Ksatria Jurit

Wilujeng Rawuh wonten Blog Jiwa Jawi dening Oki Bagus S lan Ernis Rositarini

Rabu, 08 Januari 2014

Pidato Basa Jawa

Nulis teks pidato
Wacanen kang patitis!
Syukuran Wisudhan
Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh,
Sagung pepundhen, sesepuh, pinisepuh, ingkang kula bakteni, para ibu-bapak ingkang pantes nampi pakurmatan, dalasan para mudha tumaruna ingkang kula tresnani.
Minangka purwakaning atur sumangga panjenengan saha kula tansah manengku puja asesanti konjuk dhumateng pangeran ingkang akarya jagad. Inggih awit sih wisan Gusti kita sami saged makempal wonten ing ngriki kebak ing raos bagya mulya boten wonten alangan satunggal menapa.
Dene wigatosing pawiwahan samangke : Bapak Sastra Harjana sakulawangsa esthining manah rumaos gumbira prasat kaluberan samodra madu, kajugrugan gunung sekar. Sadaya kala wau awit kadayan saking putra kakungipun ingkang anama Bagus Burhan sampun kelampahan winisuda pinangka Sarjana Sastra Inggris, babaran UGM Ngayogyakarta kanthi sesebatan gelar: Sarjana Sastra (SS) ing taun menika. Rumaos tampi kanugrahan Gusti ingkang tanpa upami. Pramila nyuwun tambahing donga pangestu dhumateng para tamu, mugi-mugi ing tembe Anak Mas Bagus Burhan, SS ing mangke sadek minangkani kekudanganing tiyang ngremenaken tiyang dipun idham-idhamaken, AMIN.
Kangge sanguning sinau wonten ing bebrayan mligi kagem Anak Mas Bagus Burhyan wonten tetembungan: bilu tau pinter durung nglakoni. Maksudipun, bilih sapinter-pintereipun tiyang enem punika taksih asipat teori, prakis praktekipun wonten masyarakat taksih sanget kirang malah sok kosong babar pisan. Pramila kedah dipun udi, boten nggungung dhiri namung ngendelaken dhateng sarjananipun kewaloa. Ringkesing wewarah panggesangan ing masyarakat kedah ngangge prisip ajur ajer, luwes wontening pangetrap. Kiyat wontening panemu.
Pasrawungansageda:
-          Asah, maksudipun sajroning pasrawungan saged suka ngelmi dhateng asanes.
-          Asih, maksudipun tiyang srawung kedah saged nuwuhaken raos tresna asih mring sesami.
-          Asuh, maksudipun tiyang srawung menika kedah saged hangayomi mring samining warga, sampun ngantos cecengilan.
Bok bilih cekap semanten ingkang dados atur kula, saderengipun kula pungkasi, mugi panjenengan kersa paring pangapunten menggah sedaya kalepatan ingkangtumanduk dhateng angga kula.
Wassalamu’laikum Warrahmatullahi Wabarakatuhu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar