EVALUASI KOMPETENSI
SISWA
Wenehana tandha ping
(x) aksara a, b, c, d utawa e ing wangsulan sing bener!
1. Arep
jamure emoh watange, tegese ...
a. Nyangga
rekasane ora melu ngrasakake kepenak
b. Gelem
kepenak lan uga melu nyangga rekasane
c. Gelem
melu kepenake, emoh nyangga rekasane
d. Nandangi
sing pagawean sing rekasa thok, ora melu kepenak
e. Pagawean
sing penak utawa rekasa emoh nandangi
2. Sakabehing
gegayuhan kang becik iku mesthi wae mbutuhake pangurbanan. Kaya paribasan ...
a. Jerbasuki
mawa beya
b. Tata
krama iku bakal ngedohake panyendhu
c. Ajining
dhiri gumantung kedaling lathi
d. Aja
rumangsa bisa, nanging bisaa rumangsa
e. Sapa
nandur bakal ngundhuh
3. Kang
awujud tembung tanggap, yaiku ...
a. Ndhelik;lunga
b. Tinulis;dakbalekake
c. Tumindhak;
kapangan
d. Kodana;ngantuk
e. Mbuntel;kethuthuk
4. Apa
kowe mau bengi ya krungu swara mak dhor ing mburi omah kang? Tembung dhor
diarani ...
a. Tembung
lingga
b. Tembung
andhahan
c. Pangandheng
d. Tembung
wod
e. Tembung
lingga andhahan
5. Raden
Gathutkaca iku putrane ...
a. Werkudara
karo Sembadra
b. Werkudara
karo Dewi Arimbi
c. Puntadewa
karo Srikandhi
d. Janaka
karo Srikandhi
e. Janaka
karo Dewi Arimbi
6. Ing
ngisor iki jenenge Raden Gathutkaca rikala isih cilik, yaiku ...
a. Antasena
b. Antareja
c. Kurupati
d. Tetuka
e. Premadi
7. Wong
Agung ing ngeksi ganda. Tugelan cakepan tembung Sinom kuwi maksude ...
a. Raja
ing Mataram
b. Raja
ing Majapahit
c. Panusa
ing Mataram
d. Raja
ing Singosari
e. Pangarsa
ing Kraton Pajang
8. Kang
ora jumbuh karo segitiga bermuda, yaiku ...
a. Saya
ditiliti saya katon aneke/mestine
b. Nalika
pesulap kondhang David Coverfield nggelar permainan ing kono ora bisa bali
mulih jalaran uga ilang
c. Mujudake
pudaran medan elektromagnetik mula ing kana kompas, jam ora bisa stabil
d. Mujudake
komplek makhluk “luar angkasa” kaya pring terbang
e. Sawijine
“time tunel” (lorong waktu) kang aneh-aneh
9. Topik-topik
ing ngisor iki luwih mathis manawa dikembangake dadi wacana persuasi, kajaba...
a. Pamplet
b. Wara-wara
c. Iklan
d. Serat
sendhahan/ulem
e. Poster
10. Kang ora
migunakake tembung entar (makna kias) yaiku ...
a. Aku
ditukokake ali-ali awangun gunung sapikul
b. Matura
ibu sajak wis padhang langite
c. Amin
iku dawa tangane, ora kena barang kemlewar mesthi dijupuk
d. Werkudara
iku satriya gagah prakosa mula amba jangkahe yen mlaku
nglancangi sapadhane
e. Wong
iku kudu jembar segarane, mengkono piwulange para sepuh
11. Aku kok
didhawuhi nggoleki menyang Jakarta. Tembung panggandheng kang pas yaiku ...
a. Lan
b. Mangka
c. Menyang
d. Banjur
e. Mula
12. Legi
rasane kang wus mateng pelem iku. Ukara iku supaya gramatikal bisa didhandani
...
a. Legi
rasane iku pelem kang wus mateng
b. Legi
iku kang wus mangan pelem
c. Rasane
legi kang wus mateng pelem iku
d. Pelem
iku legi wus mateng rasane
e. Pelem
kang wus mateng iku rasane legi
13. Mas apa
kowe mau ngorek-ngorek bukuku. Yen didadekna ukara tanggap, yaiku ...
a. Mas
apa ngorek-ngorek bukuku kowe mau?
b. Mas
apa mau kowe ngorek-ngorek bukuku?
c. Mas
apa bukuku mau akorek-orek kowe?
d. Mas
apa bukuku diorek-orek dening kowe?
e. Mas
apa bukuku kok orek-orek?
14. Saiki
akeh hukum sing dirasa ora adil sing bener malah dikunjara sing luput malah
dimenangake, kaya unen-unen ...
a. Adigang
adigung adiguna
b. Aja
dumeh
c. Emban
cidhe emban ciladan
d. Jaluken
ora wewehan
e. Jer
basuki mawa bea
15. Bu guru
tindhak toko “peni” badhe ... bulpen, dene kula badhe ... buku tulis.
a. Tuku-tuku
b. Tumbas-tuku
c. Tumbas-tumbas
d. Mundhut-tumbas
e. Mundhut-mundhut
16. Ing
ngisor iki magayutan karo KHAA Gym, kajaba ...
a. Pangasara
Pondok Pesantren Darut Tuahid-Bandung
b. Juru
andhalane 3 M
c. Pamarentah
ora ngidini mlebu poso
d. Gawe
gerakan moral kang asipat nasional aran Gema Nusa
e. Ngedekake
acara pokok ing radio aran MQ (Mabagemen Qolbu)
17. Kang
kalebu wisata budaya, yaiku ...
a. Menyang
kebun binatang Wonokromo-Surabaya
b. Menyang
pondhok pesantren Darut Tauhid Bandung
c. Layar
menyang tengahe segara
d. Menyang
gua Gong-Pacitan-Puneng-Jawa Timur
e. Munggah
gunung
18. Maca
artikel “Segitiga Bermuda” kanthi diserapi juring ati akhire bisa lembu ing
sanubari, duwe kesan kaya-kaya nate mriksani lan nglakoni rana ...
a. Wisata
budaya
b. Wisata
laut
c. Wisata
belanja
d. Wisata
rohani
e. Wisata
alam
19. Wisata
menyang ponpes Darut Tauhid Bandung kang wigati ngrungokake tausyah saka
KH AA Gym. Tausyah ateges ...
a. Amalan,
ibadah
b. Anutan,
keblat
c. Rembugan,
omongan
d. Diskusi
e. Nasihat,
wejangan
20. Unen-unen
kaya cangkriman nanging wus nyebutake batangane sisan sanadyan ora cetha
banget. Kang kaya mangkono mau diarani ...
a. Wangsalan
b. Cangkriman
c. Bebasan
d. Parikan
e. paribasan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar