Ksatria Jurit

Wilujeng Rawuh wonten Blog Jiwa Jawi dening Oki Bagus S lan Ernis Rositarini

Rabu, 08 Januari 2014

CERKAK

DOMPET ILANG
“Dompetku ilanggg...” Anis mbengok-bengok sanalika bubar bukak tas sekolahe yen dompete ora ana. Wis digoleki turut ngendi-ngendi, kabeh panggonan sing ana ing omahe. Asile tetep wae suwung, ora ana uga dompete. Anis bingung nganti ora ketulungan. Bocahe geger wae nganti saomah uga melu bingung dhewe.
Krriinggg... kriinggg... Anis telpon Asih.
“Hallo”, saurane Asih.
“Dompetku ilangg..”
“Apa sig ilang Nis?”
“Dompetku...” Anis nyauri karo mbengok-bengok.
“Kalem Nis aja mbengok-bengok kaya mangkana ta? Kok bisa ilang? Ilang ning ngendi?”
“Aku iya ora mudeng Sih, mula aku takon kowe, menawa yen ngerti kok.”
“Aku ora mudeng tenan Nis, bisa-bisane kowe nuduh aku kaya mangkana ki kepiye? Coba digoleki ning sekolahan Nis, kowe mau ana ning ngendi wae?”
“Walahh.. aku iki ora nuduh kowe ya Sih, aku namung takon menawa yen kowe ki ngerti dompetku, namung kaya mangkana kok ya..”
“Owalahh.. ya wis ayo tak ewangi goleki yen mangkana.” Saurane Asih sing arep ngewangi goleki dompete Anis.
“Iya Sih.” Langsung wae Anis nutup telpone, langsung dheweke menyang sekolahan, nanging namung dhewean, ora karo si Asih, merga Asih kuwi namung kakehan ngomong ora bakalan ngewangi goleki namung ngrusuhi wae.
Ana ning sekolahan, kapisan Anis menyang kelas, kantin, lapangan lan pungkasane Anis menyang parkiran. Nanging asile tetp wae ora ana, wis kahanan sekolahan wayah sore kuwi sepi ora ana uwong. Banjur Anis mulih menyang omahe, dheweke katon lesu, lemes, ora gelem mangan merga dompete ora ketemu-ketemu.
Anis duweni pamikiran yen menawa dompete ketemu, kaya mangkene pamikirane Anis “yen dompetku ketemu yen sing nemu wong lanang arep aku dadekake pacar, yen wedhok arep aku dadekake sedulur lan tak turuti apa wae panjalukane”. Anis lagi janji karo awake dhewe.
Anis dadi muring-muringan dhewe merga dompete sing ilang kuwi ora ketemu-ketemu. Sejatine ora merga dhuwite sing ana njero dompete sing diarepake, nanging kertu-kertu sekolah lan foto artis sing  jenenge Dimas Anggara, merga Anis seneng banget karo artis sing jenenge Dimas Anggara kuwi mau. Mula dheweke bingung wae. Sanajan Dimas Anggara kuwi mirip karo bocah lanang sing ana ning sekolahane sing disenengi menyang Anis, sanajan ora bisa duweni uwonge, foto artis sing mirip ya ora apa-apa jarene Anis. Rasane Anis gelo banget kelangan foto kuwi.
“Baleeekknaaa dompetkuu... sapa wae sing nemukake ndang baleknee..” bengokane Anis ora jelas saiking wis mumet bocahe.
Wengi-wengi wis wayah uwong arep mapan turu, Anis duweni pamikiran yen arep telpon Asih.
“Sssiiihhh...?” Anis telpon Asih meneh.
“Apa ta Nis? Takon dompet meneh? Aku iki ora mudeng tenanan ya, apa kowe iya arep nuduh aku meneh yen aku sing jupuk dompetmu ngono?”
“Ya Allah, aku ora nuduh kowe Sih, aku namung njaluk tulung kowe, ewangono aku goleki dompetku ya?” Anis njaluk tulung Asih.
“Wingi arep diewangi malah telpone ditutup, piye ta Nis awakmu ki? Sajake kok mumet ngono?”
“Iya pancen tenan kok Sih, iki aku wis mumet tenan iki.”
“Jane ki ning njero dompetmu ana pira ta Nis?”
“Ora akeh jane Sih, namung seket ewu jane, wong pas aku ora duwe dhuwit kok.”
“Walah Nis.. namung semana angur diikhlasne wae ta?”
“Ora bisa Sih, dudu dhuwite sing tak karepake, nanging ya pokoke ya enek wae Sih.”
“Ya wis sesuk takewangi goleki Nis.” Sidane Asih gelem nulungi Anis goleki dompete.
Esuk-esuk mruput kae Anis karo Asih wis tekan sekolahan. Bocah loro kuwi mangkat esuk-esuk namung arep goleki dompete Anis dhisek. Nanging tetep wae ora ketemu. Rumangsa kabeh kanca-kancane sekolah ya wis ditakoni menawa yen ngerti dompete, nanging kanca-kancane ya padha ora ngerti. Anis karo Asih wis kaya ora sanggup maneh arep goleki, wis padha kesel olehe goleki. Digoleki rana-rana ya asile padha wae, tetep ora ana.
“Sih iki piye tetep wae ora ketemu iki piye?”  Anis nggresula menyang Asih.
“Lha piye Nis? Wis digoleki rana-rana ya ora ana.” Saurane Asih.
“Lha iya ta Sih, nganti aku iki ya duweni janji karo awaku dhewe yen sing nemu wong lanang arep tak dadekake pacar yen wedhok arep tak dadekake sedulur karo takturuti kepenginane, panjalukane apa wae, mangkana Sih. Piye menurutmu?” Anis takon menyang Asih.
“Iya ora apa-apa Nis, yen kuwi wis dadi kekarepanmu, aku dadi kanca ya namung bisa nulungi iki.”
“Iya Sih, suwun ya kowe wis gelem ngewangi aku? Piye yen menyang kantin wae? Takjajakne gelem?” Anis nawani Asih.
“Hehe.. yen aku ditawani kaya mangkana iya gelem-gelem wae Nis, ayo yen mangkana.” Wong loro kuwi mau menyang kantin bareng-bareng.
Ana ning kantin sekolahan Anis karo Asih, Wahyu ngampiri Anis karo Asih. Wahyu njaluk nomer hpne Anis. Wektu kuwi Anis bungah banget atine, merga Wahyu kuwi bocah lanang sing ana ning sekolahan sing disenengi menyang Anis, Wahyu kuwi sing diarani Anis mirip karo artis sing jenenge Dimas Anggara kuwi mau.
Ora suwe-suwe maneh nomere Anis langsung diwenehake menyang Wahyu. Nganti-nganti Anis lali yen lagi kelangan dompete. Sanajan Wahyu kuwi kaya obat sing bisa nglalekake yen dompete ilang. Sabubare kuwi Anis namung guya-guyu wae kaya wong ngedan. Ya jenenge wae uwong lagi nandhang tresna.
“Nis ya gene kowe kuwi guya-guyu dhewe wae?” Asih takon-takon merga lagi pengin weruh.
“Apa lagi ora weruh ta Sih yen kancamu iki lagi seneng?” Anis isih karo guya-guyu, mesam-mesem.
“Owalahh.. gara-gara nemormu dijaluk menyang Wahyu ta?” Asih neges-neges pengin ngerti.
“Ya kuwi weruh kowe Sih?”
“Saiki wis lali karo dompete sing wis ilang ya?” Asih takon karo semu guyu.
“Wah iya ki Sih, dompetku lagi ilang ya?” Ngomong karo rada mrengut.
Jam sepuluh bengi Hpne Anis muni.
Treengg.. trengg ..
Anis mbuka sms, sing smse munine kaya mangkene,
“sugeng dalu Anisa? Iki aku Wahyu sing njaluk nomermu ning kantin mau. Lagi ngapa Anisa? Ow.. iya langsung wae ya? Sesuk sore jam papat ketemu aku ning taman sekolah bisa apa ora Nis? Matur nuwun”.
Anis maca sms kuwi atine bungah banget, macane wae karo mesam-mesem, smse Wahyu menyang Anis dibales kaya mangkene,
“Sugeng dalu ugi Wahyu, iki nembe sinau. Ow.. iya bisa banget kok Wahyu”.
Sadurunge jam papat sore, Anis wis bingung wae. Dheweke bingung arep nanggo klambi kaya apa. Dheweke kepengin banget yen Wahyu kuwi seneng karo awake.
