Ksatria Jurit

Wilujeng Rawuh wonten Blog Jiwa Jawi dening Oki Bagus S lan Ernis Rositarini

Rabu, 08 Januari 2014

Materi Ajar Basa Jawa

Wacanen kang patitis, supaya disemak dening kancamu!

Ngrembakakake Papan Wisata Ing Smarang
Kepala bidang pembinaan perindustrian pariwisata, dinas pariwisata dan kebudayaan kota semarang, saphono, ngendika menawa kutha semarang bakal mbudi daya marang asset wisata kang diduweki. Program iki kudu dadi prioritas kutha semarang, jalaran semarang mujudake kutha kang strategis, yaiku mapan ing antarane kutha gedhe jakarta lan surabaya lan uga ngayogyakarta. Sasuwene iki semarang wus darbeki industri wisata unggulan kayata: wisata bahari umpamane: pelabuhan pulau mas, pante marina, pante maron, lan isih ana maneh yaiku kang awujud papan wisata anyar kang dumugi ing sadawane pante semarang ing erring lor.
Wisata religi uga cepak kayata: mesjid agung jawa tengah, greja bleduk, sampokong, lan pagoda kang mapan ing komplek watu gong semarang. Papan wisata kang ora saben kutha duwe, yaiku papan wisata wangunan tuwa (kota lama), umpamane lawang sewu kang wus misuwur ing saindhenging nusantara jalaran ing kene ana misteri ghaib kang diyakini akeh serdadu walanda kang rikala jaman perjuangan padha dadi banten lan saiki bisa diundang maneh lumantar para supranatural. Kabeh mau bakal dicawisake kanggo para plancong domistik utawa manca negara. Bisa awujud paket lan uga bisa awujud ijen-ijen. Papan wisata kang duweni undhak-undhakan cacahing plancong rikala wayah liburan sekolah yaiku papan wisata taman margasatwa lan taman lele. Rikala wayah liburan sekolah papan wisata cacah loro mau undhake para plancong bisa nganti tekan 100 persen.
Papan wisata mau, satemene bisa nambah anane pawetune pamarentah kutha semarang. Pawetune anggaran daerah kutha semarang saka sektor iki, bisa nganti pitung miliar rupiah ing saben taun.

Bausastra cilik
Mbudidaya      = ngopeni
Asset               = bandha
Didarbeki        = diduweni
Dumunung      = mapan
Religi               = supranatural
Plancong         = wisatawan
Pawetu                        = asli

GLADHEN
Wangsulana kang patitis!
1. Apa kang dadi inti pangandikane kepala Bidang Perindustrian Pariwisata Jawa Tengah?
2. Kenangapa Semarang diarani kutha kang strategis?
3. Aranana wisata bahari kang ana ing kutha Semarang?
4. Aranana wisata religi kang ana ing kutha Semarang?
5. Ing wayah liburan sekolah papan wisata ngendi kang paling laris diparani para plancong?
6. Aranana wisata kutha tuwa kang ana ing kutha Semarang?
7. Apa kang komangerteni bab papan wisata Lawang Sewu?
8. Pira akehe pawetu saka sektor pariwisata ing kutha Semarang?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar