ora bisa, karepe mere, nanging sing keprojol swara nglokor panggerenge yaksa. Rumangsa kejodheran buta-buita prajurit namur laku saka Ngalengka iku banjur soroh amuk andher pepati. Aku sigra cancut taliwanda. Kabiyantu Anila lan Anggada para denawa sigra katumpas tapis.

Semar                          : Awit anane ontran-ontran mau Narpati Sugriwa dhawuh marang sakabehing senapati Pancawati murih luwih waspada. Kanthi mengkono maneka cara laku culika sarta rerusuh kang wola-wali tanpa kembaka katindakake dening baris pendheming yaksa saka Ngalengka enggal bisa kadenangan.

Sauntara kuwi wadya wanara Pancawati tambah sengkut anggone nambak segara. Antuk pambiyantune isen-isening samodra kawulane Hyang Baruna, pakaryan ambangun tambak lumaku rancag. Dina terus lumaku dadi minggu. Minggu dadi sasi. Pungkasane pucuking tambak wis kasil ngranggeh gisiking negara Ngalengka. Pada sakala sakabehingwadya Pancawati surak-surak ambata rubuh.

Ing ngarsa Prabu Rama Wijaya minangka senapati agung nitih gajah pusaka Kyai Dhenta mandegani barisan. Samburine Raden Leksmana, Raden Wibisana dalah Narpati Sugriwa kang pinercaya dadi senapati pengapit nitih turangga ngetutake lampah. Dene para manggalaning yuda Anoman, Anila lan Anggada laku dharat anganthi bebarisane prajurit kang bebanjengan dawa kadya robing jalanidi.

Ada ada greget saut pathet nem

Kadangmu warahen den becik

Becik hamendhema baris

Baris kang prayitna o....

Prabu Rama Wijaya    : Kosek-kosek tak mandheg dhisik.

Raden Leksmana        : Inggih kakang, wonten punapa?

Prabu Rama Wijaya    : Ayo kabeh kawulane lumebet ing pasranggahan, sabanjure winastanan Pasranggrahan Suwelagiri, perlune nyawiji manembah. Kajaba atur rasa sukur mring Gusti Ingkang Murbeng Dumadi kang wus paring pangayoman, uga nyuwun panyengkuyung gegandhengan karo jejibahane sing durung rampung, nyimakake Rahwana nglebur durangkara saka salumahing donya. 

Anoman                      : Inggih Sang Rama pancen leres. Trenyuh penggalihane Sang Rama dupi mirsani pasanggrahan wekasane kasil karampungake.

Prabu Rahwana duka yayah sinipi. Palapuran kang konjuk ngenani kasile Sinuhun Rama Wijaya amabangun Pasranggrahan Suwelagiri kang tepis wiringe tlatah Ngalengka tambah gawe muntabe. Patih Prahasta diundamana entek amek urang golek. Endi sing jare mung pinter mbadhog. Bisane mung angkang-angkang nunut urip enak kapi enak nggrogoti kaskayaning negara. Bareng tibane nggawe ora pecus nggladhi prajurit kang diandelake dadi palang kekuwatane Ngalengka.

Pathetan netral

Umyung ramyo swaraning kang samyo kumpul,

Sajuru juru atata tan caruk

Denira maprena o

Shang gyane prawadya bala

Sawego gegamaning laga

Prabu Rahwana          : Anggisrana pun modar. Yuyurupung lan Sarababuta nyusul bangka. Pinten malih senapati sing mati boten kena dietung. Mungsuh bedhes elek menkalah. Napa pakra niku. Terus dhapur kados sampeyan niku napa gaweyane saben dinane, Man. Buta gemblung, pintere mung mblendhuke weteng.

Prahasta                       : Ya ora mangkono Ngger.

Indrajit                        : Parepatan dadi tintrim. Tan ana siji wae sing wani cumuwit, awit ora wurunga yen kumawani aweh eguh utawa pamrayoga bakale mung kena kampleng, dhupak lan dugang.

Prabu Rahwana          : Jiitt.. sira ingsun piji dadi senapati. Tindhihane wadya ngalengka numpes Rama lan kanca-kancane.

Indrajit                        : Sendika dhawuh..

Prabu Rahwana          : Ayo ngebaki alun-alun padha mandhi gegamane dhewe-dhewe, tan lali nggawa tunggul, gendere, rontek lan umbul-umbul.

Barengi pletheking surya perang bali dumadi ing lambunge wukir Suwelagiri. Madeg senapati Anoman pasang gelar Supit Urang kanggo ngadhepi gelar Dirada Meta prajurit Ngalengka kang dipandegani Sarpakenaka. Akeh wadya wanara Pancawati kang pralaya kedhesuk kridhane mungsuh sing pancen nggegirisi kadya pangamuke gajah.

Nadyan raseksi kasektena Sarpakenaka prasasat sundhul langit. Nanging Anoman dudu saderma kethek rucah. Dheweke mujudake titah kang punjul ing apapak jagoning dewa. Perang tandhing kekarone lumaku imbang.

Jaja muntab inetab

Duka yayah sinipi jaja bang mawinga winga wengis o...

Sarpakenaka                : Kowe ora bakal bisa ngalahne aku Anoman..

Anoman                      : Aja kaya mangkono Sarpakenaka! Tonton wae ayoo majuu...(perang nglawan Sarpakenaka)

Ragamu ajur mumur Sarpakenaka, dadamu tak ginempur aji Mondri.

Huwaa...

Sarpakenaka lena... Sarpakenaka matiiii....

Mendhung saya angendanu ing sandhuwuring Ngalengka. Siji mbaka siji senapati perange tiwas ana pabaratan. Kekuwatane tambah ringkih nalika Ditya Kumbakarna kang awatak luhur wani mbalela. Yaksa sak gunung anakan gedhene iki maju ing peperangan ora kok amarga mbelani tumindake kakange sing angkara murka. Nanging luwih didhasari dening rasa bektine marang bumi pertiwi kang wis nglairake dheweke. Sajrone kedhaton Prabu Rahwana rumangsa kijenan. Ora ana maneh kang bisa diandelake njaga kewibawaan sarta keslametane.

Pathet sanga jugag

Dasare mangsa katiga turnameng gegana

Riris harda salah mangsa

Adat sagung among tani

Jumangkah samya ngayati o

Yasa bebedengan kinarya, deder wiji minangka ,

Tumibane mangsa kasanga

Prabu Rama Wijaya    : Ayoo.. kadospundi panjenengan samenika, bojen wonten ingkang dados njagaipun kawibaan kaliyan keslametanipun panjenengan. Satunggal mbaka satunggal senapati perangipun panjenengan tiwas ana pabaratan.

Prabu Rahwana          : Aku ora ajrih marang kowe Rama Wijaya.. ayo ndang majuu...

Prabu Rama Wijaya    : Ayoo...

                                    Yayi Sinta entenana praptaning pun kakang....

Prabu Rahwana          : Halaahh... rasah kakehan cangkem awakmu Rama Wijaya... maju ya maju ora usah gawa-gawa yayi Sinta barang.. gage mrene...

Prabu Rama Wijaya    : Hahahahaaaa... panjenengan cemburu menapa?

Prabu Rahwana          : Haahahaa... rasah ngomong ngono, bakale yayi Sinta kuwi kanggo awakku...

Prabu Rama Wijaya    : Inggih sampun... ayo kita buktiaken...

Prabu Rahwana lena ana ing tangane Prabu Rama Wijaya dhewe. Ngalengka dibedhah, bala raseksa mlayu salang tunjang golek urip. Dewi Sinta bali karo Prabu Rama Wijaya.

Pathet manyura

Lingsir ratri tumapak ing wanci

Bang bang wetan sumaput ngakasa,

Lintang rina wus kawuryan,

Humiring sang sasadara o...

Prabu Rama Wijaya    : Yayi Sinta.. Prabu Rahwana lena ana ing tanganku dhewe... ayoo yayi Sinta kita bali ninggalake Ngalengka iki...

Dewi Sinta                  : Iya.. kakang panjenengan nylametake uripku. Aku ya boten purun menawi kaliyan Prabu Rahwana.. matursuwun kakang Prabu Rama Wijaya..

Prabu Rama Wijaya    : Wis yayi Sinta... kuwi wis pancen dadi tugasku jaga awakmu kuwi. Ngalengka wis dibedhah, bala raseksa padha mlayu golek urip. Wis ayo gek muleh wae...

Dewi Sinta                  : Inggih kakang....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar