Tembung entar
Tembung entar, yaiku
tembung kang tegese dudu teges kang semesthine, ananging ateges silihan (kata
yang bermakna kias)
Tuladha:
Parman iku pancen bocah
sing lunyu ilate, jare arep teka jam 7. Ee.. la kok jam 9 lagi teka.
Lunyu ilate= mencla-mencle
GLADHEN
Tembung entar iku
golekana tegese/maksude!
1. Sarno
iku bocah enthengan tangan tenan, tanpa didhawuhi wis ngerti
tugase.
Wangsulane:
2. Karman
iku wis rupak jagade, ning endi-endi oleh pangincim.
Wangsulane:
3. Wah
main sekak iku pancen cocog manawa kanggo cagak lek.
Wangsulane:
4. Liwete
diudhak supaya ora nglangit.
Wangsulane:
5. Aja
seneng adol bagus, luwih becik ana ngomah sinau basa jawa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar