Kaya ngene kahanane BBM yen mundhak !!
BBM
?? ya iki sing lagi kerep krungu ing akhir-akhir wulan iki ing Indonesia.
Gencar-gencare pemerintah ngunggahne regane BBM, gara-gara kuwi mau akeh gawe
kisruhe masyarakat. Ya ora mung kena pro tok, ananging ya kakeh banget
nyebabake kontra. Kedadeyan iki nyebabake masyarakat langsung medhun ing dalan
nolak kebijakane pemerintah. Ora mung masyarakat biyasa, nanging ya akeh
kalangan mahasiswa sing melu nentanng kebijakan pemerintah iki mau. Mahasiswa
langsung padha demo karo rombongane ing pinggir dalanan kota-kota. Ngethokake
unek-uneke banjur ngebongi ban.
Kedadeyan
iki akeh nyebabake kontra kanggo masyarakat cilik mau ing Indonesia. Terus
terang yen wong gedhe ora masalah bagine dheweke yen ngethokake dhuwit akeh
gawe tuku BBM sing regane ora Rp. 5000 maneh. Nanging sing ngrasake langsung
dampake kuwi mau ya wong cilik, masyarakat sing golongan mengisor. Ora ana
artine maneh yen rakyat cilik mau tetep nganakake demo utawa bentrok. tetep wae
sampe saiki BBM wis sida mundhak regane.
Dampak
sing krasa tenan ing sandang pangan. Regane sembako saiki wis mundhak dhuwur.
Rega daging ya wis mundhak. banjur biaya numpak kendaraan umum ya mundhak. Iya
ngeneki sing nggarai pemerintah ngundhakne rega sing bisa agawe liyane ya
melu-melu mundhak. Angkutan umum wae wis mundhak 25% yen tak sawang-sawang. Ya
emang yen BBM mundhak psikologis rakyat bakal kaget banget. Kebutuhan bakal
mundhak sing wis kaya kahanan ing dhuwur kuwi mau. Bakal kebutuhan sekundere
barang. Nanging yen BBM mundhak, panghasilane rakyat ya ora ana mndhake. Apa
maneh bariki bakal poso lan riyaya.
BBM
saiki lagi dadi gunemane masyarakat Indonesia. Ora di unggahne regane APBN
jebol lan subsidi sansaya mbebani dhuwite negara. Mundhak , rakyat cilik
cilaka. Memang dudu kebijakan sing terlalu apik kanggo ngunggahne regane BBM
subsidi. Nanging kepastian lan ketegasane pemerintah kudu dipertanyakno. Tanpa,
rong hal iki BBM sansaya nggawe rakyat miskin
Pemerintah
saiki lagi gawe cara supaya rakyate ora ana sing rugi amarga mundhake rega BBM.
Saiki lagi nganakake bantuan gawe masyarakat sing ora dhuwe. Pemerintah ngerancang 4 cara paket kompensasi.
Kayata BLSM sing arep dibagi ing 63-65 juta rakyat ing Indonesia. Bantuan langsung
iki diwenehake rakyat ing awalan wulan 4-5 wulan sakwise regane BBM mundhak.
Pemerintah wis narget yen kanggo cara iki bisa ngenthasake angka wong-wong sing
dianggep rakyat cilik. Dhuwit arep diwenehake gedhene Rp. 150.000 per wulane
sing dibagi ana 15,5 juta rumah tangga (RTS). Muga-muga usaha sing dianakake
pemerintah lancar lan dianakake kanthi becik tanpa ana korupsi ing kalangan
jero. Sahingga bisa menehi manfaat sing becik amaga munggahe rega BBM kanggo
masyarakat Indonesia. Saiki masyarakat lagi nyesuakake awake ing kondisi sing
angel ngeneki. Proses nyesuakake diri kuwi mau kemampuane sing di dhuweni
rakyate Indonesia. Kudune pemerintah ya kudu bangga karo masyarakat. Kanthi
saiki apa wae sing wis kedadeyan bakal diterima dening masyarakate.
Sakjane kuwi ana wae dampak sing apik yen BBM mundhak. Kirane yen didelok
seka sisi positife munggahe rega BBM ya apik wae. Gawe masyarakat mikir kaping
pindho yen BBM munggah supaya ora tuka-tuku montor utawa kendaraan dhewe.
Nanging bisa manfaatne angkutan umum wae. Lan saliyane kuwi di delok seko sisi
liyane, kesehatan utamane, yen mlaku kuwi luwih apik. Bisa gawe olahraga,
nurunke bobote awak, olahraga jantung lan paru-paru lsp. Banjur, yen masyarakat
sing gawe kendaraan ngurang, lingkungan bisa sithik-sithik kurang saka polusi,
ukara liyane sing gawe kendaraan sithik dadi tambah seger hawane wis ora
tercemar polusi udara maneh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar