Ksatria Jurit

Wilujeng Rawuh wonten Blog Jiwa Jawi dening Oki Bagus S lan Ernis Rositarini

Rabu, 08 Januari 2014

TEMBUNG CAMBORAN

TEMBUNG CAMBORAN
Kedhung bendo, tembung kedhung kang sebenere ateges blumbang kang amba. Tembung bendha ateges arane uwit.
Nanging menawa digreba Kedhung bendo, ateges arane kampung, kang kaya mangkono diarani tembung camboran.
Kayune tatanen sing rampak, lan aja nganti bongkot pucuk ya.
Katrangan       : tembung mau dumadi saka tembung loro:
Siji       : tembung bongkot, tegese perangan kayu sing luwih gedhe/ tuwa
Loro    : tembung pucuk, tegese perangan kayu kang luwih cilik enom
(dadi tembung loro mau duwe teges kang beda)
            Yen mangkono bisa dijupuk dudutan, kang sinebut tembung camboran yaiku tembung loro utawa luwih kang beda tegese banjur dianggo bebarengan.
a.       Manut wujude tembung camboran iku ana werna loro:
1.      Camboran tugel, awujud tembung-tembung kang ditugeli.
Tuladha           :
-          Dhegus = gedhe tur ya bagus
-          Lunglit = balung lan kulit
-          Bangjo = rupa abang lan ijo
2.      Camboran wutuh, awujud tembung-tembung kang isih wutuh
Tuladha:
-          wedang kopi
-          Macan kerah
-          Esteh
b.      Manut tegese uga diperang dadi loro
·         Camboran tunggal, sawuse digandheng tembung-tembung mau tegese dadi owah saka sadurunge digandheng. (nuwuhake teges kang anyar)
Tuladha:
-          Balung kethek = arane pangan (luncis goreng)
-          Macan kerah = arane panganan (tahukupatian soto)
·         Camboran wudhar, tegese isih magayutan karo tembung asale
Tuladha:
-          Kandhang jaran = kandhang kang mligi kanggo jaran
-          Montor mabur = montor kang bisa mabur

Tidak ada komentar:

Posting Komentar