DOMPET ILANG
“Dompetku ilanggg...” Anis mbengok-bengok sanalika
bubar bukak tas sekolahe yen dompete ora ana. Wis digoleki turut ngendi-ngendi,
kabeh panggonan sing ana ing omahe. Asile tetep wae suwung, ora ana uga
dompete. Anis bingung nganti ora ketulungan. Bocahe geger wae nganti saomah uga
melu bingung dhewe.
Krriinggg... kriinggg... Anis telpon Asih.
“Hallo”, saurane Asih.
“Dompetku ilangg..”
“Apa sig ilang Nis?”
“Dompetku...” Anis nyauri karo mbengok-bengok.
“Kalem Nis aja mbengok-bengok kaya mangkana ta? Kok
bisa ilang? Ilang ning ngendi?”
“Aku iya ora mudeng Sih, mula aku takon kowe, menawa
yen ngerti kok.”
“Aku ora mudeng tenan Nis, bisa-bisane kowe nuduh
aku kaya mangkana ki kepiye? Coba digoleki ning sekolahan Nis, kowe mau ana
ning ngendi wae?”
“Walahh.. aku iki ora nuduh kowe ya Sih, aku namung
takon menawa yen kowe ki ngerti dompetku, namung kaya mangkana kok ya..”
“Owalahh.. ya wis ayo tak ewangi goleki yen
mangkana.” Saurane Asih sing arep ngewangi goleki dompete Anis.
“Iya Sih.” Langsung wae Anis nutup telpone, langsung
dheweke menyang sekolahan, nanging namung dhewean, ora karo si Asih, merga Asih
kuwi namung kakehan ngomong ora bakalan ngewangi goleki namung ngrusuhi wae.
Ana ning sekolahan, kapisan Anis menyang kelas,
kantin, lapangan lan pungkasane Anis menyang parkiran. Nanging asile tetp wae
ora ana, wis kahanan sekolahan wayah sore kuwi sepi ora ana uwong. Banjur Anis
mulih menyang omahe, dheweke katon lesu, lemes, ora gelem mangan merga dompete
ora ketemu-ketemu.
Anis duweni pamikiran yen menawa dompete ketemu,
kaya mangkene pamikirane Anis “yen dompetku ketemu yen sing nemu wong
lanang arep aku dadekake pacar, yen wedhok arep aku dadekake sedulur lan tak
turuti apa wae panjalukane”. Anis lagi janji karo awake dhewe.
Anis dadi muring-muringan dhewe merga dompete sing
ilang kuwi ora ketemu-ketemu. Sejatine ora merga dhuwite sing ana njero dompete
sing diarepake, nanging kertu-kertu sekolah lan foto artis
sing jenenge Dimas Anggara, merga Anis seneng banget karo artis sing
jenenge Dimas Anggara kuwi mau. Mula dheweke bingung wae. Sanajan Dimas Anggara
kuwi mirip karo bocah lanang sing ana ning sekolahane sing disenengi menyang
Anis, sanajan ora bisa duweni uwonge, foto artis sing mirip ya ora apa-apa
jarene Anis. Rasane Anis gelo banget kelangan foto kuwi.
“Baleeekknaaa dompetkuu... sapa wae sing nemukake
ndang baleknee..” bengokane Anis ora jelas saiking wis mumet bocahe.
Wengi-wengi wis wayah uwong arep mapan turu, Anis
duweni pamikiran yen arep telpon Asih.
“Sssiiihhh...?” Anis telpon Asih meneh.
“Apa ta Nis? Takon dompet meneh? Aku iki ora mudeng
tenanan ya, apa kowe iya arep nuduh aku meneh yen aku sing jupuk dompetmu
ngono?”
“Ya Allah, aku ora nuduh kowe Sih, aku namung njaluk
tulung kowe, ewangono aku goleki dompetku ya?” Anis njaluk tulung Asih.
“Wingi arep diewangi malah telpone ditutup, piye ta
Nis awakmu ki? Sajake kok mumet ngono?”
“Iya pancen tenan kok Sih, iki aku wis mumet tenan
iki.”
“Jane ki ning njero dompetmu ana pira ta Nis?”
“Ora akeh jane Sih, namung seket ewu jane, wong pas
aku ora duwe dhuwit kok.”
“Walah Nis.. namung semana angur diikhlasne wae ta?”
“Ora bisa Sih, dudu dhuwite sing tak karepake,
nanging ya pokoke ya enek wae Sih.”
“Ya wis sesuk takewangi goleki Nis.” Sidane Asih
gelem nulungi Anis goleki dompete.
Esuk-esuk mruput kae Anis karo Asih wis tekan
sekolahan. Bocah loro kuwi mangkat esuk-esuk namung arep goleki dompete Anis
dhisek. Nanging tetep wae ora ketemu. Rumangsa kabeh kanca-kancane sekolah ya
wis ditakoni menawa yen ngerti dompete, nanging kanca-kancane ya padha ora
ngerti. Anis karo Asih wis kaya ora sanggup maneh arep goleki, wis padha kesel
olehe goleki. Digoleki rana-rana ya asile padha wae, tetep ora ana.
“Sih iki piye tetep wae ora ketemu iki
piye?” Anis nggresula menyang Asih.
“Lha piye Nis? Wis digoleki rana-rana ya ora ana.”
Saurane Asih.
“Lha iya ta Sih, nganti aku iki ya duweni janji karo
awaku dhewe yen sing nemu wong lanang arep tak dadekake pacar yen wedhok arep
tak dadekake sedulur karo takturuti kepenginane, panjalukane apa wae, mangkana
Sih. Piye menurutmu?” Anis takon menyang Asih.
“Iya ora apa-apa Nis, yen kuwi wis dadi kekarepanmu,
aku dadi kanca ya namung bisa nulungi iki.”
“Iya Sih, suwun ya kowe wis gelem ngewangi aku? Piye
yen menyang kantin wae? Takjajakne gelem?” Anis nawani Asih.
“Hehe.. yen aku ditawani kaya mangkana iya
gelem-gelem wae Nis, ayo yen mangkana.” Wong loro kuwi mau menyang kantin
bareng-bareng.
Ana ning kantin sekolahan Anis karo Asih, Wahyu
ngampiri Anis karo Asih. Wahyu njaluk nomer hpne Anis. Wektu kuwi Anis bungah
banget atine, merga Wahyu kuwi bocah lanang sing ana ning sekolahan sing
disenengi menyang Anis, Wahyu kuwi sing diarani Anis mirip karo artis sing
jenenge Dimas Anggara kuwi mau.
Ora suwe-suwe maneh nomere Anis langsung diwenehake
menyang Wahyu. Nganti-nganti Anis lali yen lagi kelangan dompete. Sanajan Wahyu
kuwi kaya obat sing bisa nglalekake yen dompete ilang. Sabubare kuwi Anis
namung guya-guyu wae kaya wong ngedan. Ya jenenge wae uwong lagi nandhang
tresna.
“Nis ya gene kowe kuwi guya-guyu dhewe wae?” Asih
takon-takon merga lagi pengin weruh.
“Apa lagi ora weruh ta Sih yen kancamu iki lagi
seneng?” Anis isih karo guya-guyu, mesam-mesem.
“Owalahh.. gara-gara nemormu dijaluk menyang Wahyu
ta?” Asih neges-neges pengin ngerti.
“Ya kuwi weruh kowe Sih?”
“Saiki wis lali karo dompete sing wis ilang ya?”
Asih takon karo semu guyu.
“Wah iya ki Sih, dompetku lagi ilang ya?” Ngomong
karo rada mrengut.
Jam sepuluh bengi Hpne Anis muni.
Treengg.. trengg ..
Anis mbuka sms, sing smse munine kaya mangkene,
“sugeng dalu Anisa? Iki aku Wahyu sing njaluk
nomermu ning kantin mau. Lagi ngapa Anisa? Ow.. iya langsung wae ya? Sesuk sore
jam papat ketemu aku ning taman sekolah bisa apa ora Nis? Matur nuwun”.
Anis maca sms kuwi atine bungah banget, macane wae
karo mesam-mesem, smse Wahyu menyang Anis dibales kaya mangkene,
“Sugeng dalu ugi Wahyu, iki nembe sinau. Ow.. iya
bisa banget kok Wahyu”.
Sadurunge jam papat sore, Anis wis bingung wae.
Dheweke bingung arep nanggo klambi kaya apa. Dheweke kepengin banget yen Wahyu
kuwi seneng karo awake.
Wis jam setengah papat sore Anis mangkat menyang
taman sekolah, dheweke nanggo klambi werna abang. Yen disawang katon patut lan
ayu kae. Teka ning taman sekolah Anis ngerti Wahyu lungguh ning kursi taman
sekolah sing lagi nungguni Anis. Anis kaya-kaya wis ora sabar ngampiri Wahyu,
banjur Anis ngampiri Wahyu.
“Wahyu?” Undange Anis karo mesem-mesem.
“Eh.. Anis.” Wahyu mbales meseme Anis.
“Wis suwe tekamu mrene?”
“Durung suwe kok Nis.” Saurane Wahyu menyang Anis.
Wis sejam olehe Wahyu karo Anis jagongan. Wahyu
meruhake dompet werna pink ana gambare kembang-kembang menyang Anis. Dompet
kuwi gone Anis.
“Aku krungu-krungu kowe lagi bingung golrki
dompetmu, apa iki dompetmu Nis?” Wahyu takon menyang Anis karo nyodorake
dompete kuwi mau.
“Walah.. dompetku.. kok bisa ana ning kowe Wah?”
Anis semu kaget.
“Iya pancen Nis, aku nemu pas mulih sekolah ana ning
parkiran. Mula takjupuk, njerone ana kertu perpustakaan sing ana jenengmu. Mula
iki takbalekne menyang kowe.” Wangsulane Wahyu.
“Iya Wahyu, aku matur nuwun banget ya?” Atine Anis
bungah banget.
“Iya Anis padha-padha, hadiah kanggo aku apa iki?
Sing nemukake dompete?” Takone Wahyu karo guya-guyu.
“Hehehe.. lha panjalukanmu apa ta Wah?” Saurane Anis
karo isin-isin.
“Hemmm.. ya kapan-kapanwae Nis, ora siki aku
njaluke.” Wangsulane Wahyu karo mesem.
Mulih saka taman Anis namung guya-guyu, mesam-mesem
wae. Sanajan dompete ketemu uga bisa ketemu Wahyu. Wis ora ana sing bisa
nyaingi rasa bungahe Anis sing lagi dirasakake iki.
Sabubare ketemu ana ing taman sekolah mau, Wahyu
karo Anis dadi kerep smsan, telponan lan dadi saya cedak. Yen ana sekolahan ya
kerep amore, wis kaya-kaya wong pacaran. Nganti akeh sing ngarani yen Wahyu
karo Anis kuwi pacaran. Nanging wong loro kuwi durung pacaran, namung lagi
cedak wae.
Jam wolu wengi kae Wahyu sms Anis, mangkana unine,
“Anis, lagi ngapa sliramu? Sesuk ketemu maneh ya
ning taman sekolah jam telu sore ya? Sliramu gelem apa ora? Aku arep nagih
hadiah aka kowe iki, hehehe.. “
Banjur smse Wahyu dibales menyang Anis kaya
mangkana,
“Lagi ora ngapa-ngapa iki, iya aku bisa kok,
hehehe...”
Jam telu sore Wahyu karo Anis ketemu wong loro ana
ing taman sekolah maneh. Wong loro lagi gojek-gojekan ora genah. Wis sabubare
gojek-gojekan Wahyu banjur ngomong kaya mangkene,
“Anis piye hadiahe kanggo aku?” Wahyu takon tenanan
menyang Anis.
Banjur Anis sumaur, “lha kowe pengin apa Wah? Ndang
apa takwenehi”.
Wahyu mangsuli, “aku kepengin kowe dadi pacarku,
piye Nis?”
“Ora usah guyonan kaya mangkana ta, hehehe..”
saurane Anis karo batine rada seneng.
Wahyu banjur mangsuli, “aku iki tenanan Nis, ora
guyoanan. Aku wis suwe seneng karo kowe, namung aku ora wani ngomong menyang
kowe, piye Nis? Kowe gelem ora dadi pacarku?”
“Piye ya Wahyu? Jane aku ya wis suwe banget seneng
karo kowe, mula foto Dimas Anggara sing mirip karo kowe taksimpen ana ning
dompetku, dompetku ilang, aku nganti bingung, nganti aku gawe janji sapa sing
bisa nemu dompetku, yen lanang dadi pacarku yen wedhok dadi sedulurku lan
panjalukane arep takturuti. Iki uga aku karo nyaur janjiku iki mau, aku gelem
Wahyu dadi pacarmu.” Saurane Anis karo mesem.
Saiki Wahyu karo Anis wis pacaran tenan. Rasane
atine Anis ora karuan, wis campur-campur rasane. Wis ana hikmahe dompete ilang.
Dompete ilang, tresnane banjur teka.