Wis jam setengah papat sore Anis mangkat menyang taman sekolah, dheweke nanggo klambi werna abang. Yen disawang katon patut lan ayu kae. Teka ning taman sekolah Anis ngerti Wahyu lungguh ning kursi taman sekolah sing lagi nungguni Anis. Anis kaya-kaya wis ora sabar ngampiri Wahyu, banjur Anis ngampiri Wahyu.
“Wahyu?” Undange Anis karo mesem-mesem.
“Eh.. Anis.” Wahyu mbales meseme Anis.
“Wis suwe tekamu mrene?”
“Durung suwe kok Nis.” Saurane Wahyu menyang Anis.
Wis sejam olehe Wahyu karo Anis jagongan. Wahyu meruhake dompet werna pink ana gambare kembang-kembang menyang Anis. Dompet kuwi gone Anis.
“Aku krungu-krungu kowe lagi bingung golrki dompetmu, apa iki dompetmu Nis?” Wahyu takon menyang Anis karo nyodorake dompete kuwi mau.
“Walah.. dompetku.. kok bisa ana ning kowe Wah?” Anis semu kaget.
“Iya pancen Nis, aku nemu pas mulih sekolah ana ning parkiran. Mula takjupuk, njerone ana kertu perpustakaan sing ana jenengmu. Mula iki takbalekne menyang kowe.” Wangsulane Wahyu.
“Iya Wahyu, aku matur nuwun banget ya?” Atine Anis bungah banget.
“Iya Anis padha-padha, hadiah kanggo aku apa iki? Sing nemukake dompete?” Takone Wahyu karo guya-guyu.
“Hehehe.. lha panjalukanmu apa ta Wah?” Saurane Anis karo isin-isin.
“Hemmm.. ya kapan-kapanwae Nis, ora siki aku njaluke.” Wangsulane Wahyu karo mesem.
Mulih saka taman Anis namung guya-guyu, mesam-mesem wae. Sanajan dompete ketemu uga bisa ketemu Wahyu. Wis ora ana sing bisa nyaingi rasa bungahe Anis sing lagi dirasakake iki.
Sabubare ketemu ana ing taman sekolah mau, Wahyu karo Anis dadi kerep smsan, telponan lan dadi saya cedak. Yen ana sekolahan ya kerep amore, wis kaya-kaya wong pacaran. Nganti akeh sing ngarani yen Wahyu karo Anis kuwi pacaran. Nanging wong loro kuwi durung pacaran, namung lagi cedak wae.
Jam wolu wengi kae Wahyu sms Anis, mangkana unine,
“Anis, lagi ngapa sliramu? Sesuk ketemu maneh ya ning taman sekolah jam telu sore ya? Sliramu gelem apa ora? Aku arep nagih hadiah aka kowe iki, hehehe.. “
Banjur smse Wahyu dibales menyang Anis kaya mangkana,
“Lagi ora ngapa-ngapa iki, iya aku bisa kok, hehehe...”
Jam telu sore Wahyu karo Anis ketemu wong loro ana ing taman sekolah maneh. Wong loro lagi gojek-gojekan ora genah. Wis sabubare gojek-gojekan Wahyu banjur ngomong kaya mangkene,
“Anis piye hadiahe kanggo aku?” Wahyu takon tenanan menyang Anis.
Banjur Anis sumaur, “lha kowe pengin apa Wah? Ndang apa takwenehi”.
Wahyu mangsuli, “aku kepengin kowe dadi pacarku, piye Nis?”
“Ora usah guyonan kaya mangkana ta, hehehe..” saurane Anis karo batine rada seneng.
Wahyu banjur mangsuli, “aku iki tenanan Nis, ora guyoanan. Aku wis suwe seneng karo kowe, namung aku ora wani ngomong menyang kowe, piye Nis? Kowe gelem ora dadi pacarku?”
“Piye ya Wahyu? Jane aku ya wis suwe banget seneng karo kowe, mula foto Dimas Anggara sing mirip karo kowe taksimpen ana ning dompetku, dompetku ilang, aku nganti bingung, nganti aku gawe janji sapa sing bisa nemu dompetku, yen lanang dadi pacarku yen wedhok dadi sedulurku lan panjalukane arep takturuti. Iki uga aku karo nyaur janjiku iki mau, aku gelem Wahyu dadi pacarmu.” Saurane Anis karo mesem.
Saiki Wahyu karo Anis wis pacaran tenan. Rasane atine Anis ora karuan, wis campur-campur rasane. Wis ana hikmahe dompete ilang. Dompete ilang, tresnane banjur teka.

1 komentar: